Anda di halaman 1dari 17

‫السألم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫ من‬, ‫سيئات أعمالنا‬ّ ‫ ونعوذ باهلل من سرور أنفسنا ومن‬, ‫ألحمد هلل نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه‬. ‫ألح ّمد هلل‬
‫ وأشهد أن مح ّمدا عبده‬, ‫أشهد ان ال اله اال هللا وحده ال شريك له‬. ‫يهد هللا فال مض ّل له ومن يضل له فال هادي له‬
........‫ وقال هللا تعالى في القران العظيم‬. ‫ورسوله‬
Ø Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci
wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur
ing budi.
Ø Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Ø Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka
pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Ø Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah …………………….. ugi para
tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken


puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih
kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah
panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis,
saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti
kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.
Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan
kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto
mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun
ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden
mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten
ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan
sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami
lenggah, Amin………
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning
penggalih,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan
puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah
anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan
Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang
dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.

1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko


2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih
3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping
adicoro.
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit
lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab
mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih
rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala
LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-
FATIHAH
Wahyaning mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo
kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2
suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an
kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh
ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu
hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos
dening sederek….……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi
nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x

Advertisement

‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!

Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga
pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak
ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga
pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco

Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking


mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak
ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten
kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking
manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga
mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani
dening bapak ……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana
kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun
aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken.
Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy
pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang
dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu.
Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk
kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga…!!!
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten
ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan
ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu
punika kita lajengaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,(


bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko
pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan
ipun bapak………. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan
ipun Romo kyai …………ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho
paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus
ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng
panjenengan ipun Romo kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo
aturaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.

minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe
kapandegani dening bapak …….. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan,
kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten
kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu
nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan
saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten
solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging
pangaksami
...... ‫ والسالم عليكم‬,‫وباهلل التوفق والهداية‬
Lan dumateng bapak ……………wekdal saha sasana kawula aturaken.
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas* … (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib


luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa … (ingkang
hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa
panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung)
ingkang pidalem ing … (dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).

Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin
kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci,
inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring
putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.

Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa … (nama tiyang
sepuhipun panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa … (nama ingkang hamengku
karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.

Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar
cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas … (nama panganten kakung), putra
kakungipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung), saprelu netepi pasarujukaning
pirembagan ing wekdal kawuri, bilih ing dinten winaton, inggih ing dinten punika, pinanganten
kakung, Anakmas … (nama panganten kakung) badhe kapanggihaken miturut adat-widhi-widana
ingkang sampun lumampah ing ngriki kaliyan Nimas Rara … (nama panganten putri), putra
putrinipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan. Ingkang punika, putra
panganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling
katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop* tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi
katampia kanthi suka renaning panggalih, sarta sageda nambahi raketing pasadherekan
anggenipun sami mangun bebesanan.

Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung,


tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi
sedya-tama punika. Amiin.

Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun.
Awit saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging
pangaksama.

Wabillaahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Assalamu’alaikum Wr.Wb

Alhamdulillahi rabbil’alamin, wa bihi nasta’iinu ‘alaa umuuriddunya waddiin, wash shalatu


was salamu ‘alaa asyrafil anbiyai wal mursalin, wa ‘ala aalihi wa ash-habihi ajma’in, amma
ba’du:

Puja dan puji marilah kita panjatkan kehadirat Ilahhi Robbi karena berkat rahmat dan karunia-
Nya kita semua bisa berkumpul dalam acara walimatul ursy antara dua insan yang berbahagia.

Sholawat serta salam semoga senantiasa meluah rimpah kepada teladan kita yakni Habibana
Wanabiyyana Wamaulana Muhammad SAW, beserta pada sahabatnya serta seluruh umatnya
hingga akhir zaman.

Sebuah kebahagiaan dan rasa syukur yang tak terkira karena pada hari ini putri kami tercinta
telah didatangi oleh seorang pria yang siap untuk menjadi pendamping hidupnya.

Sesuai dengan maksud dan kedatangan yang sudah disampaikan oleh perwakilan keluarga pria,
saya menyadari ada perasaan bahagia bercampur sedih ketika memasuki momen berharga ini.

Adinda Maulina Getari adalah anak kesayangan yang masih perlu saya didik. Jika nanti Ananda
(nama mempelai pria) menikah dengan putri kami, siapkah Ananda (nama mempelai pria)
mendidik dan menjaga putri kami?

Bapak, ibu dan seluruh tamu undangan yang berbahagia.

Kami menyadari, akan tiba masanya saat putri kami dipinang oleh seorang pria pilihan. Dan ini
adalah momen yang sudah lama kami tunggu. Insya Allah, dengan segala ketulusan, kami ikhlas
dan siap menikahkan putri kami dengan Ananda.

Mudah-mudahan pernikahan ini bisa menjadi ibadah yang telah Rasul contohkan dan menjadi
jalan sehingga dua keluarga besar bersatu dalam ridho Allah SWT. Aamiin Ya Rabbal Alamin.

Bapak, ibu dan seluruh tamu undangan yang berbahagia.

Demikianlah beberapa hal yang dapat kami sampaikan. Mohon maaf jika ada hal yang kurang
berkenan dalam setiap kata yang terucap.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Pidato Bahasa Jawa Singkat : ATUR PASRAHAN PANGANTEN

Bagi yang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa namun singkat, padat dan jelas, pidato
dengan judul ATUR PASRAHAN PANGANTEN bisa dijadikan rujukan…

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun


Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam
taklimipun mugi kunjuk dhumateng bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi
pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung
ingkang peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun
rara……………….putra putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa
panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula
sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok
bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!

Itulah pidato singkat dengan judul ATUR PASRAHAN PANGANTEN yang menggunakan
bahasa jawa krama yang dipakai untuk acara pernikahan.
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu'minin liyazdaadu iimanan


ma'aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna
muhammadan 'abduhu warosulu la nabiyya ba'dah.

Allohumma sholli 'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum
biihsanin ilaa yaumiddin.

qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah


hirrohmaanirrohiim :

amma ba'du :

almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,


ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..........sekeluarga

alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi
ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan
dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget
angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak ...... kanthi kawontenan sehat wal afiat
mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo
estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah,
Amin 2X

sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng
nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad...
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam,
arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep
netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo
dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW.
Amin 2X yaa robbal 'alamin ...

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .... kagungan
hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :
1. Almarhum Bapak.....
2. Almarhum Bapak.....
3. Almarhumah Ibu.....
4. ................... lan
5. ...................

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan
tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ..... lan mangke dipun tutup do'a
kalian panjenenganipun Bapak .....

Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur'an shurotul
fatihah...
Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu 'alaihi
wasallam wa'ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma'in, ALFAATIHAH...

Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak .... kawulo
aturan..

PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL


PEMBACAAN DOA
ISTIRAHAT

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin,
tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-
Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak ...... estu-estu dipun terami kalian
Allah SWT. Amin ...

Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..... ngaturaken agunging panuwun atas
kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun
paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan
jedoyo.

Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang
langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.

Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Allahumma sholli alaa Muhammad....


Sebagai warga masyarakat khususnya orang jawa seperti saya ini terkadang harus memberi
sambutan tuan rumah yang berbahasa jawa dalam suatu acara misalnya yasinan ibu - ibu tiap
seminggu sekali atau sebulan sekali dan Pertemuan bulanan Ibu - ibu PKK .
Untuk itu dari pengalaman saya ini saya akan menuliskan sambutan shohibul bait ( tuan rumah
) yang berbahasa jawa sebagai berikut :

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh


Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin,
Wassholatu Wassalamu ala anbiya’i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main.
La haula wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma ba’du

Sepindah,
monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito
sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan
nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo dinten puniko kito sami saget nderek hormat
Maulidurrosul, kaleresan dinten puniko wonten dalemipun Kawulo/ Sederek…… kanti mboten
wonten alangan setunggal punopo.Amin. Biqoulina AlhamdulillahiRobbil Alamin.

Kaping kalehipun,
sholawat salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad
SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman
jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing
Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafa’atul Udma’,amin Allahuma amin,
biqoulina Allahuma Sholi ala Syaiyidina Muhammad Wa ala ali syayidina Muhammad.

Kepareng matur, ing mriki kulo selaku shohibul Bait (Wakil


Shohibul Bait), ngaturaken :

Sepindah,

Maturnuwun sanget dumateng sederek sedoyo, ingkang kerso rawuh wonten dalem kulo, kanti
nderek hormat maulidurrosul. Mugi-mugi kanti waosan Al Qur’an, Al Berjanji, Sholawat Nabi,
ugi Waosan Tahlil kolo wau saget mbarokahi dumateng keluargo kulo(shohibul bait). Lumeber
dumateng panjenengan sedoyo. Amin Allahuma….amin

Kaping Kalihipun.
Ing mriki kulo ngaturaken pengapunten ingkang katah, mbok bileh anggen kulo(shohibul Bait)
maringi papan pinarakan soho pasogatan wonten kekiranganipun, wonten kekhilafanipun kulo
ngaturaken pangapunten ingkang katah.

Akheripun,

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Mudah mudahan contoh SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT diatas dapat membantu rekan - rekan
semua yang membutuhkannya .
Kalau ada kekurangannya saya mohon bantuan serta sarannya .
Terima kasih
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi hadana lihadza wamakunna linahtadiya laula an hadanallah


Wash shola tuwassalamu'ala rosulihi muhammadin wa'ala alihi washoh bihi ajmain
Ammba'du

Ingkang kito hormati Bapak kepala sekolah (.........)


Ingkang kawulo hormati segenap Bapapk Ibu guru soho staf tata perjuangan sekolah (.........)
Bapak lan Ibu wali murid kelas (........) ingkang kinurmatan
Lan mboten ketinggalan putra-putri kelas (.....) ingkang kawulo tresnani

Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos sukur dumateng Tuhan SWT keranten
ing dikala dinten puniko kito taseh dipun paringi nikmat kesehatan sehinggo saget makempal
wonten program perpisahan sekolah (........) ingkang mboten wonten alangan punopo.

Sholawat soho salam mugi kaunjuk dumateng nabi kito Muhammad SAW lan mugi kito angsal
pitulung syafaat benjang wonten dinten kiyamat Amin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Keparengo kawulo matur ing mriki minagkani talang atur wakil saking wali murid. Kawulo ten
mriki bade nyampeaken sekedik sambutan dalam rangka program perpisahan sekolah ing
sekolah (..........) meniko.

Sakderengipun kawulo aturaken maturnuwun dumateng saudara pranata cara ingkang sampun
amaringi wekdal kangge kawulo.

Salajengipun, kawulo aturaken maturnuwun sangt dumateng Bapak lan Ibu guru ingkang sampun
purun didik putra lan putri kawulo wonten ing sekolah mriki. sehinggo ing dikala puniko putra
lan putri kawulo sampun dinyataaken lulusa saking sekolah meniko kanti bimbingan, instruksi
do'a lan didikan saking Bapak lan Ibu guru. Mugi jerih payah panjenengan sedoyo dipun ridhoi
dumateng Tuhan SWT lan ilmu ingkang sampun ditularekan dumateng putra putri saget
bermanfaat dumateng pribadi, gamai, bangso lan negoro lan saget manfaat wonten dunyo lan
akhirat.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati

Ingkang nomer tigo, kawulo ngaturaken pangapunten snagte dumateng pihak sekolah, bili
menawi putra lan putri kawulo wonten ing mriki ndadosaken repote Bapak lan Ibu guru
anggoning ndidik, ngandani, lan ngarahaken ing saben dintenipun.

Terakhir kawulo nyuwun pandonganipun dumateng Bapak lan Ibu guru supados putra-putri
kawulo samangke sampun medal saking sekolah puniko supados dados tiyang ingkang bener,
gadahi sopan santun, tatakrama lan unggah-ungguh ingkang sae. Lan saget nglanjutaken
pendidikan ingkang sanginggile.
Pidato Penyerahan Pengantin Memakai Bahasa Jawa

Yanto Cungkup pidato 38

Pidato Penyerahan Pengantin Memakai Bahasa Jawa. bagi sebagian kalangan, membuat naskah
ceramah bahasa jawa itu ibarat membalikan telapak tangan. tapi bagi pemula seperti penulis ini
bisa pusing tujuh keliling apalagi yang memakai bahasa jawa. untunglah admin punya kawan
yang pandai berpidato dengan bahasa jawa, dan kini wongcungkup mau membagikan
pengalaman membuat naskah pidato berbahasa jawa kepada sobat semua.

baca juga:contoh undangan walimatul ursy memakai bahasa jawa

ok langsung ke TKP:

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu wassalamu ala


sayidina muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi ahli sidqi walwafa ama bakdu

Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbetendumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi
adi sepuh ingkang tuhu kinormatan
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.

Sa’derengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh
SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sami,
sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing majlis
puniko,kanti rahayu wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten
kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan sami

Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad monggo
tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan ingkang kito
antu-antu syafaatipun benjang ing dinten Qiamat. Amiin

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !


saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang
sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang
sa’sahe-sahenipun.

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken agunge
panuwun dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti lemahing
penggalih,sampun nyediaaken papan pinara’an, shoho dedaharan lan unjukan ingkang kados
mekaten mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami konco pengantin, mboten saget mbales
penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah sekeluarga Mugi-
mugi penghormatan meniko andadoso amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho
dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan

selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putri inggih
puniko Bapak……. saking dusun ……… kawulo nampi Amanat saking Bapak ……., ingkang
supadoso masrahaken temanten putri ingkang Asma ………, dumateng bapak …….. mriki
minongko tiyang sepuhipun temanten kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan “Bismilah”
temanten putri meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak ….. mriki, kanti pasrah bongko’an
tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene wonten kekirangipun sangking
segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak Shohibul hajah mriki kususipun, lan sedoyo keluarga
soho masyarakat mriki umumipun kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih
saget sahenipun.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !

Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara mangke
sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho nyuwun
tambahipun do’a Mugi2 kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng
griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten alangan setunggal
punopo. Amiin.

sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo nyuwun
agunging pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo ingkang kirang nyocoki
dateng panggalehipun Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo
kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.

Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb


Assalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para
tamu kakung sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula
tresnani, maliginipun Bapak Sukimin sakulawarga mangka duta saraya
saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana. Mangga kita
tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT, amargi saking
nikmat, taufik, hidayah, inayah, sarta ridhoning Gusti Alloh SWT ingkang
sampun rumentah dhumateng kita sedaya, satema kita sedaya saged
rawuh ing ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala. Mugi salam
sholawatipun Gusti Alloh SWT tansah tetep konjuk ing ngarsanipun
junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng-
ajeng syafangatipun benjing ing yaumul kiyamah. Saklajengipun, saking
atur pasrah penganten kakung, inggih menika Arya Sukma, saking
panjenenganipun Bapak Sukimin, ing ngriki minangka sulih kulawarga
Bapak Suratman sekaliyan, kula kadhawuhan nampi pasrahing penganten
kakung menika. Pramila, keparenga amratelakaken bilih anggen
panjenengan masrahaken panganten kakung kula tampi kanthi asta kalih
lan kanthi suka renaning penggalih. Mugi-mugi kanthi menika, berkah
nugrahaning Gusti Alloh SWT tansah rumentah dhumateng panganten
sekaliyan lan sumrabat dhumateng kulawarga kita sedaya. Salajengipun
panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putrinipun Sundari
Ayu dumungkup upacara candhakipun. Menika ingkang saged kula matur,
mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir
cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Mugiya
sedaya para rawuh ngluberaken sih agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Contoh Atur Panampi Temanten
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh
ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang
dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom
.............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para
'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga
miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja
minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes
sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah
putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka
rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang
minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang
pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba
sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah
SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken
dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula
panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan
kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa.
Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid
'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung
ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten
yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu,
kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur
menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang
sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula
ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan
sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking
..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun
tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki
kaliyan ...........(jeneng desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula
tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu
..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah
gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten
kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta
kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu,
mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang
sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang
mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan
momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng
agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-
sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged
sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa)..............
inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan,
mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah
kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos
dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu
mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan
anggenipun Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh
panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan
kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi
rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-
sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan
kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok
bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning
penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Anda mungkin juga menyukai