Anda di halaman 1dari 16

Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa Singkat

Contoh Teks MC Pernikahan Manten Bahasa Jawa Krama - Pada


kesempatan kali ini saya akan memberikan contoh untuk teks mc dalam
suatua pernikahan atau kalau dalam bahasa jawa sering di katakan
manten dengan bahasa jawa yang baik dan benar. Dalam adat jawa
pastinya teks mc menggunakan bahasa jawa kromo inggil namun sangat
sulit sekali bagi saya untuk menuliskan mc yang menggunakan bahasa
jawa krama inggil tersebut, namun yang akan saya berikan pada contoh
teks mc pernikahan manten bahasa jawa ini menggunakan bahasa jawa
kromo inggil namun masih agak biasa, agar mudah dimengerti untuk
kalian semua yang masih kebingungan dalam bahasa jawa krama inggil.

Baca Ini Juga : Contoh Isi Teks Naskah Sambutan Tuan Rumah
(Bahasa Jawa)

Dalam suatu Teks Mc biasanya menggunakan bahasa indonesia yang


pastinya kalian sudah sangat mengerti dengan bahasa indonesia ini, jadi
saya akan memberikan teks mc dalam bahasa jawa untuk kalian yang
berada dalam pulau jawa harusnya sudah tau dengan mc bahasa jawa ini,
namun untuk orang luar jawa pasti akan susah untuk mengerti dengan
bahasa jawa ini. Maka dari itu saya akan memberikan Contoh Teks MC
Pernikahan Manten Bahasa Jawa Krama untuk sebagai refrensi atau
sebuah media belajar bahasa jawa.

Baca Juga : Contoh Isi Teks Naskah Pembawa Acara MC Bahasa


Jawa Krama

Tanpa basa basi yuk langsung saja simak Contoh Teks MC Pernikahan
Manten Bahasa Jawa Krama dibawah ini :

Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding


kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah
ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.

Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari


minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.

Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah


.. ugi para tamu undangan kakung sumawana
putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken


ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT.
Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho
hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal
wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun
acoro walimatul urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing
beboyo.

Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun


junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro
shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun
bapak.dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro
mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus/roro
diyah ayu..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah
keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah
warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,
Amin

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat


kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning
penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo
pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit
awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade
kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah


ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat
soho rinumpoko.

1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko


2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko
kalih
3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko
panutuping adicoro.

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun


rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab
ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya
wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN


NIYAT AL-FATIHAH

Dokter Cara mengurangi Tubuh sempurna, Buah ini KUMPULAN


merahasiakan lemak perut. -33kg dalam 2 membuat berat PARASIT
ini! Untuk turun -16kg dalam 3 minggu tanpa badan turun! AKAN MATI!
15 kg dalam 7 hari. Sebelum olahraga atau Hati-hati, berat Setiap pagi,
hari sebelum tidur, makan 1 diet! Ini caraku... turun hingga 1 minum segelas
makan... sendok.. kg per hari air dengan...

Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro,


sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih
waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci
Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin
aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan
kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan
ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek.
.sakingwekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing
pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!

Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking
kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng
panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang
basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula
aturaken
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur
trawoco
Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten
saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak
..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking
keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto
saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih
sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur
piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak
.. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula
aturaken.

Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang


sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika
kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih
adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman
dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken
pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang
juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana
wonten dalu/siang punika . sumangga!!!

Baca Juga: Contoh Makna Peribahasa Jawa (Paribasan) - Belajar Bahasa Jawa

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken


mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar
ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga
adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning


bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken
lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang
meniko panjenengan ipun bapak. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso
(mengharap) panjenengan ipun Romo kyai ingkang gambuh
salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng
pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah
panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo
kyai.wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.

Baca Juga : Contoh Percakapan Untuk Belajar Bahasa Jawa

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.

minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah
badhe kapandegani dening bapak .. ananging sakderngipun adicara
do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga
hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng
wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu
saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka
pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur
ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
Lan dumateng bapak wekdal saha sasana kawula aturaken.
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbilaalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa
kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu
wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan abduhuu
warasuuluhu laa nabiyya badah.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang


hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam
pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng
baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang
mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung
sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta
sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang


kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara,
keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit,
rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten
ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih
panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya,
miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa
nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun
donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari
kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng
tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala
binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan
menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun
pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa
A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya
hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra
pinanganten, nun inggih Rara Ayu . Putra putrinipun Bapa A, ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah
wonten ing .. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi
wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng . wanci tabuh.. mapan ing
(KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun
inggih :
Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban
Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Quranul Karim.
Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe
kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha
panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa H
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing
mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten


menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan
punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun
para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi
paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing
hari kalenggahan punika.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara
ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya
hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih
badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing
sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana
kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih
rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing
ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.

===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata
upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah
jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing
sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih laksitaning adicara sampun
tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa,
madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing
sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe
wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken
pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan
nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah,
kula dherekaken. .Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang
badhe kasarirani denening sedherek Anamung keparenga sak
derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng
hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam
Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu
munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken
agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang
angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng
sedherek . Sumangga.

===========

Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah


kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana
prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara
ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A
sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A
sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun
inggih Bapa D. Dhumateng Bapa D kula sumanggaaken, saha mugi kepareng
Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu
jumeneng hanjjajari Bapa D. Sumangga.

===========

Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang
lumantar Bapa D. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun
Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten
para putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para
lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana
putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten
hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana sarta
pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar,
badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng Paguyuban Rebana
Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing
wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa
Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras
sinambi imbal wacana. Sumangga.

===========

Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal
sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun
tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe
dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa C minangka talanging pangandika
Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa C kula sumanggaaken,
saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun
Bapa C sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.

===========

Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa C minangka


talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp E
minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal
kasumanggakaken.

===========

Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara


ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan
kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para
lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun
Bapa H. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.

===========

Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa


H ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit.
Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten,
sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya
mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning
adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken
sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe
hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha
Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking
Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar
sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang
Setaman. Sumangga.

===========

Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan


urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan
kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing
sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara,
sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng
Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun
paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah,
kula dherekaken. . Alhamdulillahirabbilaalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji,
keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun
tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para
tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha
pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan
sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring
putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet
nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar
pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken
gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh
panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang
wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang
hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi,
kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking
wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang
sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamualaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
Assalamu alaikum wa rahmatullah.

Kula nuwun,
Kaparenga kula matur dumateng panjenenganipun Bapak .. ingkang
jumeneng sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu .. dene sowan
kula wonten ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening
Bapak/ Ibu sagotrah.
Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan
miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing
panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas
lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten
Kakung wiwit saking griya .. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki
pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.

Ingkang angka sepisan.


Panjeneganipun Bapak/ Ibu ngaturaken kawilujenganipun mugi
katur ing ngarsanipun Bapak sakbrayat.

Kaping kalihipun.
Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu .. ngaturaken salam
taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak .
sekaliyan garwa.

Jangkep ingkang kaping tiganipun.


Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang
samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon)
temanten kakung ingkang peparab bagus .. ingkang badhe
kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu ..
ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah ..
Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting
upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken
tumapaking adicara kasebat.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu . sabrayat, kapareng
handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping
(ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha
Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.
Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris
pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang
boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged
uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah
kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.

Assalamu alaikum wa rahmatullah.


pemanten , tinampi temanten, pambagyaharja )

Bahasa jawa sudah mulai hilang, tata krama dalam berbahasa juga mulai punah, mencari
orang yang mampu berbahasa yang baik menurut tata cara berbahasa jawa yang benar
semakin susah. orang jawa sendiri sudah tidak mengerti bahasa ibunya.

apalagi anak muda jaman sekarang. kalo dah bisa bilang " yes or no " mereka pikir orang
yang paling hebat. bicara dengan orang tua sudah tidak pakai aturan. kata " mboten ngertos
" saja mereka tidak tahu artinya.

dengan adanya kondisi seperti itu saya mencoba menulis tentang pasrah pemanten ,
tinampi temanten, pambagyaharja. bisa digunakan saat prosesi acara pernikahan.mohon
maaf jika ada salah dalam penulisan . temikasih sudah membaca .

selamat belajar. ingat bahwa kita orang jawa

1. Pambuka
Salam

- Panjenenganipun poro sesepuh pinisepuh, ingkang satuhu kawuh ing kawruh, kaduk ruruh
menawi paring dhawuh pantes pinongka pangestu labet pana paugeraning unggah ungguh
ingkang binakuh.

- Para alim ulama panuntun kiblating pangarcana linambaran dhwuhing gusti gung kang
maha kawasa, nggernya ngupadi upa sarana pantes sinudarsana.

- Para sarjana sujana winasih ingkang sampun sampat sampurna jengkap pamungkasing
ilmi.
- Para tamu kakung sekalian garwa ingkang winantu ing suka.

- Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.

- Para tamu kakung miwah marmadu ingkang winantu ing suka rahayu.

Sak derengipun kula ngaturaken wasing gati keparenga kula mawidi puja
mayunadha wonten ngarsaning gusti gung kang maha kawasa awit sumarasamaneka
warna, ingkang sampun pinarengaken dhumatheng kulo panjenengan sadaya wujudipun
boga, wastra, kawilujengan, katentreman, karaharjan, ngantos kulo panjenengan saget
anetepi darmaning agesang wonten madyanipun bebrayan. Mugi-mugi gusti gung kang
maha mirah paring pitedah temah handayani bingah basuki rahayu kang sami tinemu.

.. (isi)

penutup ..

2. Pasrah Temanten

Panjenenganipun Bp ( ingkang Nampi ) ingkang ngemban jejibahan wonten madyaning


pawiwahan pantes hanampi pakurmatan.

Kulo sinaroyo panjenenganipun Bp Ibu (orang tua manten kakung ) pinangka duta
kinen hangaturaken salam talim katur panjenengan. Ing mangke mugi kaaturaken
penjenganipun Bp Ibu ( orang tua manten perempuan ) mugi handayani rahayuning
sedya badhe miwoha putra temanten.

Sinusul lumaraping sekar cepaka mulya sajuga wimbane temanten kakung Bg tanaya Bp.
IBu ingkang pidalem mugi kadhaupaken kaliyan Rr Pawestri siwi Bp. Ibu.
ingkang pidalem anut satataning budaya lumampah / pinercoyo.

Panjenenganipun Bp. ( ingkang Nampi ) lumaraping temanten kakung kinanten sarana


tiyang apala karma wujuding :

1. ( bantuan / syarat )

2.
3.

Rahayuning sedya wiwahaning risang temanten. Kula dherek sesanti mugi rahayu kang
sami tenemu. Paripurnaning pawiwahan kula saha kadang besan pemekaring risang
temanten kakung nyuwun pamit.

Penutup.
3. Panampi temanten

Panjenenganipun Bp. ( ingkang pasrah ) ingkang ngemban jejibahan luhur wonten


madyanipun bebrayan pantes hanampi pakurmatan.

Paring salam talim panjenengan kulo tampi ing manke badhe kulo aturken
panjenengannipun Bp. Ibu. ingkang hamengku gati, kinarya dados sarana rahayuning
sedya anggennya miwaha putra nut satataning budaya ingkang lumaksana.

Pinasrahing temanten kakung Bg. tanaya Bp. Ibu ingkang pidalem ing ugi kulo
tanupi ing mangke tumunten badhe kapanggehaken minurut satataning adat widhi widhoma
ingkang lumampah kalian Rr. pawestri siwi Bp. Ibu ing

Sedaya peparing pinongka sart saraning apala karma kulo tamp. Sedaya sih kadarman kulo
ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan

penutup
4. Pambagya harja

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.

Penjenganipun Bp. Ibu ingkang hamengku karso. Ngaturaken sugen wilujeng rawuh
penjengan sedaya wonten madyaning sarono ing dalu/ siang menika, tumunten
kesekecaaken anggennya lelenggahan wonten madyaning pawiwahan ngantos paripurno.

Para rawuh kakung soha putri.

Sinaosa sampun kacetho aturipun Bp. Ibu . Ingkang hamengku karsa, lumantar atur
menapa dene sarining serat sedhahan, prayogi menawi kula angambali atur, bilih
penjenenganipun Bp. IBu. ingkang hamengku karsa anetepi darmaning wreda
mikramaaken saha awiwaha putri pawestri pun Rr kalian Bg tanaya Bp. Ibu.
ingkang pidalem ing. awit nugrahaning gusti kang maha kawasa soha pangestu saking
para tamu winantu ing karaharjan tebih saking pambengan.

Para tamu ingkang winantu ing suka rahayu.

Mboten kesupen panjenenganipun Bp Ibu ngaturaken agenging panuwun ingkang


tanpo pepindan, sedya sih kadarman panjenengan. Ingkang awujud eguh pratikel, bahu
suku ingkang handayani rahayuning sedya tumapaking karya mugi mugi sih kadarman
panjenengan pikantu leliru ingkang satraju.

Para rawuh ingkang satuhu inurmatan.

Mboten kesupen Bp. Ibu. nyuwun pangapunten sedaya kekirangan samukawisipun,


anggennya caos palenggahan, atur pasugatan kirang mrenani penggalih panjenengan.

Penutup

5. Penutup

Mekaten anggen kula ngaturaken (pasrah/pinampi/pambagyaharja) wonten


sisip saha kirang susilaning akrami, kirang jumbuh kalian penggayuh, kirang trep kalian
panganggep, malah kepora nerak wales sangkering bebener, keparenga para tamu paring
agunging samudra baludhaging pangaksama. Dhumateng pribadi kawula. Kaleksaning
sadya, kasembadaning penggayuhkula nderek asesanti mugi rahayu kang sami pinanggih.

Nuwun .

Anda mungkin juga menyukai