Anda di halaman 1dari 1

Assalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Bismillahirrahmanirrahim. Al-hamdu lillahi rabbil ‘alamin.

 Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten


**Panjenenganipun Bp.....................minangka sulih salira saking bp.Sutaryo
dalasan Ibu Yuliana Wati ingkang kinurmatan
***Para rawuh kakung putri ingkang bagya mulya.

Kanti  ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Agung.

Ingkang Sepisan,kulo minangkani punopo ingkang dados kersanipun bp Mulyono


sekalian dalasan sedaya kulawarga,ngaturaken pambagya sugeng ing rawuh
panjenengan minangka dhuta saraya pasrah saking bp. Sutaryo sekalian ibu
yuliana wati,ingkang pidalem ing Perum Ngasem Baru RT.1/RW.11 Kecamatan
colomadu,Kabupaten karanganyar.

Kaping Kalih. Menggah salam taklim bapa Sutaryo sekalian lumantar panjenengan
kulo tampi ,dawah sami2 kanti atur Wa’alaikumsalam wr wb.

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi


hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih roro Vinarra dwi ramadhani ,ingkang
sampun kaleksanan ijab qobul daup kaliayan  Bagus Nurdin, rikala dinten Senin,13
September 2021, bp/ibu Mulyono sakulawarga hanampi kanthi suko gumbiraning
manah.

Sak-lajengipun, dumateng Bp.Sutaryo sak penderek kulo aturi pinarak lenggah


wonten papan ingkang sampun kesediaaken kanthi mardiko mardikaning
manah,ngantos paripurnaning pahargyan.

Mbok bilih pahargyan sampun purna,panjenengan sakrombongan bade pamit


bp/ibu Mulyono sakulawarga namung saget atur dongo pangestu mugi lampah
panjenengan, tansah manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi
dalemipun sowang sowang.

Ing wasana. Mboh bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kekirangan, saha
hanampi,saha hanglenggahaken panjenengan sedaya mboten rena ing panggalih
panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Nuwun. Billahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai