Anda di halaman 1dari 1

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu


wassalamu ala sayidina muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi ahli sidqi
walwafa ama bakdu
Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbetendumateng poro
sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang tuhu kinormatan
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.
Saderengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun
Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan
sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan,saget bertatap muka
wonten ing majlis puniko,kanti rahayu wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul
arus.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun
dateng temanten kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan sami
Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad
monggo tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan
ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing dinten Qiamat. Amiin
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !
saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro
ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo
gunaaken ingkang sasahe-sahenipun.
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken
agunge panuwun dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti
lemahing penggalih,sampun nyediaaken papan pinaraan, shoho dedaharan lan unjukan
ingkang kados mekaten mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami konco pengantin,
mboten saget mbales penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng
Shohibul kajah sekeluarga Mugi-mugi penghormatan meniko andadoso amal sholehipun
ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-
katahipun.
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan
selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin
putri inggih puniko Bapak. saking dusun kawulo nampi Amanat saking Bapak .,
ingkang supadoso masrahaken temanten putri ingkang Asma , dumateng bapak ..
mriki minongko tiyang sepuhipun temanten kakung. Pramilo saking meniko kanthi
ucapan Bismilah temanten putri meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak .. mriki,
kanti pasrah bongkoan tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene
wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak Shohibul hajah
mriki kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki umumipun kersoho paring
bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara
mangke sampun paripurno, kawulo sarombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho
nyuwun tambahipun doa Mugi2 kulo sarombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju
dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten
alangan setunggal punopo. Amiin.
saderengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo
nyuwun agunging pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo ingkang
kirang nyocoki dateng panggalehipun Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge
kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang
sak katah-katahipun.
Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai