Anda di halaman 1dari 1

IKRAR SYAWALAN karipta dening den Paimo

Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh


Alhamdulillahirobil ‘alamin, Washolatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin
sayidina wa maulana Muhammadin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in,ama ba’du
Kepareng matur wonten ngarsanipun para pepunden ,sesepuh, pinisepuh, bapak2 ibu2
engkang tuhu kulo bekteni,lan tansah kita suwun do’a saha pangestunipun
Nun inggih keparenga kula hamakili sedaya kadang muda hangaturaken wiraosing
manah ing ri kalenggahan punika
Engkang sepisan, sedaya kadang muda caos pangabekti, mugi katur wonten ngarsa-
nipun para pepunden
Engkang kaping kalih, para kadang muda hangaturaken sedaya kalepatan, saking
catur seklimah, lampah setindak, engkang dipun sengaja saha mboten dipun sengaja,
mugi ing wanci punika, para pepunden, para sepuh kersa paring pangapunten
dumateng kalepatan kula sedaya
Engkang kaping tiga, para kadang muda nyuwun donga pangestu, mugi saget
kasembadan gegayuhanipun , tambah kiat iman lan islamipun, sehat lahir batos,
kaparingan kesabaran anggenipun momong keluarga, katebihna saking rubeda,
kaparingan rejeki engkang gampil, halal, manfaat, barokah, dados keluarga engkang
ayem tentrem, sakinah, mawaddah, warrohmah, wilujeng donya wilujeng akhirat,
saget migunani tumraping sesami, lan kaparingan putra engkang sholih lan sholikhah
Saha para putra lan wayah engkang tasih ngudi ngelmi ing pamulangan dasar ngantos
luhur, mugi kaparingan enteng badanipun, padang pikiripun, gampil nampi ngelmi,
sak engga sakmangke saget ngamalaken ing madyaning bebrayan agung, saget dados
tepa tulada tumraping sesami, saget ngluhuraken asmaning tiyang sepuh lan keluarga
Mekaten atur kula hamakili sedaya para putra, wayah wonten kirang jangkepipun
anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami
Wasana, Akhirul kalam,
Wassalamualaikum wrwb

Anda mungkin juga menyukai