Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillah hirabbil 'alamin

Asyhadu Alla illa hailallah

WaasyhaduannaMuhammadarrasulullah

Allahumma Sholi'ala Muhammad wa Ala 'Ali Muhammad

Amma Ba'du.

Para sesepuh, pini sepuh, saha alim ulama ingkang satuhu kinabekten

Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang pantes sinudarsana.

Bapa Yamto sakaluarga tiyang ingkah hamengkugati,

Bapa Komarudin sapendherek saking Wonosobo,

Sagung para tamu, kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sumangga kita tansah angunjuaken raos puja puji lan syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang
sampun paring taufiq, hidayah, saha inayah dumateng kula lan panjenengan sami. Satemah saged
kempal manunggal wonten dalemipun bapa Yamto kanthi wilujeng, widodo, ancas ing sambikala.

Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah kaparingaken dumateng Nabi Ageng Muhammad SAW, Nabi
ingkang dados "suri tauladan" dumateng kula lan panjenengan sami.

Para Bapak-Ibu, kula Rahma Huda Putranto cumanthaka lumarap atur anggempil kamardikaning
suwasana bilih wonten ing siang menika Bapa Yamto sakaluarga paring dawuh dumateng kawula kinen
dados talanging atur wonten adicara atur Pambagyaharja.

Pramila, Bapa Yamto ingkang sapisan ngaturaken pambagya sugeng rawuh. Saha ngaturaken agenging
panuwun awit rawuhipun bapa lan ibu sedaya.
Bapa Yamto sakaluarga wonten ing dinten punika ngaturi rawuh panjenengan sedaya nun inggih amargi
badhe nyuwun tambahing doa lan pangestu. Bilih wonten ing dinten punika Bapa Yamto sakaluarga
nembe hanetepi dharmaning tiyang sepuh, malakramaaken saha mahargya putra-putrinipun ingkang
asesilih Rara Ayu Nita Puspita Sari ingkang dipundhaupaken kaliyan Nak Mas Bagus Fathan ingkang ki
dalem wonten ing Wonosobo.

Para bapak saha ibu bilih akad nikahipun temanten sarimbit sampun lumaksana kala wau tabuh wolu
wekdal nuswantara.

Sapindah malih, Bapa Yamto sakaluarga estu nyuwun tambahing pandonga. Mugi-mugi risang temanten
sarimbit saged dados keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah, Warahmah. Amin, Amin Ya Rabbalalamin.

Ingkang pungkasan, bapa Yamto sakaluarga nyuwun pangapunten bilih anggenipun paring palenggahan,
pasugatan, saha nanggepi rawuh para tamu dereng saged dadosaken suka renaning penggalih bapak-ibu
sedaya.

Punika ingkang saged kawula aturaken, cekal semanten atur kaulo menawi wonten lepat kaulo nyuwun
panga ngapunten.

Billahitaufiq walhidayah

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!

Anda mungkin juga menyukai