Anda di halaman 1dari 3

BIDHALING LAYON

Audzubillahiminas syaitonnirrojim
Bismillahirohmannirrohim
Assalamu’alaikum Wr Wb
Alhamdulillah…
Alhamdulillahirobbil’alamin
Washalatu ‘ala ambiya’i wa mursalim
Sayidina muhammadin wa’ala alihi wa shobihi ajma’in. ama ba’du.
Para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dumateng
pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating nagari minangka
pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan, para pambela sungkawa kakung
putri ingkang pantes sinudarsana.
Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika kula piniji dening para kulawarga
panandhang inggih panjenenganipun Bpk/Ibu …………………………. Kinen njejeri minangka
pambiwara wontenipun tata upacara badhe bidhaling layon sedanipun almarhummah nyai
Sugiyem Setyo Wardaya.
“INNALILLAHI WA INNA LILLAIHI RAJI’UN”
Sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi Almarhum/ almarhumah Nyai Sugiyem
Setya Wardaya awit saking lantaran nandhang gerah wekdal. Ingkang punika sak sampunipun
pangruktining layon sampun paripurna keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhukita
inggih panjenenganipun (ingkang nandang
sungkawa……….) ing hari kalenggahan punika dipun wonteni tata upacara sawatawis ingkang
sampun lumampah.
Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga nun dhumateng para pambela
sungkawa kakung putri tansah kula derekaken hangluhuraken asmaning Gusti ingkang Maha
Kawasa, karana rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula, saengga maksih saged ndherek bela sungkawa kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambekala.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinubeng pakurmatan, wahyaning
mangsa kala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados
sampun karakit dening kulawarga, ingkang punika :
Pranata adicara ngaturaken reroncening adicara :
1. Ingkang sepindhah pambuka
2. Ingkang kaping kalih “Atur pambagyaharja saking para kulawarga ingkang sami nandang
dhukita. Atur pambagyaharja samangkih dipun wakili saking perangkat desa inggih menika Bpk
…………….
3. Adicara kaping tiga “Atur panglipur dening tetuwangga ingkang sumandhing keblateng
panembah. Atur panglipur sakmangkeh dipun salirani dening Bpk ……….
Inggih menika Bpk ………………
Acara ingkang kaping sekawan inggih menika “Donga bidhaling layon ingkang samangkih dipun
aturaken dening Bpk ……………………
1. Acara kaping gangsal “Paripurnaning upacara pratandha yekti bidhaling layon.
Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, makaten reroncening adicara
ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.
Kangge morwakani adicara ingkang sepindhah inggih punika pambuka sumangga kita
miwiti kanthi maos basmalah ingkang angrasuk agami Islam, wondene ingkang anggadhahi
kapitadosan sanes kawula sumanggakaken.
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
Mugi-mugi kanthi waosan basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika
saget lumampah kanthi wilujeng purwa madya engga wusana.
Saparipurnaning pambuka kalajengaken adicara atur pambagyaharja, para pambela
sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan, nadyan panjenenganipun Bpk/Ibu
……………………. (ingkang nandhang sungkawa….) ing wekdal punika raosing manah
mboten saget ginambaraken ing mriki karana kawontenan ribet kaworan bebeg, parandene
keparengipun sedya badhe matur wonten ngarsa panjenengan nun inggih atur pambagya yuwana
miwah atur panuwun karana bebeging manah mboten kuwawa matur amung kandheg wonten ing
madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira mboten wonten malih kejawi
panjenenganipun Bpk ……………………. Dhumateng Bpk ………………. Wekdal
kasumanggakaken.
###################################### JEDA#############
Para pambela sungkawa, para ta’ziah, ta’ziin ingkang kinurmatan kanthi terwaca cetha
atur pambagyaharja saking Bpk …………………. Minangka sulih salira kulawarga panandhang,
ingkang salajengipun ngancik panglipur dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating
panembah, pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene ingkang nyalirani nun inggih
panjenenganipun Bpk. …………dhumateng Bpk …………. Wekdal kasumanggakaken.
Sumangga nun.
############ JEDA ###############
Agenging panuwun tanpa pepindhan kulawarga panandhang dupi midhangataken tutur
sarana panglipur sawatawis dhumateng panandhang, awit panglipur panjenengan mugi dadosa
sarana kulawarga ingkang dhukita enggal pinaringan katentreman pulih kados wingi uni ingkang
salajengipun mugi rohipun suwargi Almarhum/almarhumah …………….. tansah pinaringan
pangapunten sowan pangayunaning Gusti ingkang Maha Agung dipun wonteni donga kunjuk
wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Murbeng Dumadi wondene samangkeh acara donga
dipun salirani ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bpk ………………………
Para pambela sungkawa ingkang pantes sinudarsana acara donga menika samangkih
dipun sarengaken kaliyan angkating layon ingkang badhe kalaksanakaken dening para kulawarga
saha warga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekto ing gati.
Para kadhang muda tumaruna keparenga ngedalaken pethi layon saking dalem dhukita.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan layon menika
samangkih badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing astana laya …………………………..
panyuwunipun para panandhang hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten
pambengan kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya
………………………………….. wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulowarga
panandhang hamung saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.
*Wondene kersane ingkang kagungan dalem ingkang nandang sungkawa khususipun RW
02 pun suwuni bantuan maos kalimah puji lan dzikir sak lebeting ……dinten. Wiwit mangkeh
ndalu ….. dumugi ….
Kulo piyambak minangka pranata adicara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut
reroncening adicara wonten kiranging trap sila, subasita miwah kiranging basa tuwin sastra
karana budi dhayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning
pasti mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama. Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal
hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr Wb
################## JEDA ############

Dhumateng Bpk …………….. ingkang piniji nyalirani donga bidhaling layon wekdal saha papan
kula sumanggakaken sak cekapipun. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai