Anda di halaman 1dari 2

ATUR SAMBUTAN PASRAH TEMANTEN LAKI LAKI

ASSALAMU’ALAIKUM WARAHMATULLAHI WABARAKATUH

Kepareng matur wonten ngarsanipun poro Alim,poro ulama dalah poro Masyaih ingkang
kulo mulya aken.Kunjuk dumateng poro pepunden,pinisepuh,aji sepuh ingkang satuhu
kinabekten.Poro pangemban pangembaten projo satrianeng negari . Sagung poro kadang
besan tuwin pangambyong temanten kakung ingkang minulya.Poro pilenggah sedoyo kakung
mIwah putri ingkang pantes nampi ing pang hormatan.

Purwakaning atur kula sakadang munjukaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah Ta’ala
ingkang sampun paring hangayomi lampah kulo sak panggombyong,awit saking Dukuh
Nglawu,kecamatan Grogol Kabupaten Sukoharjo dumugi wonten ing papan puniko kanthi
manggih wilujeng rahayu widodo nir sekaheng rubedo.Awit saking puniko kulo aturaken
Alhamdulillahirrobbil’alamiin.

Shalawat soho salam mugi tansah katur dateng kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu alaihi
wassalam dalah keluarga,sumrambah sahabat,mugi saget lumeber dateng kulo lan
panjenengan sedoyo.Ingkang tansah angantu payung pengayoman ipun mbenjing ing dinten
qiyamah.

Nyuwun sewu,kepareng matur wonten ngarsonipun Bapak Taufiq dalah Ibu Istiqomah ugi
sedoyo poro rawuh.Jumeneng kulo wonten ngarso panjenengan sedoyo minongko duto saliro
dening panjenengan ipun Almarhum bapak Suraji Wido Mulyono dalah Ibu Suharti ingkang
pidalem ing Dukuh Nglawu Kec.Grogol Kab. Sukoharjo supados matur;

Ingkang sepisan ngaturaken silaturahim soho salam taklimipun Ibu suharti sarimbit katur
dateng panjenenganipun bapak Taufiq sekeluarga kanti ikror Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh,mugi panjenengan dalah sanak keluarga tansah pinaringan
kawilujengan..AAmiin

Kaping kaleh;sowan kulo sak pangambyong namung bade hamsrahaken temanten kakung
nun inggih dimas Muhammad Kurniawan putro saking panjenenganipun Almarhum bapak
Suraji Wido Mulyono ingkang sampun kadaupaken dening putro putrinipun Bp.Taufiq nun
inggih sesilih nyimas Mariyatul Rizky.Ingkang ijab qobul sampun kalaksanaken dinten Sabtu
24 februari 2024 wanci tabuh 08.00 wib wonten ing Nyamatan Rt 06/01 Kemiri
Ombo,Kaliwiro Wonosobo..Alhamdulillah mboten wonten manggihi halangan satunggaling
punopo,sah menggaheng agami soho sah menggahengipun toto coro negari..aamiin
Salajengipun,pisowan kulo kinanten angsul angsul/oleh oleh sinaoso mboten wonten kerto
ajinipun ,nanging sedoyo kolo wau mugi dadosno sarano handayani ,anggenipun bebesanan
keluwargo Ibu Suharti lan keluargo bp Taufiq sekalian

Gejawi saking puniko ugi nyuwun idi pangestu dumateng poro sepuh pini sepuh dalah poro
rawuh sedoyo.Mugi temanten kekalih anggenipun bade lumampah wonten ing gesang
bebrayan sageto dados keluwargo ingkang sakinah mawadah warahmah,pinaringan rizky
ingkang halal,barakah lan pikantuk momongan ingkang shaleh lan sholihah..Aamiin

Salajengipun kulo minongko sesulih atur panjenenganipun Ibu Suharti,keparengo nderek


kintu dumateng Bp.Taufiq dalasan kaluargo,minggahipun dumateng sedoyo sesepun pini
sepuh,gegandengan temanten kakung nun inggih diman Muhammad Kurniawan puniko tasih
kagolong lare bodo ingkang ateges dereng nggadahi seserepan/pengalaman ing babagan
sesarengan bebrayan.Milo saking puniko kulo nyuwun kersoho sami amaringi pangertosan
tuwin seserepan supados sakmangke dados tiyang ingkang migunani tumraping
keluwargo,sumrambah ing alam sesrawungan ..aamiin

Mbok menawi adicoro Walimatul Ursy meniko sampun paripurno,sakmangke kulo sak
rombongan pengombyong temanten kakung,lajeng terus bade nyuwun pamit.Kepareng
nyuwun tambahing pangestu mugi lampah kulo sak rombongan dumugi ing papan panggenan
tansah pinaringan wilujeng rahayu widodo nir sambe kolo..aamiin

Lan mboten kesupen panyuwunan Ibu Suharti benjang Senin,26 february 2024 wanci tabuh
13.00 WIB ,temanten sarimbit kaboyong wonten ing pidalem Dukuh Nglawu Rt 04/02 Telukan
Grogol Sukoharjo Jaw Tengah.

Panjenenganipun Bp.Taufiq sekeluarga,mbok bilih kirang samudayanipun ingkang kawulo


matur,lumantar kulo Ibu Suharti nyuwun aguning samodra pangaksami,

Ing wasono kulo sak rombongan ngaturaken, menawi kirang sopan santun,punopo dene
wonten atur ingkang mboten mranani ing penggalih panjenengan sedoyo kulo sak
rombongan nyuwun aguning pangapunten…Cekap semanten anggen kulo matur

Wassalamu’alaikum warahmatulohi wabarakuh

Anda mungkin juga menyukai