Anda di halaman 1dari 4

‫السالم عليكم ورحمة اهلل وبركاته‬

ّ ‫رب العاملني وبه نستعني وعلى أُمو ِر ال ّدنيا وال ّدين‬


‫والصالة‬ ّ ‫احلمد هلل‬
. ‫والسالم على أشرف األنبياء واملرسلني وعلى أله وصحبه أمجعني‬ ّ
‫ابعد‬
ُ ‫ّأم‬
Dumateng bapak...... ingkang kaulo hormati, dumateng shohibul
bait ingkang kawulo hormati, lan dumateng para ibu soho poro rawuh
sedoyo ingkang kawula hormati.
Sepindah monggo kito tansah maos syukur dumateng Allah SWT,
kanti waousan alhamdulilah robbil alamin, bilih menopo wonten ing
wekdal meniko kito tansah pinaringan rahmat taufiq soho hidayahipun,
sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis kanti
kawontenan sehah wal afiat, mugi-mugi anggen kito silaturohim
wonten ing wekdal meniko kalian Allah dipun tampi minongko amalan
engkang hasanah manfaat fiddunya wal akhiroh. Amin 3x ya robbal
alamin.
Kaping kalih ipun sholawat soho salam mugi-mugi tetep dipun
aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad saw,
kranten menikolah nabi utawi rasul engkang kito ajeng-ajeng
syafaatipun mbenjang wonten yaumil qiyamah, mugi-mugi kito sedoyo
saget angsal syafaatipun saking rasullulah SAW mbenjang wonten
yaumil qiyamah allahuma amin.
Kaping tigonipun kawulo matur suwun sanget dumateng
shohibul bait, ingkang sampun nyediaken dalemipun kagem
perkempalan (rutinan) ing dalu wekdal meniko, mugi-mugi sedoyo
pengorbananipun shohibul bait meniko dipun tampi dining Allah SWT.
Lan sageto dados amal engkang hasanah, manfaat, barokah fiddunya
wal akhiroh, Amin 3x ya robbal alamin
Poro rawuh ingkang kaulo hormati, wonten mriki kawulo
minongko muqosimul auqot (pembagi wekdal) perlu kawulo waos aken
pranoto acoro wonten ing wekdal dalu meniko:
 Sepindah pembukaan
 Kaping kalihipun waosan kalimat thoyibah tahlil
 Kaping tigonipun mau’idoh hasanah
 Lan acara engkang pungkasan inggih puniko do’a utawi
penutup.
Poro rawuh engkang kulo hormati menikolah rerancian adi acoro
engkang badhe lumampah wonten ing wekdal dalu meniko, pramilo
monggo kito bikak acoro engkang ongko setunggal meniko kanthi
wasilah suratul al-fatihah mugi-mugi acoro engkang badhe kito lampai
mangke mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.
alfatihah……………Dipun aturaken matur sembah nuwun……
acara saklajengipun inggih muniko waosan kalimat thoyibah
tahlil, dumateng ibu ingkang bertugas kawulo sumanggaken,...... matur
nuwun
mugi-mugi waosan kalimah thoyibah tahlil kolo wau estu-estu
mbeto manfaat, barokah khususipun ingkang dipun kentun lan
umumipun dumateng kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin.
Acara engkang sak lajengipun inggih meniko, mau’idoh hasanah,
wonten mriki ingkang bade dipun asto dining bapak.....
Matur nuwun kawulo atur aken, mekaten kolo wau mau’idoh
hasanah engkang sampun kito mindangetaken sesarengan mugi-mugi
saget pikantuk kawilujengan gesang wonten ing dunyo ugi wonten
akhirot amin-amin ya robbal alamin......
Para ibu lan para rawoh sedoyo ingkang kawulo hormati acara
ingkang pungkasan inggih meniko penutup monggo kito tutup
sesarengan kanti waosan suroh Al-Ashr peng tigo.
Alhamdulilahi robbil alamin selajengipun Saking kawulo sedoyo
kekhilafan nyuwun agungipun seh samudro pangaksami dumateng
panjenengan sedoyo, akhiru kalam billahi taufiq walhidayah
Wassalamu’alaikum wr wb....
‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬
‫والصالة‬
ّ ‫رب العاملني وبه نستعني وعلى أُمور ال ّدنيا وال ّدين‬
ّ ‫احلمد هلل‬
. ‫والسالم على أشرف األنبياء واملرسلني وعلى أله وصحبه أمجعني‬ ّ
‫ابعد‬
ُ ‫ّأم‬
Dumateng shohibul bait sekeluarga engkang kaulo hormati, lan
dumateng para ibu soho poro rawuh sedoyo engkang kawula hormati.
Sepindah monggo kito tansah maos syukur dumateng Allah SWT,
kanti waousan alhamdulilah robbil alamin, bilih menopo wonten ing
wekdal meniko kito tansah pinaringan rahmat taufiq soho hidayahipun,
sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis kanti
kawontenan sehah wal afiah was salamah, mugi-mugi anggen kito
silaturohim wonten ing wekdal meniko kalian Allah dipun tampi
minongko amalan engkang hasanah manfaat fiddunya wal akhiroh.
Amin 3x ya robbal alamin.
Kaping kalih ipun sholawat soho salam mugi-mugi tetep dipun
aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad saw,kranten
menikolah nabi utawi rasul engkang kito ajeng-ajeng syafaatipun
mbenjang wonten yaumil qiyamah, mugi-mugi kito sedoyo saget angsal
syafaatipun saking rasullulah SAW mbenjang wonten yaumil qiyamah
allahuma amin.
Kaping tigonipun kawulo matur suwun sanget dumateng
shohibul bait, ingkang sampun nyediaken dalemipun kagem
perkempalan (rutinan) utawi pembacaan sholawat tiba’ wal berjanji ing
dalu wekdal meniko, mugi-mugi sedoyo pengorbanipun shohibul bait
sekeluarga meniko dipun tampi dining Allah SWT. Lan sageto dados
amal engkang hasanah, manfaat, barokah fiddunya wal akhiroh, Amin
3x ya robbal alamin
Poro rawuh ingkang kaulo hormati, wonten mriki kawulo
minongko muqosimul auqot (pembagi wekdal) perlu kawulo waos aken
pranoto acoro wonten ing wekdal dalu meniko:
 Sepindah pembukaan
 Kaping kalihipun waosan ayat-ayat suci al-qur’an
 Kaping tigonipun waosan sholawat tibak wal berjanji
 Lan acara engkang pungkasan inggih puniko do’a utawi
penutup.
Poro ibu soho poro rawuh sedoyo engkang kawulo hormati. Acara
sepindah pembukaan, pramilo monggo kito bikak acoro engkang ongko
setunggal meniko kanthi wasilah suratul fatihah mugi-mugi acoro
engkang badhe kito lampai mangke mboten wonten alangan setunggal
punopo-punopo. Amin-amin ya robbal alamin
Lirridlolloohi ta’ala al-fatihah……matur nuwun kawulo aturaken
acara saklajengipun inggih muniko waosan ayat-ayat suci al-
qur’an, dumateng ibu ingkang bertugas kawulo sumanggaken,......
matur nuwun
mekaten kolo wau waosan ayat-ayat suci al-qur’an engkang
sampun kito midangetaken sesarengan mugi-mugi mbeto manfaat,
khususipun ingkang maos lan umumipun dumateng kito sedoyo amin-
amin ya robbal alamin.
Acara engkang sak lajengipun inggih meniko, waosan sholawat
tibak wal berjanji kanthi waosan basmalah. Bismillahirrohmanirrohim....
Mekaten kolo wau waosan sholawat diba’ wal berjanji ingkang
sampun kito waos sesarengan, mugi-mugi kito estu-estu dipun akene
dados umatipun Nabi Muhammad SAW, lan akhiripun saget pikanthuk
syafaat wonten ing yaumil qiyamah Amin-amin Ya Robbalamin......
Para ibu lan para rawoh sedoyo ingkang kawulo hormati acara
ingkang pungkasan inggih meniko penutup monggo kito tutup
sesarengan kanti waosan hamdalah.(alhamdulilahirobbal alamin)
Saking kawulo sedoyo kekhilafan nyuwun agungipun seh
samudro pangaksami dumateng panjenengan sedoyo, akhiru kalam
billahi taufiq walhidayah
Wassalamu’alaikum wr wb....

Anda mungkin juga menyukai