Anda di halaman 1dari 1

Assalamu'allaikum Wr Wb.

Dhumateng panjenenganipun Bapa.....(nama yang memasrahkan) ingkang piniji angemban wuwus


minangka duta saking panjenenganipun Bapa/ibu..(besan) ingkang pantes sinuba sekaring pakurmatan.
Kula ing ngriki minangka sulih sarira, talanging atur saking pamangku gati nun inggih Bapa/ibu..(nama
tuan rumah)sarimbit keparenga matur, kaping sepisan. "Ngaturaken pambagya Sugeng Rawuh saha
nderek memuji syukur wonten Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, awit karawuhan panjenengan sedaya
saking laladan..(desa asal besan).. Dumugi tlatah ngriki tansah pinayungan rahmating Gusti satemah
saget manggih Rahayu samudayanipun.

Ewondene atur salam taklimipun Bp (besan) sampun katampi kanthi suka gumbiraning manah,
kosokwangsulipun dawah sami-sami atur salam taklimipun Bp (Tuan rumah) ugi katur dhumateng
Bp/ibu (besan) sekalian.

Ingkang saklajengipun, panjenengan kalawau nglarapaken sekar cepaka mulya sasele nun inggih
pasrahipun putra calon penganten kakung katampi kanthi suka gumbiraning manah, Menawi kenging
kawedhar ingkang kathah, kadi kajugrukan wukir sari kablebeging samodra madu. Ing saklajengipun,
hambok bileh sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken kalian Nimas
ayu..(nama calon pegantin putri)..miturut satataning agami saha adat widhi widana ingkang taksih
lumampah wonten ing tlatah ngriki.

Dumateng Bapa..(nama yang pasrah)..dalah pangaraking putra calon temanten kakung, sasampunipun
putra calon temanten kakung kapanggihaken, panjenengan sedaya kula suwun pinarak wonten
palenggahan ingkang sampun sumadya kanthi mardu mardikaning penggalih dumugi saparipurnaning
adicara, saperlu hangestreni tuwin atur puji pangestu mugi-mugi anggenipun temanten badhe mangun
brayat anyar wonten madyaning bebrayan agung tansah manggih bagya mulya, rahayu ingkang tinuju,
basuki ingkang kaesthi , miwah gagah ingkang jinangkah.

Puput pepontaning atur, menawi wonten kuciwaning boja krami anggenipun Bapa ..(yang punya
hajat) sarimbit ngacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi panjenengan sedaya keparenga
atur gunging samudra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bileh wonten
kiranging subasita ingkang singlar ing rehtata krama. Kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun
pangapura.

Wassalamuallaikum wr wb, Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai