Anda di halaman 1dari 14

1

ADICARA LAMARAN

Baik langsung saja saya berikan isi acara atau susunan acara yang akan
berlangsung pada acara lamaran. 

1. Pambuka
2. Sowanipun kulawarga besan
3. Atur pambagyaharjo dari pamangku gati
4. Atur Pasrah lamaran
5. Atur panampi lamaran
6. Adicara adat. isinya yaitu:  
                                                     a. Pasrah sanggan
                                                     b. Lintu kalpiko(tukar cincin)
                                                     c. Pasrah arta Buwuh 
    7. Sumene (istirahat)
    8. Purna

CONTOH TEKS PASRAH LAMARAN

Pasrah Lamaran
Sebelum melangsungkan pernikahan, pada umumnya dilakukan acara lamaran
dulu. Hal ini sudah jamak dilakukan diberbagai tempat di Indonesia termasuk
dalam adat Jawa. Untuk memasrahkan lamaran kadang gampang-gampang
susah untuk mendapatkan orang yang bersedia dijadikan wakil untuk
mengutarakan maksut lamaran ini. Bagi anda tidak ada salahnya
mempersiapkan diri barangkali suatu saat ada saudara atau tetangga yang
2

kebingungan membutuhkan seorang duta, anda bisa tampil membantu. Berikut


contoh teksnya:

          Assalamuallaikum wr, wb.


      Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjuaken raos suka syukur wonten
pepadaning Gusti Allah ingkang Maha wicaksana" Mugi Rahayuha Sagung Dumadi"
tansah kajiwa lan kasarira dhumateng panjenengan sedaya hangluberana dhumateng
kula.   
        Nuwun dhumateng Panjenenganipun para pepundhen, Para sesepuh, pinisepuh
ingkang hanggung mestuti pepoyaning kautamen. panjenenganipun para tamu kakung
putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
    Amit pasang aliman tabik mugi tinebehna ing iladuni myang tulang sarik, awit kula
cumanthaka hanggempil kamardikan panjenengan sawetawis ingkang tinembe sekeca
wawan pangandikan saha mangun oneng, Boten ateges ngirangi unggah-
ungguh,subasita menapa dene tatakrama, ananging kula hangemban dawuh jejibahan
luhur piniji minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa( nama yang
diwakili) sekalian.
    Panjenenganipun Bapa...(nama tuan rumah) sekalian ingkang pantes hanampi
sagunging sekar pakurmatan. kula minangka duta saking panjenenganipun Bapa..
( yang diwakili) sekalian Kaping sepisan: " Ngaturaken  salam taklim katur
panjenengan sumrambah kaluwarga dalasan gotrah.
      Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun wonten pirembakan ing antawisipun Bapa....
(nama yang diwakili) sekalian ingkang anggadahi putra kakung kekasihpun Bagus...
(nama pelamar) kalian Bapa...(nama tuan rumah) sekalian garwa ingkang anggadahi
kenya siwi sesilih Rara...(nama yg dilamar). Gumolonging pirembakan nedya
hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ngebun enjang
ajejawah sonten, ndhodok latar ndhodok lawang sumedya nginang jambe suruhe,
kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun
manunggal cipta, rasa, miwah karsanipun, kanthi menika panjenenganipun Bapa..
(nama yang diwakili) sekalian ngaturaken syarat sarana minangka jejangkepanipun
tatacara salaki rabi. Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ing ngarsa Bapa...
(nama tuan rumah)sekalianinggihmenika:
-sanggan saha majemuk ingkang awujud maneka warna kanthi pangajab, mugi boten
ningali wujud lan ajinipun, ananging kepanggaliha niat ageng tulus lan suci saking
manahipun Bapa..(nama yang diwakili) sekalian garwa, anggenipun kepengin sanget
ngraketaken tangsuling kekadangan antawisipun keluarga kekalih mugi mboten saged
pisah salami-laminipun.
3

-kajawi saking menika, panyuwunipun Bapa..(nama yang diwakili) sekalian dhumateng


Bapa..(nama tuan rumah) sekalian garwa, hambok bileh sampun dumugi titiwanci
tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna miturut agami sah
adat widi widana ingkang taksih lumampah wonten ing laladan ngriki.

ATUR PENAMPI

Assalamu'allaikum Wr Wb.

      Dhumateng panjenenganipun Bapa.....(nama yang memasrahkan) ingkang


piniji angemban wuwus minangka duta saking panjenenganipun Bapa/ibu..
(besan) ingkang pantes sinuba sekaring pakurmatan. Kula ing   ngriki minangka
sulih sarira, talanging atur saking pamangku gati nun inggih Bapa/ibu..(nama
tuan rumah)sarimbit keparenga matur, kaping sepisan. "Ngaturaken pambagya
Sugeng Rawuh saha nderek memuji syukur wonten Gusti Allah Ingkang Maha
Mirah, awit karawuhan panjenengan sedaya saking laladan..(desa asal besan)..  
Dumugi tlatah ngriki tansah pinayungan rahmating Gusti satemah saget manggih
Rahayu samudayanipun.

      Ewondene atur salam taklimipun Bp (besan) sampun katampi kanthi suka


gumbiraning manah, kosokwangsulipun dawah sami-sami atur salam taklimipun  
Bp (Tuan rumah) ugi katur dhumateng  Bp/ibu (besan) sekalian.

            Ingkang saklajengipun, panjenengan kalawau nglarapaken sekar cepaka


mulya sasele nun inggih pasrahipun putra calon penganten kakung katampi  
kanthi suka gumbiraning manah, Menawi kenging kawedhar ingkang kathah, kadi
kajugrukan wukir sari kablebeging samodra madu. Ing saklajengipun, hambok
bileh sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken
kalian Nimas ayu..(nama calon pegantin putri)..miturut satataning agami saha
adat widhi widana ingkang taksih lumampah wonten ing tlatah ngriki.

Dumateng Bapa..(nama yang pasrah)..dalah pangaraking putra calon temanten


kakung, sasampunipun putra calon temanten kakung kapanggihaken,
panjenengan sedaya kula suwun pinarak wonten palenggahan ingkang sampun
4

sumadya kanthi mardu mardikaning penggalih dumugi saparipurnaning adicara,


saperlu hangestreni tuwin atur puji pangestu mugi-mugi anggenipun temanten
badhe mangun brayat anyar wonten madyaning bebrayan agung tansah manggih
bagya mulya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi , miwah gagah
ingkang jinangkah.

        Puput pepontaning atur, menawi wonten kuciwaning boja krami anggenipun


Bapa ..(yang punya hajat) sarimbit ngacarani menggah ing rawuh panjenengan
sami, mugi panjenengan sedaya keparenga atur gunging samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bileh wonten kiranging
subasita ingkang singlar ing rehtata krama. Kupat janure klapa, menawi lepat
nyuwun pangapura.

      Wassalamuallaikum wr wb, Nuwun.

TULADHA ATUR PAMIT PASRAH LAMARAN JAWA.

        Assalamualaikum Wr. Wb.

  Nuwun, Dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka
basuki. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang
pantes pinundhi saha kinabekten.

Ngaturaken sewu agunging pangaksama, dene kula parikedah angridu


panjenengan sedaya ingkang takseh wawan pangandikan, saperlu sumela atur
ing ngarsanipun Bp...(Pamangku Gati) sekalian sumrambah para tamu sedaya.

Syukur Alhamdulillah, adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi


wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala, inggih awit saking Rahmating Gusti
Allah Ingkang Maha Asih, punapa dhene pangestunipun panjenengan sedaya.

Kula ingkang piniji minangka talanging atur saking Panjenenganipun Bp...(Nama


orang tua calon pengantin laki-laki) sekalian. Rehning adicara pasrah sarana
miwah pinangka jangkeping tatacara salaki rabi, samudayanipun sampun
paripurna boten kirang satunggal punapa, mugi kalilanana kula sapangombyong
keparenga nyuwun pamit madal pasilan, daya-daya matur ing ngarsanipun Bp...
(tuan rumah) sekalian, bab purnaning sadaya ingkang dados sesanggeman kula.
5

ingkang punika, nyuwun tambahing pui pangestu, mugi-mugi lampah kila


sarombong tansah manggih rahayu wilujeng kalis saking pringga bayaning
marga.

Minangka pepuntaning atur, hambok bileh anggen kula matur wonten tutur ingkang
kalantur-lantur mkiwah kiranging subasita ingkang boten hanuju prana, kula nyuwun
lumunturing samudra pangaksama.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Pasrah Lamaran

      Assalamu'alaikum Wr. Wb

      Kula nuwun

kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agungingb


pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp. (Nama Tuan rumah) sarimbit
garwa, kula piniji minangka talanging basa saperlu caos wangsulan pamundhut
palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.

      Dhumateng panjenenganipun Bp..(Nama Duta pasrah) ingkang wedal menika


hangemban jejibahan luhur minangka duta saking panjenenganipun badhe kadang
besan sutresna ingkang pantes hanampi sagunging sekar pakurmatan.

    Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bp. (Nama tuan rumah)


sekalian hanampi karawuhan panjenengan sarombongan, ingkang sampun
kepareng angestreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka
jangkeping tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepisan malih ngaturaken sewu
agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
6

    Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula boten kadugi amambengi,


namung saget ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji pandonga konjuk
dhumateng nagarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Welas mugi-mugi jengkaring
panjenengan sedya saking ngriki dhumgi dalem sowang-sowang tansah pinanggih
rahayu wilujeng sepen ing sambekala.

    Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning boja krami
anggen kula hangancarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi
kepareng hanglumemeberaken gungeng samudra pangaksama. semanten ugi kula
minangka talanging atur hambok bileh wonten atur ingkang  singlar ing reh tata
krami, kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten.   

Wallahul muwaffiq illa aqwamit-thariq, 

wassalamu'alaikum Wr. Wb.,

SUSUNAN ACARA AKAD NIKAH

1. Pambuka
2. Waosan ayat suci alquran
3. Sari Tilawah 
4. Priksan Jati diri
5. Khotbah Nikah
6. Ijab Qobul
7. Doa
8. Maos Siqot Taklik
9. Tapak Asma Buku Nikah
10. Lung tinampen Buku Nikah
11. Purna
7

SUSUNAN ACARA MIDADAREN 

1. Praptaning calon Penganten kakung, kulawarga sarta pangiring


2. Paring unjukan wening dhaten Calon penganten kakung dening Ibu..(Pamangku
gati)
3. Pambawara/pranatacara maosaken rantaman tata upacara wonten ing dalu
punika
4. Pangandikan pasrah Saking kaluwarga Calon pengantin kakung
5. Atur panampi pasrah deninhg kaluwarga Calon penganti putri (pamangku gati)
6. Lung tinampen sanggan
7. Pambagyaharja
8. Pitepangan kulawarga
9. Waosan Catur Wedha
10. Tilik nitik
11. Sumene (dhahar sareng)
12. Pangandikan Pamit saking Kaluwarga Calon pengantin kakung
13. atur waluyan saking kaluwarga Calon pengantin putri(pamangku gati)
14. Lung tinampen kancing gelung tuwin angsul-angsul
15. acara purna

PANYANDRA MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI (keluarnya pengantin putri dari


kamar rias)

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar Ketawang


Puspawarna. Kaya ana ganda hangambar arum katiuping samirana manda.
Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.

Panti  ateges papan  busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos
saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing
ing salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing
garwa nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara
yayah sileh prenah

Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan


kanan, lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana
pahargya.
8

Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun


cinandra ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.

Kairing gending : Ketawang puspowarno

Isi dan urutan acara siraman temanten yaitu:


1. Pasang blekete saha tuwuhan
2. Sungkeman Calon temanten putri dhumateng Ibu
3. Ngracik/nyampur toya siraman saking pitung (7) sumber
4. Utusan kintun toya dhumateng kulawarga Calon temanten putra
5. Lampahipun siraman
6. Bilasan atau pecah pamor
7. Pagas rikma
8. Gendhongan
9. Pagas tumpeng(potong tumpeng) kalajengaken dulangan
10. Tanem rikma
11. Sade dhawet
12. Paring arta asilipun sadeyan dhawet saking rama ibu dhateng calon temanten
putra
13. Siraman purna

Rantaman acara wonten ing sak lebeting Pahargyan temanten


Manjingipun penganten sarimbit wonten saklebeting pahargyan.

          urutanipun:

                          -Subamanggala/cucuk lampah

                          -Patah sakembaran (menawi wonten)

                          -Satrya kembar (menawi Wonten)

                          -Putri dhomas utawi pager ayu lan pager bagus (menawi wonten)

                          -Sedherekipun pengantin kekaklih

                          -Besan

                          -Pamangku gati
9

    2. Photo Penganten

    3. Paring salam saking para tamu dhumateng penganten kekalih tuwin pamangku
gati saha besan            kanthi jawat asta (pahargyan)

Katrangan:
 Urutan kasebat saget owah gingsir, gumantung kawontenan 
Baca Juga: Sekolah Pranatacara

Ketika membawakan acara apapun baik dalam pernikahan maupun yang lainnya, sebagai
pranatacara  atau MC sebaiknya mencatat baik-baik nama mitra kerja yang terlibat di dalam
acara tersebut. Misal sound system, Juru rias, Perlengkapan dekor, Video shooting, Katering
Dan lain sebagainya. Tujuannya adalah ketika waktu senggang dalam acara sebagai
pranatacara atau MC bisa mempromosikan mitra-mitra tersebut dengan menyebutkan brand
mereka satu persatu. tentunya ini akan membuat mitra kita merasa senang dan bila suatu saat
pranatacara bertemu dan terlibat dalam sebuah acara akan menjadi lebih dekat. keuntungan
lain adalah untuk menambah jaringan kerja siapa tahu melalui mitra acara tersebut suatu saat
ketika dibutuhkan kita yang akan direferensikan. 

PANYANDRA PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG (kedatangan pengantin putra)

Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan
sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang
ketingal agung, ageng lan wibawa.

Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. Dasar pekik ing
warna, dedek pidheksa pangawak pradata. Langkun-langkung sinasaban busana kang
tinaretes benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih
hangagem dhestar hangemba nata tan ana kang kuciwa

Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote
ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.

Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.

INFO PENTING: Berikut adalah contoh gendhing puspowarno pengiring panyondro temanten


kakung/putra. Anda bisa berlatih dengan memutar / memainkan video sambil membaca teks di
halaman ini. Aturan yang baik saat mengiringi dengan gendhing adalah biarkan gendhing
bermain dulu beberapa saat baru suara pranatacara masuk::

Adakalanya (kondisional) sebelum kedatangan pengantin putra diadakan penjemputan


pengantin putra oleh Duta Pamethuk (Utusan yang umumnya terdiri dari dua orang laki-laki).
Ini juga lebih baik diberikan panyandra/panyondro.
10

PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan


gegodhongan tan ebah awit samirana tan lumampah, kang kapyarsa amung
swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha, senadyan
hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya kalawau kena
pangaribawane kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya
ngancik ing ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama

nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten
priya kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantal mring temanten
putri kang winastan Gondhang tutur.

KETIKA MENGINJAK TELUR

Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten kakung.
Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning
tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining
akrama.

KETIKA CUCI KAKI

Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi


sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa

KETIKA SINDURAN

Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran. Kawistara temanten


kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu. tanggapin
sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra
temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.

Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu
hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung
pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -mugi anggenipun nepusi
11

jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan


grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.

KROBONGAN

Sesi ini ada:


 bobot Timbang
 tandur
 kacar-kucur
 dahar kembul 

sesi selanjutnya adalah

SUNGKEMAN

Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang


garwa sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli
sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi
tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.

Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada
ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus
kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing
wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake.

Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng


ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang
ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.

TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA KROBONGAN

Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan
warangka. bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek,
samangke sampun wus manunggal dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang
kenya, mangkya wus manunggal inng karep, nunggal sedya, nunggal tekad,
nunggal ati, nunggal raga, nungal jiwa mangun brayat anyar wonten madayaning
12

bebrayan agung. 

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara candakipun nun inggih upacara
adat krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang taksih lumampah
wonten ing laladan ngriki. Upacara krobongan punika antawisipun :

 bobot Timbang
 tandur
 kacar-kucur
 dahar kembul
Note: Acara krobongan ini dimulai sesudah acara sinduran, yaitu diaraknya
pengantin menuju ke pelaminan. jadi untuk pambiwara (pranatacara) masih
menggunakan irama panyandra seperti yang saya contohkan sebelumnya.
Susunan acara krobongan adalah:

Bila acara krobongan sudah selesai, pranatacara selanjutnya akan mengarahkan


ke acara sungkeman. yang sebelumnya didahului dengan acara KEDATANGAN
besan. Berikut contoh teksnya.

TULADHA ATURIPUN PRANATACARA NALIKA BADHE RAWUHIPUN MAPAG BESAN

Para rawuh kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan menika
boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih (nama besan. misal Bapa
Rahmad) lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu...
(nama pamangku gati.misal Bapa Raharjo) sekalian ingkang hamiwaha putra
mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para
kadang santana.

Rawuhipun panjenenganipun Bapa...(nama besan misal Bapa Rahmad) kairing


ungeling gendhing Tirta kencana, laras pelog pathet 6.

TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA SUNGKEMAN  

Sanggya para lenggah, para rawuh ingkang winantu ing kabagyan. Paripurna
laksitaning adicara adat krobongan ingkang sampun kasembadan  kanthi lulus
raharja nirwikara ing samudayanipun, ingkang saklajengipun badhe lumadi
adicara sungkeman. ananging sakdherengipun adicara menika kawiwitan,
langkung rumiyen besan ingkang taksing mapan wonten ing sasan palereman
badhe kapapag tumuli kairing wonten ing sajejering kursi pelaminan wosing gati
13

hanampi sungkemipun ingkang putra. Pramila saking menika dhumateng Bapa..


(nama besan) sekalian garwa keparenga jengkar saking kursi rinengga.
Jengkaring Bapa..(nama besan)sekalian kabiwadha ungeling gending kapang-
kapang.

 gambar contoh acara sungkeman

Demikian tadi contoh teks pranatacara terbaru saat mengarahkan acara


panggih,krobongan dan sungkeman. Selain itu masih ada acara pambagya harja
yang saya posting berikutnya.

Pengiring pengantin masuk/mijiling pengantin putri : Lcr.. Kebogiro /


Monggang atau puspowarno. Sl My

Pambagyoharjo (iringan gendhing awal paraga masuk dan ketika sudah selesai
saja): Kebo Giro. Plg brg
Pembukaan Acara (protokol) : Pramugari. Plg Brg atau Ldr. Santimulya /Ktw.
Mijil wigaringtyas 

Temanten putri masuk beserta pengiring : Ktw. Sekartejo atau Ktw. Puspawarna 

Temanten Pria masuk beserta pengiring di iringi dengan Ldr. Wilujeng


Acara Temu di iringi dengan Lcr. Kodok ngorek dilanjutkan dengan Ktw.
Larasmoyo 

Besan masuk di iringi dengan Lcr. Udan mas atau Ldr. Tirtakencana. 

Setelah kedua besan duduk bersama di iringi dengan Ldr. Sriwidodo 


14

Acara sungkem di iringi dengan Ldr. eling-eling / Ktw. Mijil wigaringtyas. 

Subomanggolo masuk untuk menjemput kedua pengantin di iringi dengan Ayak-


ayakan 

Subomanggala keluar dan membawa pengantin berdua untuk ganti busana kirab
di iringi dengan Ktw. Srinarendro 

Subomanggolo masuk bersama pengantin berdua di temani oleh yang sudah


memakai baju kirab kesatriyan di iringi dengan Ktw. Subokastowo. 

Subamanggala keluar di iringi dengan lagu-lagu yang ceria : Prau Layar,dll 

Acara penutup di iring dengan Ldr Runtung atau Ldr. Gleyong 

Salah satu contoh gendhing PRAMUGARI untuk mengiringi membuka acara bisa
dilihat di Channel Youtube Saya Tarto Essos berikut ini;

Demikan tadi susunan gendhing-gendhing dalam pahargyan

Anda mungkin juga menyukai