Anda di halaman 1dari 6

Assalamualaikum wr. Wb.

Alhamdulillah hilladi an amana biniqmati iman wal


islam wa sholatu wa salamu ‘ala sayyidina
Muhammad khoiril anam. wa ‘ala alihi wa sohbihi wa
tabiihi ‘ala dawam. Ashadu ‘ala ilaha ilallah wahdahu
la sarikalah. Wa ashadu ana muhammadan abduhu wa
rosulluh la nabiya ba’da.

Engkang kulo hormati poro alim ulama’ wabil khusus


dumateng panjenengan ipun al mukarom…..
Engkang kulo hormati poro sepuh pini sepuh.

Engkang kulo hormati sedoyo undangan jamaah


dzikir fida’

Engkang kulo hormati shohibul bait/hajat….


Nuwun mbok bilih sampun ndungkap dalu. Pramilo
monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu
puniko tumunten kawiwitan.
Namung sak derengipun, monggo kito aturan puji
syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi
ucapan alhamdulillahirobbil ‘alamin, ingkang
sampun paring pinten pinten karohmatan,
kenikmatan, hidayah soho inayahipun dateng kulo
panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan
sedoyo saget angrawuhi menopo ingkang dados
undanganipun bapak yoto sak keluargo, inggih
puniko undangan dzikir fida’. Kanthi kawontenan
sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-
menopo. Amiin

Sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito


aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi
Muhammad SAW, ingkang sampun paring pitedah
dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi dinul islam,
arupi agama islam. Mugi-mugi dalu puniko ngantos
akhir hayat kulo sedoyo tetep netepi agama islam, lan
mbenjang wonten yaumil qiyamah, kulo panjenengan
sedoyo dadoso umatipun lan angsal syafaatipun
kanjeng nabi Muhammad SAW. Amiinn.

Bapak bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken.


Mbok bilih ndalem teng mriki kajibah dados sesulih/
pranoto hadi wicoro saking shohibul bait/hajat :

1. sepindah ngaturaken agunge panuwun dumateng


rawuhipun panjenengan sodoyo Mugi mugi
kerawuhan kulo panjenengan sedoyo estu estu dicatet
kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fidini
wadunya wal akhiroh. Amiiin.

2. kaping kalihipun shohibul bait/hajat ngaturaken


agunge samudro pangaksami mbok bilih anggenipun
nampi rawuhipun panjenengan sedoyo, arupi gupuh
aruh papan palenggahan lan pasugatan ingkang
kirang ngresepaken ing manahaipun panjenengan
sedoyo.

3. kaping tigonipun ing mriki shohibut bait/hajat


gadahi hajat enggih meniko kirim doa arupi dzikir
fida’. Ingkah manfaat barokah lan fadhilah ipun dipun
kintunaken dumateng almarhum….ingkang
sakmenipo kaleres …. Dinten ipun. Mugi mugi kanthi
waosan dzikir fida’ sak mangke almarhum…….
Anggenipun sowan datheng ngarsanipun Allah SWT
tansah pinaringan padang dalane, jembar kubure, lan
mugi mugi angsal suwarginipun Allah SWT, lan
pejahipun husnul khotimah. Lan sedoyo amal
kesaenanipun saget dipun tampi Allah SWT lan
sedoyo amal kalepatanipun saget dipun pangapunten
dening Allah SWT. Amiin yrb
Lan mbok bilih almarhum anggenipun tasek gesang
wonten kalepatan wonten kekhilafan, kawulo teng
mriki mewakili saking shohibul bait ngaturaken
agunge pangapunten tanpo upami dumateng poro
rawuh sedoyo.

4. sak lajengipun ndalem badhe maosaken


reroncening hadicoro engkah kalampah sak mangke:

a. pambuko

jumlah jamaah b. waosan dzikir fida’ lan doa


(dumateng…..)

c. istirahat (nyuwun sewu dumateng bapak bapak


poro rawuh lenggahipun saget ungkur2an/ adu boyok.

d. penutup

sak derengipun kito tutup, sepindah maleh kulo


selaku sesulih saking shohibul hajat ngaturaken
agunge panuwun tanpo upami atasa rawuhipun
panjenegan sedoyo. Mugi mugi kerawuhan kulo
panjenengan sedoyo estu estu dicatet kalian Allah
SWT dadoso amalan hasanah fidini wadunya wal
akhiroh. Amiiin.

Lan sak lajengipun mbok pilih bapak bapak poro


rawuh badhe ngerasaken kondur shohibul bait
ngaturaken sugeng kondur, mugi2 konduripun
panjenengan sedoyo dugi dalem inpun sowang2
tansah pinaringan keslametan.

Lan mbok bilih taseh pengen jejagongan wonten


mriki, nggeh nyumanggaken.

Lan monggo hadicoro dzikir fida’ ing dalu puniko


kito tutup kanti waosan hamdalah.

Anda mungkin juga menyukai