Anda di halaman 1dari 2

PAMBAGYOHARJO WILUJENG DHAUP PUTRA PUTRINIPUN BP BUDIMAN

Senin, 25 Desember 2017

- Assalamu’alaikum wr. Wb
- DOA

- Hormat :
a. Sagunging para alim ulama, para sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinabekten
b. Bp Kepala Kantor Urusan Agama Kec. Ambal ingkang kinurmatan,
c. Bp Kepala Desa Kembangsawit sak perangkatipun ingkang tuhu pantes sinudarsono,
d. Para Bp/Ibur/Sdr Pengombyong temanten kakung saking Kabupaten Purworejo ingkang kinurmatan,
e. Sagunging para rawuh, sumrambah para sanak kadang, mitra pitepangan ingkang pantes tampi
pakurmatan.

- Sukur dan sholawat :


- Langkung rumiyin mangga kula dhereaken nglairaken raos syukur dhumateng ngarsa Alloh Swt,
ingkang sampun paring sakwarnining kanikmatan, Panjenengan lan kula pinarengaken kempal
manunggal wonten dalemipun Bp Budiman Kambalan, Kembangsawit mriki kanthi karaharjan,
katentreman, kabegjan,sarta kabagas warasan.
- Sholawat sarta salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita nabi Muhammad Saw,
Keluaganipun, sahabat-sahabatipun, sumrambah dhumateng kita selaku umatipun ingkang tansah
nglampahi perintah-perintahipun lan nilar sedaya larangan-laranganipun aamiin.

- Sagunging para rawuh ingkang tansah sinugata ing kautaman, keparenga kula angggempil kamardikan
panjengan sami, nigas wacana munggel pangandikan, mugi kalilan, kula minangka sulih sarira
panjenenganipun Bp Budiman sarimbit dalah kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng rawuh, saha
ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit saking rawuh panjenengan sedaya.

- Salajengipun, kados sampun sami priksa , bilih Bapak Budiman sekalian dinten menika Senin, 25
Desember 2017
hanetepi darmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih
Dini Ayu Setyoningrum (penganten putri), kadhaupaken kaliyan Feri Yastono ( penganten kakung)
atmaja kakungipun Bapak Mardjani igkang lenggah dedalem ing Dusun Kaliduren, Desa Bener,
Kecamatan Bener, Kabupaten Purworejo (alamate penganten kakung).

Wontene upacara akad Nikah / Ijab penganten, sampun kalampahan ing ari kalenggahan punika,
kalawau wanci tabuh 09.00 enjing. Saking keparengipun Gusti Allah SWT awit saking
donga pangestu panjenengan sedaya, upacara akad Nikah / ijab sampun lumampah kanthi lancar
kalis ing sambekala.

Pramila rawuh panjenengan sedaya, kasuwun hanekseni saha kasuwun paring tambahing
donga pamuji , mugi pinanganten sarimbit anggenipun badhe mangun bebrayan, tansah
manggihi kabagyan tuwin kamulyan, dadosa kulawarga ingkang sakinah mawaddah
warohmah, lan ing mangke pinaringana putra ingkang sholeh lan sholihah.

- Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan,


Pahargyan ing wanci punika saged lumampah, inggih hamung karana paring
pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih, punapa dene tandha tresna saking sagung
para tamu.
Ingkang menika panjenenganipun Bapak Budiman kaliyan garwa dalah kulawarga, mboten
saged atur piwales menapa-menapa , kejawi namung ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan, kairing panyuwun wonten ngarsa dalem Allah SWT, mugi
kasaenan panjenengan sedaya pinaringan lelintu ingkang murwat.

- Salajengipun Bapak Budiman sekalian ugi nglenggana, kathah kekirangan saha


kalepatan anggenipun nampi saha ngacarani rawuh panjenengan sedaya, wiwit saking
kirang gupuh, aruh, lungguh, tuwin suguh ingkang mboten damel suka renaning penggalih
sagung para tamu, ingkang punika Bapak Budimsan sakulawarga nyuwun agunging sih
pangaksami.

- Ing wasana dhumateng para tamu kakung saha putri , kasuwun hanyekecakaken
anggenipun sami lelenggahan ngantos paripurnaning   pahargyan   kanthi mardikaning
penggalih . Saha kasuwun mugi wonten keparengipun hangresepi pasugatan
sakwontenipun.

- Minangka panutuping atur, mbok bilih wonten lepat atur kula, keparenga para tamu paring
agunging pangaksami. Nuwun

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai