Anda di halaman 1dari 1

ATUR PAMBAGYA HARJA

Assalamua'laikum Wr Wb.

➤ Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini
sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar
pakurmatan
Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para
satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinormatan.
Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manton(kepanitiaan acara
manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri misal Hendro)..kinen sumileh sarira angemban wuwus
ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

➤ Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten
Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun
ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan
kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara.
Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget
pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

➤ Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing
kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian angambali atur pambagyawilujeng
awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga
pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

➤ Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa.. (nama
tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun
ingkang asesilih..(nama mempelai putri) ..dahup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..
(nama besan/orang tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene
wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu akad nikah jika sudah
terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

➤ Winantu pangajabaing sedya saking Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit,mugi wonten
sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit
satat tresna tiresnanan, atut runtu anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah
wa rahmah), saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma
pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

➤ Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen(lali)Bapa..(nama pamangku gati)
sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra
sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..
(nama pamangku gati) sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten
ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjeengan kalawau dadosa amal kesaenan,
saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju(setimpal).

➤ Pepuntaning atur saking bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan
panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan.
Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana
taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-
hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai