Anda di halaman 1dari 7

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahiladzi arsala rosulahu bilhuda wadinil haq liyuzhirohu aladdini kulihi wakafa
bilahi syahida.
Asyhaduala ilahailallah wa asyhaduanna muhammadan abduhu warosuluh
Allahuma saoli ala muhammada waala ali muhammad kama solaita ala ibrohim wa ala
ali ibrohim innaka hammidum maji, wabarik ala muhammad wa ali muhammad kama
baroktaala ibrohim wa ala ali ibrohim innaka hammidum majid.
Segala puji syukur hanya kepada Allah SWT yang telah memberikan begitu banyak nikmat
kepada kita sekalian sehingga kita dapat bertemu dan berkumpul bersilaturrami pada hari
yang berbahagia ini dalam keadaan sehat walafiat.
Shalawat dan salam semoga tetap dilimpahkan kepada Rasulullah Muhammad SAW,
Keluarga dan para sahabatnya.
Bapak/ibu dan segenap keluarga yang kami hormati, Pertama-tama, perkenankanlah saya
untuk menyampaikan tuturkata mewakili orang tua kami Bapak Suyono untuk secara resmi
menyampaikan maksud dan tujuan kedatangan kam ini. Namun sebelumnya kami
menghaturkan salam yang diiringi ucapan terimakasih atas penerimaan kami sekeluarga
yang telah disambut dengan baik.
Pada hari ini kami hadir di tengah-tengah keluarga Bapak/Ibu, tiada lain dalam rangka
bersilaturahmi agar saling mengenal lebih dekat antara satu dengan lainya, ini yang
pertama. Dan adapun yang kedua tujuan kedatangan kami adalah untuk menyampaikan
hajat dari adik kami yang paling bungsu dari kami lima bersaudara yaitu Hendrik
Lesmana, yang katanya adik kami yang satu ini sudah cukup lama mengenal putri Bapak /
Ibu yang bernama si Ica.
Nah.. Cerita singkatnya, Adik kami telah menyampaikan niat yang tulus kepada orangtua
kami untuk dihantar meminang Si Ica. Untuk itulah maksud dan tujuan kedatangan kami
pada hari ini, yakni meminang putri bapak si Ica untuk adik kami yang bernama si Hendrik.
Mudah-mudahan Bapak berkenan untuk meridhoi niat adik kami, dengan menerima
lamaran ini.
Hanya inilah yang dapat kami utarakan kepada Bapak dan Ibu, Sambil menanti sambutan
dari Bpk/Ibu apakah lamaran kami ini diterima atau mungkin ditolak, tak lupa kami
sekeluarga mohon maaf apabila dalam menyampaikan maksud dan tujuan ini ada tutur kata
yang kurang berkenan di hati. Begitu pula hantaran pakaian dan cincin hanya sekedarnya
saja sebagai lambang pinangan.

Rabbana hablana min azwajina wa dzurriyyatina qurota ayunin waj alna lil muttaqina
immama.
Billahittaufik wal hidayah, Wassalamuallaikum Wr. Wb.

Nuwun,
Dhumateng panjenganipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan,
miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.
Awit saking nugrahaning Gusti Allah SWT, saha pangestu panjengan sami, sowan kula
sakanca wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan
tansah pikantuk karaharjan, kalis ing sambekala.
Saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, langkung rumiyin keparenga kula
sakanca nderek pitepangan dhumateng panjengan sedaya.
Nami kula ingkang wonten sisih tengen kula punika Bapak dene ingkang
sisih kering kula punika Bapak . Kula tetiga taksih kalebet satunggal perumahan kaliyan
Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) Ingkang kepareng utusan.
Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan ingkang dhahat kinurmatan.
Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula ing ngarsa panjengan sekaliyan.
Ingkang angka sepisan, inggih silaturahmi dhumateng Bapak (asma tiyang sepuh calon
pangantin putri) sekaliyan, saha bapak/ibu ingkang sami rawuh ing pepanggihan punika.
Ingkang angka kalih, sowan kula wonten ing mriki kinantheni salam taklim saking Bapak
(asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) katur wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang
sepuh calon pangantin putri) sekaliyan.
Ingkang angka tiga, kula kinen ngembun-embun enjang anjejawah sonten, nglamar putraputri panjengan ingkang asesilih Rara (nama calon pangantin putri). Inggih awratipun dados
tiyang sepuh ingkang dipun tangisi putra, pramila lajeng utusan kawula tetiga.
Pramila mbokbilih danganging panggalih lan wonten keparengipun inkang putra kasuwun
kadaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung)
ingkang peparab (asma calon pangantin kakung). Aturing Bapak (asma tiyang sepuh calon
pangantin
kakung)
sekaliyan ingkang
pungkasan mbokbilih panyuwunipun
dipunkeparengaken, sadereng lan sasampunipun nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan.
Mekaten atur kula minangka sulih sarira saking Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin
kakung) sekaliyan, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang nuju prana, kula naming saged
nyuwun pangapura dhuamteng panjengan sedaya.
Maturnuwun

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp. ............................................ (ingkang pasrah) ingkang piniji
hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun
Bp. ............................. sekalihan garwa (badhe/calon besan) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.
Pasrah Lamaran
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit
mradapa keparengipun Bp. ................................. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula
piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang
luhur saking panjenenganipun Bp. ..................................... sekalihan, lumantar
panjenenganipun Bp. ...................... (ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan karya, kanthi
wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun
badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha samisami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka
bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun
Bp. ................................. sekalihan (inkang mengku gati). Boten kekilapan panjenenganipun
Bp. .................................... sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun menggah
sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan
dhumateng Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana
raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra
pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku
gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi mangsa kala tumapaking
ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp. ............................................ sekalihan
garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning panggalih hajenengi paring
pudyastuti
murih
rahayuning
sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen
kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking
wicara, cawuh kisruhig paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata
krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.
Akhirukalam, billahit taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Tuladha Atur Pasrah Lamaran

Assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh
Alhamdulillahi rabbil 'alamiin, nahmaduhu wa nasta'inuhu wa nastaghfiruh wa na'udzubillahi
syuruuri anfusinaa wa min sayyi'aati a'maalinaa man yahdillahu falaa mudhillalah wa man
yudhlil falaa haadiyalah. Asyhadu anlaa illaha illaallaah wa asyhadu anna Muhammadan
abduhu wa rasuuluh.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning
akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT,
Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kasarasan, kawilujengan, katentreman tansah kajiwa
lan kasarira dhumateng panjenengan sedaya hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben sekeca
wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur, kula piniji minangka duta
saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ......................................... sekalihan.
Panjenenganipun Bp. ............................. sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang
pantes katuran sagunging pakurmatan. Kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun
Bp. ......................... sekalihan, ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten
ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga sedayanipun.

Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan bilih ing
antawisipun Bp. ............................... sekalihan hanggadhahi putra kakung
kekasih pun Bg. ............................... kaliyan Bp. ............................ sekalihan
garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya siwi sesilih
Rr. ................................... Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken
balung pisah daging arenggang, bebasan ngembun-embun enjang anjejawah
sonten, ndhodhog latar, ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe.

Kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha

sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking
agenging manah panjenenganipun Bp. ....................... sekalihan anggenipun
katampi panglamaripun, pramila ing kalenggahan punika ngaturaken sarana
miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ................... sekalihan garwa
inggih
punika;
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya
ndadosna sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saget
pisah
salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp. ..................... sekalihan dhumateng Bp. ............................. sekalihan
garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ............................., ing
pangajab
pinangka
agemanipun
calon
penganten
putri.
Mboten kekilapan Bp. ................................. sekalihan ngaturaken redana awujud arta,
kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp. .............................. sekalhan garwa
(ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi
punika, panyuwunipun Bp. ...................... sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi
titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning
agami miwah adat widhididana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. ...................... sekalihan anggenipun
ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging
samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun
Bp. .................. sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba
sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula nyuwun shing samodra pangaksami.
Akhiru
kalam,
billahi
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

taufik

wal

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Tuladha Atur Pasrah Lamaran

hidayah

Akhiru kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai