Anda di halaman 1dari 3

PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN

..



. . .

. . .
.

Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo
mulyaaken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo
hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang
kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang
sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo
kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid
puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan
kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugimugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang
pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi.

Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati


Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem
sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi
sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan

sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid
sekeluarga ngaturaken.

.

Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng
hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi
panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo
hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito nimati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti
mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sawontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Salajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun
masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid
selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo
ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan
Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat
meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo.
Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto
mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga
ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi
panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur
nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung
saget ndongaaken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi
dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan
punopo Amien.

Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo
matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.



Suka
Be the first to like this.

Anda mungkin juga menyukai