Anda di halaman 1dari 1

ATUR PANAMPI PASRAH

Assalamu’alaikum wr. Wb

Dhumateng penjenengnipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten,


para tamu kakung sumawono putri ingkang kinormatan, mirungganipun dhumateng
bapa Budiyono sekaliyan ibu ingkang kinormatan. Sakderengipun kulo matur wonten
ngarso panjenengan sedoyo, sumonggo panjenengan kulo derekaken ngunjukaken puji
syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kepareng paring kasarasan saha
kawilujengan dhumateng panjenengan sedoyo dalasan kulo.
Salajengipun kulo minongko talanging basa saking bp/ibu Warjimin ingkang pidalem
wonten ing Gayamari rt 01/ 11 banjarsari surokarto, ngaturaken sugeng rawuh
dhumateng panjenenganipun bp Andreas Tri atmojo minongko sulih saliro saking bp/ibu
Budiyono ingkang pidalem ing rejosari rt 8/13 gilingan banjarsari surokarto, mugi mugi
panjenengan sapangombyong anggenipun rawuh wonten ing pahargayan mriki kanthi
wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo.
Wondene bp/ibu Budiyono ngaturaken salam taklim dhumateng bp/ibu Warjimin
lumantar panjenengan, sampun katampi kanthi dhawah sami-sami, kanthi atur
Wassalamu’alaikum wr. Wb
Bp Andreas Tri Atmojo ingkang kinormatan, panjenengan hamasrahaken calon
penganten kakung nuwun inggih Bg. Muh. Badruz zaman putro kakunngipun Bp/Ibu
Budiyono, saklajengipun Bp/Ibu Warjimin sakulawargo nampi kanthi sukorenaning
pnggalih. Dene calon temanten kekalih sampun kaijabaken rikolo dinten rabu legi suryo
kaping 12 Desember 2018 wanci tabuh 10.00 enjing wonten Kantur KAU Banjarsari.
Hambok bilih samudayanipun sampun satata samapta, calon penganten kekalih badhe
dipun panggihaken kanthi tata cara agami islam.
Seklajengipun Bp/Ibu Warjimin sakulowarga mawantu wantu mugi penjenengan
sapangombyong keparengo lelenggahan kanthi suko renaning penggalih, ngantos
paripurnaning pahargyan puniko, saha kasuwun keparengo paring berkah donga
pangestu dhumateng putro temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Pungkasaning atur kulo nglenggono bilih kathah klenta-klentunipun atur kulo, pramilo
kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Mekaten, maturnuwun, alhamdulillah jazaakumullahu khoiro.
Wassalamu’alaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai