Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Alhamdulillahi robbil 'alamin, wabihi nasta'in 'ala umuriddunya waddin,


ashsholatu wassalamu'ala asrofil ambiyaa iwal mursalin wa'ala alihi washohbihi
ajma'in. Robbisrohli sodri, wayassirli amri, wahlul uqdatam millisani yafqohu
qouli, amma ba'du.
Ingkang sepindah mangga sesarengan kita ngaturaken raos syukur dhumateng
Gusti Allah SWT.
Ingkang kanthi sih welasipun kita kang mujudake anak turunipun Eyang
Mulyorejojo saged ngrawuhi adicara silaturahmi kaluwarga ing griya kula
kanthi sehat tanpa wonten kekirangan setunggal menapa.
Kaping kalih, salawat ugi salam mugya tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi
Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu ing alam
kelanggengan.
Wonten ing wekdal punika, kawula ingkang ketibanan sampur minangka
ingkang mangku damel acara silaturahmi KELUARGO TRAH Eyang MULYOREJO
mewakili eyang putri/ ibunda Hj. Siti Asiyah Sasono Mulyomartono ngaturaken
sugeng rawuh dhumateng para tamu sedherek sedaya.
Maturnuwun ingkang ageng amargi panjenengan sedaya sampun keraya-raya
kersa rawuh dhateng dalem kawula sekeluarga. Mugi-mugi tindak panjenengan
saking ndalem dumugi ing menika papan kareken ngibadah lan pikantuk
ganjaran saking Allah SWT
Selajengipun wondene anggen kawula nindakaken gupuh sarta suguh
rawuhipun panjenengan dinten menika wonten kekirangan/ utawi kirang
mranani ing manahipun panjenengan, kula sakulawarga nyuwun agungipun
pangaksami.
Monggo sami ngaturaken waosan alfatiha kagem para leluhur ingkang sampun
ngrumiyini/ sedo, ugi kagem sederek ingkang dereng kepareng rawuh amargi
gerah utawi sanesipun. Alfatiha.
Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kawula. Jika dan kurang lebihnya,
saya mohon maaf yang sebesar-besarnya.
Waalaikum salam warrahmatullahi wabarrakatuh

Anda mungkin juga menyukai