Anda di halaman 1dari 4

ATUR PAMBAGYO LAYATAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillah hilladzi akramnaa bil iiman, wa a’azzanaa bil islam, wa rafa’na
bil ihsan, ahmaduhu subhanahu wata’ala wa asykuruh, allohumma shollia
wassalim wa barik ‘ala sayyidina Muhammad wa’ala alihi wa shahbi wa
mantabi’ahum bi ihsani ila yaumiddin, amma ba’du

Para pepunden, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hagung mastuti dhumateng
pepoyaning kautaman, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab
wahyuning Illahi, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning dhuh kita ing wedal punika kula piniji dening kulawarga Bp/Ibu ………………
sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira ngaturaken lekasing
sedya, inggih awit kawontenan miwah raos bebeging manah panjenenganipun Bp/Ibu
………………….. karana pinunggel jatining katresnan pisah sak lami-laminipun ingkang punika
mboten kuwawi matur wonten ngarsa penjengan sedaya amung kandheg wonten salebeting
kalbu.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang taksih pinaringan rohmating Gusti ,
minangka purwakaning atur kula, sumangga penjengan sedaya kula dherekaken ngaturaken
puji syukur dhumateng Allah SWT, awit ing kalenggahan punika panjenegangan sedaya
adalasan kula taksih pinaringan kempal manunggal saget ndherek bela sungkawa sedanipun
Bp/Ibu …………… kanthi manggih kawilujengan.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan, panjenenganipun


Bp/Ibu ………………….. sumawana para keluarga panandhang lumantar kula hangambali matur
sugeng rawuh miwah panuwun dhumateng panjenegan sedaya tandha yekti nedahaken raos
sih katresnan ingkang mboten saget kagambaraken ing mriki.
Wigatosing gati ing madyaning dhuh kita wedal punika, perlu kula aturaken wonten ngarsa
penejengan sedaya.
Nun inggih Suriping dinten ………………….. magut dinten ……………. Wanci tabuh …………….. Bp/Ibu
………….. sampun surut kasedan jati, saha katimbalan wonten pangayunaning Pangeran Kanthi
tentrem jalaran nandhang ………………………… Kados punapa anggenipun mbudi daya para
keluarga ngupadi usada murih Bp/Ibu …………. Saget pinaringan waluya jati, jati temahing
waluyo, parandene sedaya wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosing kodrat.

INALLIHI WAINNA ILLAHI ROJI UN. Amung panyuwun ipun para keluarga panandhang mugi
wontena suka lilaling penggalih para pambela sungkawa kakung putri mugi tansah paring
pandonga mugi rahipun suwargi Bp/Ibu ………………. Tansah lepas parane, jembar kubure
dipun apunten sedaya dosanipun katampi wonten ngarsaning Pangeran pinaringan papan
sak mestinipun, wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman,
iman ingkang teguh, saengga saget pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-
sowang.

Para pambela sungkowa kakung putri ingkang kinurmatan, hambok bilih duk rikala
Bp/Ibu …………….. taksih sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungaken
kaliyan penjenengan, mugi karampungna kaliyan keluarga ingkang tinilar, saha mbok bilih duk
rikala sugengipun suwargi Bp/Ibu ……. hanggadhahi kalepatan dhumateng penjejengan sedaya,
mugi para pambela sungkawa tansah hangandhapna pangaksama ingkang agung.
Amung mbok manawi panjenegenan sedaya hanggadhai lepat kaliyan suwargi Bp/Ibu ……………..
mugi pinaringan pangapunten saking kersaning Gusti Allah.

Para pambela sungkowa kakung sumawono putri ingkang sinandhing rohmating Gusti,
keparenga para keluarga layon suwargi Bp/Ibu ……………….. badhe kapetak miwah kasereaken
ing astana laya ……………… sru panyuwunipun panandhang , mbok bilih para pambela sungkuwa
mboten wonten pambengan, kasuwunaken mangke ndherekaken bidaling layon ngantos
dumugi ing astana laya ……………… wondene wonten pakaryan ingkang wigati, kula warga
panandhang namung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondor, boten
kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken agenging panuwun, awit sih kadarman
penjengan seadya lakung-lankung para warga …………………….. ingkang sampun kepareng
hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang, ingkang punika
hambok bilih kula warga panandhang mboten saget mangsulaken karana lahir amung
kasumanggaken woten ngarsanipun Gusti Allah, mugi sih kadarman penjenengan dadosa
ngamal kesaenan.

Pepuntaning atur saking keluarga ingkang sami nandhang dhuh kita lumantar kula,
hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirangeng trep kalihan
handap inggiling kalenggahan, para panandhang amung tumadhah lumbering pangaksama
ingkang agung, kula pribadi minangka sulih salira menawi wonten atur ingkang mboten
mranani dhiri awit kiaranging seserepan ugi nyuwun rummentahing pangaksama ingkang
agung, ing wasana wedal kula aturaken kadang panata cara. Billahi taufik wal hidayyah.
Wassalamu alaikum Wr. Wb.
Atur Pambagyoharjo Layatan
Alhamdu lillahi rabbil ‘alamin wa bihi nasta’iinu ’alaa umuurid dun-yaa wad
diin, wash shalaatu wassalaamu ‘alaa asyrafil an biyaa-I wal mursaliin,
sayyidinaa wa maulaanaa muhammadin wa ‘alaa aalihii wa shahbihi ajma’in,
ammaa ba’du
Inallillahi wa inallillahirojiun 3x.

Madyaning dhuh kita ing wedal punika kula piniji panjenenganipun Bp/Ibu
……………… sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira
keluarga ngaturaken lekasing sedya, inggih karana pinunggel jatining katresnan pisah sak lami-
laminipun, ingkang punika mboten kuwawi matur wonten ngarsa penjengan sedaya amung
kandheg wonten salebeting kalbu

Namung sak derengipun kula matur sumangga panjenengan sedaya kula dhereaken
ngaturaken puji dalah syukur alhamdulillahirobilalamin kunjuk ngarsa delem Allah SWT
ingkang sampun paring rohmat , nikmat, sehat, katitik ing wanci punika kula lan panjenengan
taksih dipun kaparengaken makempal wonten ing dalem dhuhkita punika kanti wilujeng mboten
manggih alangan satunggal punapa.

Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan,


Wigatosing gati ing madyaning dhuh kita, perlu kula aturaken wonten ngarsa penejengan sedaya.
Nun inggih Wanci tabuh …………….. Bp/Ibu ………….. sampun surut kasedan jati,
katimbalan wonten pangayunaning Pangeran kanthi tentrem jalaran nandhang
………………………… kados punapa anggenipun mbudi daya para keluarga ngupadi usada
murih Bp/Ibu …………. saget pinaringan waluya jati, jati temahing waluyo, parandene sedaya
wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosing kodrat.

INALLIHI WAINNA ILLAHI ROJI UN. Amung panyuwun ipun para keluarga panandhang
mugi wontena suka lilaling penggalih para pambela sungkawa tansah paring pandonga mugi
rahipun suwargi Bp/Ibu ………………. tansah lepas parane, jembar kubure dipun apunten
sedaya dosanipun katampi wonten ngarsaning Pangeran pinaringan papan sak mestinipun,
wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman, iman ingkang
teguh, saengga saget pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-sowang.

Para pambela sungkowa kakung putri ingkang kinurmatan, hambok bilih


duk rikala Bp/Ibu …………….. taksih sugeng ipun wonten pepetangan ingkang
dereng karampungaken kaliyan penjenengan, mugi karampungna kaliyan keluarga
ingkang tinilar, saha mbok bilih duk rikala sugengipun suwargi Bp/Ibu …….
hanggadhahi kalepatan dhumateng penjejengan sedaya, mugi para pambela
sungkawa tansah hangandhapna pangaksama ingkang agung.
Amung mbok manawi panjenegenan sedaya hanggadhai lepat kaliyan suwargi
Bp/Ibu …………….. mugi pinaringan pangapunten saking kersaning Gusti Allah.

Pepuntaning atur saking keluarga dhuh kita lumantar kula, hambok bilih
anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirangeng trep kalihan
handap inggiling kalenggahan, para panandhang amung tumadhah lumbering
pangaksama ingkang agung, kula pribadi minangka sulih salira menawi wonten
atur ingkang mboten mranani dhiri awit kiaranging seserepan ugi nyuwun
rummentahing pangaksama ingkang agung, ing wasana wedal kula aturaken
kadang panata cara.

Billahi taufik wal hidayyah. Wassalamu alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai