Anda di halaman 1dari 10

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN ( 1 ) SAKING DUTA SARAYA PINANGKA SULIH SALIRA SAKING CALON KADANG BESAN AssalamuAlaikum

WR. Wb Panjenenganipun para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, panjenenganipun purna karya labet praja, para sentana warga saking Bapasekaliyan garwa ( Ingkang mengku gati/ tuan rumah ) ingkang pantes kinurmatan para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya. Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang towang, mugi linepata saking siku dhendhaning Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa, kalilanana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sadaya saperlu nggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karana ing kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundhaka sulih saliranipun Bapa..sekaliyan. Tinarbuka keparenga langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga maksih pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajeng keparenga kula ngaturaken wosing gati menggah pisowanan kula sakadang. Nun inggih maligi katur wonten ngarsanipun Bapa..sekaliyan garwa ( ingkang mengku gati / tuan rumah ) kula pinangka sulih saliranipun Bapasekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga samudayanipun. Wondene wigatosipun gati pisowanan kula sakadang saperlu ngaturaken wudharing gantha babaring sedya. Nun inggih nguni Bapasekaliyan garwa sami-sami hanggadhahi pirembagan ingkang ing antawisipun Bapa..sekaliyan hanggadhahi putra jalu kekasih pun Bagus.wondene Bapa..sekaliyan garwa ( Ingkang mengku gati / tuan rumah ) hanggadhahi Kenya taruni sesilih Rara..gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngembun-embun enjang anjejawah sonten ndodhok latar ndodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, agengin manah ingkang tanpa pepindhan Bapa.sekaliyan anggenya sampun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika Bapa..sekaliyan ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi. Nun inggih perlu kula aturaken mriki ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapa.sekaliyan garwa ( Ingkang mengku gati / tuan rumah ). Sanggan saha mejemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggaman miwah

raketing kekadangan temah mboten saged pisah salaminipun. Kasoking katresnan Bapa.sekaliyan dhumateng Bapasekaliyan garwa ( Ingkang mengku gati / tuan rumah ) ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud.ing pangajab pinangka agemanipun badhe / calon penganten putri. Mboten kekilapan Bapa.sekaliyan ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bapa.sekaliyan garwa ( mengku gati ) netepi darmaning sepuh miwaha siwi mahargya suta. Amung panyuwunipun Bapa sekaliyan mugi keparenga calon penganten kadhaupna saha kapanggihna miturut satatning agami miwah adapt ingkang sampun lumampah ing tlatah kampong mriki. Hambok bilih Bapasekaliyan anggenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna, mila awit saking punika Bapa..sekaliyan garwa ( mengku gati ) mugi hangandhapna samodra pangaksama ingkang agung. Pepuntoning atur kula minangka sulih salira saking Bapa.sekaliyan menawi wonten gonyak-ganyuking wicara kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata karma miwah kasusilan, mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya. Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamualaikum Wr.Wb.

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN ( 2 ) AssalamuAlaikum WR. Wb Kulo nuwun , Bapak / Kangmas / Dhimas...kekalih. Nyendikani dhawuhipun Bapak/Kangmas/Dhimas ( nuhoni keparengipun dhimas ) .., mila kula sowan ing ngarso panjenengan, kadhawuhan : SEPISAN ; Ngaturaken salam taklimipun ( pangabektinipun ) katur ing panjenengan sak kluwarga, sinartan pepuji mugi panjenengan sagotrah tansah winantu ing kawilujengan tebih tulah sarik. KAPING KALIH ; awit kataman ing pamothaipun putra nama pun anggenipun kayungyun dhateng ingkang putra nama pun.., ingkang salajengipun dados enenring ciptanipun, mila Bapak / Kangmas / Dhimaskekalih ambabaraken krenteking manah dhumateng panjenengan kekalih. Ingkang punika, kabekta saking awrating tiyang anak-anak, menawi wonten sarjuning penggalih sarta sinembadan dening pangayubagyaning para waris, punapa dene tinakdir dening Gusti Allah SWT dados jodhonipun, sarta putra panjenengan taksih lamban, dereng kagungan pacangan, dipun suwun dadosa jatukramanipun..ing salami-laminipun. Wasana panyuwunipun Bapak / Kangmas / Dhimaskekalih wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring waliyan sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan. Cekap semanten atur kula, menawi wonten cicir ceweting atur satemah mboten damel sarjuning manah, kula nyuwun pangapunten. Wassalaamualaikum Wr. Wb..

