Anda di halaman 1dari 1

IKRAR SYAWALAN

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kula minangka wakil saking muda lan mudi lan warga RT 12, boten singklar gesang
wonten dalem masyarakat tentu kewolo kathah reribet engkang mboten hanuju prono,
woten penggalih poro pinisepuh, pramila mboten sanes kejawi atur pangapunten, kanthi
ihklasing manah, engkang langkung sae saget kawula aturaken, keparenga ngaturaken,
wonten ikrar syawalan.

Ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun bapak-bapak, ibu-ibu, ingkang kaleres


sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabektos.
Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres
enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.

Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1438 Hijriah, kairing donga,
Taqobbalallohu minna wa minkum, Shiyamana wa shiyamakum, Ja’alanallahu Minal
aidzin wal faidzin.

Atur kaping tiga, kula nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula, ingkang
kasengaja punapa dene ingkang mboten sengaja, ingkang lahir punapa ingkang batos,
ingkang sedaya wau, boten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan
sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula,


kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk,
dhumateng kula.
Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi lan paring maghfirah dateng kita sami.
Amin, amin, ya robbal ‘alamin.

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Kirang langkungipun
nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam..

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai