Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr.

wb

Kawula Nuwun

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana
putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bapak... sakulawarga
mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana.

Mangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT, amargi saking nikmat,
taufik, hidayah, inayah, sarta ridhoning Gusti Alloh SWT ingkang sampun rumentah dhumateng
kita sedaya, satema kita sedaya saged rawuh ing ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Mugi salam sholawatipun Gusti Alloh SWT tansah tetep konjuk ing ngarsanipun junjungan kita
Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafangatipun benjing ing yaumul
kiyamah.

Saklajengipun, saking atur pasrah penganten kakung, inggih menika Arya Sukma, saking
panjenenganipun Bapak Sukimin, ing ngriki minangka sulih kulawarga Bapak Suratman
sekaliyan, kula kadhawuhan nampi pasrahing penganten kakung menika.

Pramila, keparenga amratelakaken bilih anggen panjenengan masrahaken panganten kakung


kula tampi kanthi asta kalih lan kanthi suka renaning penggalih. Mugi-mugi kanthi menika,
berkah nugrahaning Gusti Alloh SWT tansah rumentah dhumateng panganten sekaliyan lan
sumrabat dhumateng kulawarga kita sedaya.

Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putrinipun Sundari Ayu
dumungkup upacara candhakipun.

Menika ingkang saged kula matur, mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih
kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Mugiya sedaya
para rawuh ngluberaken sih agunging pangapunten.

Waalaikumsalam wr wb

Anda mungkin juga menyukai