TULADHA ATUR PANAMPI LAMARAN ( WANSULAN PANGLAMAR )

AssalamuAlaikum WR. Wb Nuwun, saderengipun kulaminangka sesulihipun bapak / kangmas / dhimas.kekalih, caos waluyan pamundhutipun Bapaklumantar panjenengan langkung rumiyin kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan saha mugi keparenga lenggah prayogi sakadar kuwawi kula angaturaken palenggahan. Nuwun, menggah keparengipun Bapak / Kangmas..sekaliyan angempalaken balung pisah, mundhut bebesanan kaliyan kula kekalih, andadosaken bingahing manah kula kekalih saha salajengipun mangayubagya sarta amemuji widadaning sedya wau lestantun ing salamilaminipun. Wondene keparengipun Bapaksekaliyan mundhut anak kula estri pun.badhe kadadosaken jatukramanipun putranipun punkula kekalih anayogyani sarta anyumanggakaken. Namung andadosna ing kawuningan, anak kula punika lare cubluk sanget kirang ing seserapanipun. Dene kawontenaning anak kula taksih lamban lan dereng gadhah pacangan. Wasana mugi andadosna ing kawuningan. Wassaalaamualaikum Wr. Wb..

TULADHA ATUR PASRAH TEMANTEN KAKUNG ( 1 ) AssalamuAlaikum WR. Wb Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bapa( ingkang nampi ) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapa saha Ibu..( besan ) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus.mugi katur panjenenganipun Bapa saha Ibu.( ingkang mengku gati ). Wondene kalampahanipun makaten, kala wau wanci tabuhtemanten kakung kula pendhet saking dalem..( alamat besan ), saking wisma palereman ( menawi sampun kapondhokan ) kanthi kairing para sepuh, kula wangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancer, rahayu wilujeng nir ing sambekala. Pramila ngemban dhawuh..wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggaaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bapa..( Ingkang mengku gati ) cundhuk kaliyan lampahing adicara. Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun matur nuwun. Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamualaikum Wr.Wb.

TULADHA ATUR PANAMPI TEMANTEN KAKUNG AssalamuAlaikum WR. Wb Dhumateng panjenenganipun Bapa( ingkang pasrah ) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan. Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh. Panjenenganipun Bapa ( ingkang pasrah ) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bungahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapa.( mengku gati ) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti Ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa..( mengku gati ) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan. Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan ing ndalu / siang punika. Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamualaikum Wr.Wb.

TULADHA WACANA MASRAHAKEN TEMANTEN Assalaamualaikum Wr. Wb. Kula Nuwun, Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun pangapunten dene kulo pari paksa anggempil kamardikan panjenengan sadaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun bapak.sarimbit. Nuwun, Bapak / Kangmas / Dhimaskula kadhawuhan dening tiyang sepuh kula bapaksekaliyan ( menawi kapernah anem : kula kakersaaken dening sedherek kula anem pun..kekalih ) : SEPISAN ; ngaturaken salam taklimipun , kanthi pepuji mugi-mugi Bapak / Kangmas / Dhimassakaluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng ing panjenengan lumeber ing sadayanipun. KAPING KALIH ; kula kinanthen rowang sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, nama pun Bagus..ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Raraputri panjenengan. Manawi dipun sartani bektan mugi kaaturna ; dene anggen kula nyowanaken putra penganten kinanthen ; maskawin arupi arta Rp, pangangge minangkan santunipun penganten putri.. , pesing sesupe.,pirantos pawon.lan sanes-sanesipun. Ingkang punika mugi keparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun Bapaknyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggaaken ing kepareng panjenengan sakaluwarga. Minangka panutuping atur, mbok menawi wonten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ing kirang trapsila satemah mboten adamel renaming penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Wassalaamualaikum Wr. Wb.

TULADHA ANAMPI PASRAH TEMANTEN Assalaamualaikum Wr. Wb. Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati, Mugi kalilan kula nyulihi sedherek kula sepuh kangmas.angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak..lumantar Bapak / Sedherek Bapak / Sedherek( paraga ingkang masrahaken ). KAPISAN ; kula hangaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan saestu netrepi wanci ingkang prayogi. ANGKA KALIH ; Salam taklimipun Bapak / Sedherek(Besan ) lumantar panjenengan, kula tampi acanthi suka rena, gumbira marwata suta. Mugi pangajab lan pandonga wau kaijabahan dening ALLAH SWT ambabar kanugrahan, kawilujangane dhumateng kula sawarga, sumrambah ing para tamu sadaya . Boten langkung dhawah sami-sami. KAPING TIGA; Bapaklumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus.sinartan peparing maneka warna, kula sanget-sanget angaturaken genging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah. Saljengipun Bapaksampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping penganten, ing mangke kula sendikani. Senadyan namung sagaduk kuwawi kula. Ingkang punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggehan ingkang sampun kula cawisaken. Dene wonten kiranging boja lan karma kula anggen kula anampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparenga maringi agunging pangaksama. Cekap semanten atur kula. Wassalaamualaikum. Wr. Wb

TULADHA ATUR PAMBAGYA PAHARGYAN TEMANTEN Assalaamualaikum. Wr. Wb.. Kula Nuwun, Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha sih wilasaning Pangeran ingkang Moho Welas lan Moho Asih winantu sagunging karaharjan, karahayon, kabegjan, kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira sagung para tamu. Kawula nuwun. Keparenga kawula sumela atur, anggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikala nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka talanging basa cundhakaning atur, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati. SEPISAN ; Ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak..sekaliyan anggenipun hamengku gati ndhaupaken putranipun ingkang sesilih.sampun kalampahan dhaup kaliyan.rikala dinten..tanggal kaping..wanci jam.wonten ingkanthi wilujeng nir ing sambekala. KAPING KALIHIPUN ; Bapak / Ibu.sakulawangsa kanthi suka bingahing manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur sagung para tamu ingkang sampun kersa hangrawuhi saperlu hanjenengi miwah paring donga pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dhumateng sanak sadherek. Mboten kesupen Bapak / Ibu..ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sadherek, pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang muda-mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon. Sarehning bapak / Ibumboten saged ngaturi lelintu punapa-panapa, sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi pikantuka sih kautaman panjenengan sedaya saking Gusti Ingkang Maha , sarta tansah pikantuk lelintu sih kanugrahan. KAPING TIGANIPUN ; Bapak / Ibu.sakulawangsa nedha sih panarima panjenengan sadaya kersaa paring donga pamuji pangastuti mugi-mugi sri panganten sekaliyan sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya. Sageda sri penganten sekaliyan atut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen rahayu widada kali sing sambekala.

Tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun, lan para pinisepuhipun, saged mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng negari, lan bangsanipun murakabi dhumateng bebrayan agung. KAPING SEKAWANIPUN ; Mbok bilih wonten kiranging trapsila susila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sedherek ingkang tinanggenah among tamu, saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, miwah kirang trapsilaning para kaneman anggenipun ngladosaken pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken sih samodra pangaksami. Ing wasana sagunging para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan suka mangun suka murakabi sadaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun cumawis ngantos dumugi sak purnaning pawiwahan punika. Minangka panutuping atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagyaharja punika kathah cupet cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning atur kula kersaa para tamu angluberaken samodra pangaksami. Akhirulkalam Bilahittaufiq wal Hidayah Wassalaamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai