Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kula sedaya, Keluwarga SD Banguntapan, saha sedaya ingkang lenggah ing papan


menika, kanthi ihklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar syawalan.

Ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun bapak-bapak, ibu-ibu, ingkang kaleres


sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabektos.
Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres
enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.

Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi 1 syawal 1442 Hijriah, kairing
donga, Taqobbalallohu minna wa minkum, Shiyamana wa shiyamakum,
Ja’alanallahu Minal aidzin wal faidzin.

Atur kaping tiga, kula nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula, ingkang


kasengaja punapa dene ingkang mboten sengaja, ingkang lahir punapa ingkang
batos, ingkang sedaya wau, mboten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi
panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula,


kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk,
dhumateng kula.
Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi lan paring maghfirah dateng kita sami.
Amin, amin, ya robbal ‘alamin.

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Kirang langkungipun
nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam..

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai