Anda di halaman 1dari 6

Pihak Perempuan

1. Hieronymus Budi Santoso


2. Ning Dewi Anggarawati
3. Gloria Budi Megawati
Pihak Laki Laki
1. Alm Sentot Saryanto
2. Eli Haryanti
3. Guntur Condro Gumilang

Rangkaian Acara

1. 18 Nopember 2023
Biston Mempelai Putri
Lamaran Oleh Kel Bu Eli
2. 16 Desember 2023
Pagi Siraman Kedua Calon Mempelai
3. 16 Desember 2023
Sore Pemberkatan Kedua Calon Mempelai
4. 17 Desember 2023
Resepsi Dari Keluarga Mempelai Putri Di Gedung Batari
5. 18 Desember 2023
Resepsi Ngunduh Di Gedung Gra Saba Buwana

Persiapan
I. Biston dan Lamaran
Hari Jumat tanggal 15 Desember 2023
1. Ubarampe
2. Petugas Pembawa
3. Paraga Pasrah

II. Siraman
Hari sabtu tanggal 16 Desember 2023
Urutan acara
1. Penyerahan tirta purwita adi
2. Penuangan TPA pada jembangan
3. Siraman
3.1 orangtua
3.2 para sesepuh
4. bilasan air kendi
5. pecah kendi
6. pangkas rikma
7. bopongan
8. lukar busana
9. foto bersama
Paraga Siraman
1. Bp Robertus Budi
2. Bp Saeran
3. Bp Lis
4. Bp Sisto
5. Ibu Eli
6. Bp Agus Sarwanto
7. Bp Sri Hantoro
Air Siraman
Bak Air Dan Bunga, Gayung
6.

Lamaran

Assalamu”alaikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung


mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha
kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung kalian putri
ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur


dhumateng Gusti. Mugi Rahayuna Sagung Dumadi tansah kajiwa lan
kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng
kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang
tulaksarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil
kamardikan penjenengan sadaya ingkang katemben wawan pangandika,
inggih awrahtipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji. Minangka duta
saraya sulih sarira saking panjenenganipun Ibu Eli Haryanti sakulawarga.

Panjenenganipun Bapak/Ibu Hieronymus Budi Santoso sekalihan


garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, lumantar ingkang
kinurmatan Bapak Yohanes suyono SPd, pinangka sulih sarira saking
panjenanipun Ibu Eli Haryanti sakulawarga, menggah atur kula ingkang
angka setunggal, ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa
Bapak/Ibu Hieronymus Budi Santoso sumarambah para kulawarga
samudayanipun.

Jangkep kaping kalih , ing nguni sampun wonten pirembagan, ing


antawisipun Ibu Eli Haryanti, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg
Guntur Condro Gumilang kaliyan Bapak Hieronymus Budi Santoso
sekalihan garwa ( ingkang mengku gati ) hanggadahi Kenya siwi sesilih Rr
Gloria Budi Megawati

Gumolonging pirembagan nedya hangratekaken balung pisah daging


arenggang, babasan ngebun-ebun anjejawah sonten, ndodhok latar,
ndodok lawang sumedya nginang jambe suruhe. Kanthi atur makaten
karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal
cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah
panjenenganipun Ibu Eli Haryanti, anngenipun katampi panglamaripun
Pramila ing kalenggahan punika, ngaturaken sarana miwah upakarti
pinangka jangkepipun tatacara salaki rabi.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapak


Hieronymus Budi Santoso sekalihan garwa inggih punika :

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi


pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing
kekadhangan, saengga mboten saged pisah salami-laminipun.

Kasoking tresna Ibu Eli Haryanti dhumateng Bapak Hieronymus


Budi Santoso sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman
ingkang awujud busana sak pangadeg ing pangajab pinangka agemanipun
badhe / calon penganten putri.

Mboten kekilapan Ibu Eli Haryanti ngaturaken redana wujudipun


arta, kenginga damel ngenteng-enthengi anggenipun Bapak Hieronymus
Budi Santoso sekalihan garwa netepi darmanipun sepuh hamiwaha putra
mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Ibu Eli Haryanti, ing benjang
menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati, mugi calon penganten
kaijabna saha kapanggija anut, satataning agami miwah adat widhiwidana
ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.

Minangka, pungkasaning atur, hambok bilih Ibu Eli Haryanti


anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun,
mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun.


Ibu Eli Haryanti, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging
suba sita ingkang singlar ing reh tete krami, kawula nyuwun sihing
samodra pangaksami. Akhirul kalam. Billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu”alaikum Wr.Wb

Pamitan Lamaran

Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kulo kurmati. Para sesepuh


ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapapadene
panjenenganipun para tamu kakung sumawarna putri ingkang pantes
katuran sagu-sagunging pakurmatan.

Ngaturaken sewu agunging aksama, dene kawula parikedah angridhu,


anggen panjenengan katemben wawan pangandikan, saperlu sumela atur
ing ngarsanipun Bapak……sekalihan ( ingkang mengku gati ) sumarambah
para tamu sadaya.

Kula ingkang piniji minangka talanging basa sulih sarira saking


panjenenganipun Bapak….sekalihan, rehning adicara pasrah sarana
miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salakirabi, samudayanipun
sampun paripurno boteri ingkang satunggal punapa, pasilan, daya-daya
maturing ngarsanipun Bapak..sekalihan, bab purnaning sadaya ingkang
dados sesanggeman kula. Ingkang punika, nyuwun tambahing puji
pangestu, mugi-mugi lampah kawula sakrombongan punika tansah
manggih rahayu wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

Minangka pupating atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur
ingkang kalantur-lantur miwah kiranging subasita ingkang mboten hanuju
prana, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalamu”alaikum Wr.Wb

Pasrah manten kakung

ssalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Katur Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah) ingkang piniji


hangembani wuwus, minangka duta saraya saking Panjenenganipun
Bapa ...... sakalihan (calon besan) ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan. Kanthi linambaran paminta sih aksama, inggih awit mradapa
kaparengipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati), kula piniji
minangka talanging basa, hanampi menggah wosing gati lekasing sedya
ingkang luhur saking Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan),
lumantar Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, kula ngaturaken sugeng rawuh saha


ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene
Panjenengan sampun kapareng rawuh kanthi wilujeng nirbaya nirwikara
boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking


Panjenenganipun Bapa ...... (calon besan) lumantar Panjenengan, mugi
dhawaha sami-sami.

Baca juga:
Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Lengkap dengan Pengertian dan Cara
Membuat
Wondene pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki-rabi, kula tampi
kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula
aturaken dhateng ngarsanipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku
gati). Boten kekilapan Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (ingkang
hamengku gati) ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya
peparingipun Bapa ...... sakalihan (calon besan), pratandha yekti kasoking
katresnan dhateng Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati). Ingkang
punika mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi
darmaning asepuh ngentas pitulus putra calon panganten.

Hawit saking punika, bilih sampun dumugi wahyaning mangsakala


tumapaking ijab saha panggih, mugi Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan
(calon besan) wonten suka lilaning panggalih hanjenengi paring pudyastuti
murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning tatakrami


anggenipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati) hanampi rawuh
Panjenengan, mugi linuberna samodra pangaksami. Semanten ugi kula
minangka talanging basa, wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh
kisruhing paramasastra, miwah kirangin subasita, nyuwun gunging
pangaksama.

Cekap samanten atur kula, billahi taufikwal hidayah. Wassalamu'alaikum


warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai