Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Bismillahirrohmanirrohim …………lsp.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pantes pinundhi.

Kadang besan miwah sahyaning poro penderek pinaganten kakung saking tlatah Pleret, Bantul,
Ngayogyakarta ingkang dahat kinumartan.

Dhumateng para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandam
pandoming para kawula dasih ingkang tansah sinuba ing pakurmatan.

Para alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi mingka
panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah winantu ing suka basuki.

Mundhi awit saking keparengipun keluarga ingkang hamengku karsa kulo ingkang kapitedhan
sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering
pambyawara, nuwun kepareng samangke badhe hangaturaken menggah rantamaning adicara
ingkang sampun rinacik dening sedaya kulawangsa.

Hamung sakderengipun kulo samangke hangaturaken rantamaning adicara, mugya jumbuh


kaliyan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linandesan luhuring Pancasila, sumangga samyo
kulo derekeken sami  manungku puja puji pangastuti wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng
dumadi, karana agunging barokah tuwin rahmat, ingkang sampun rumentah dumateng
panjenengan sedaya dalasan pribadi kawula, sarta mugi lumaksananing adicara wonten ing
kalenggahan punika, saking purwa madya wusana mugya tansah lumampah kanthi wilujeng
nirbaya kalis ing sambekala.

Dhumateng para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan.

Nuwun kepareng pambyawara murwani lekasing sedya kanthi hangaturaken rantamaning adicara:

1. Purwakaning Adicara
2. Wedharing Atur Pambagyoharjo
3. Wedharing Pangandikan Pasrah Pinanganten
4. Wedharing Pangandikan Panampi Pinanganten
5. Pengaosan + doa
6. Panutup
Sangyaning para tamu ingkang satuhu kinurmatan, mekaten menggah rantamaning adicara
pahargya ing kalenggahan punika, mila awit saking punika mugya wonteno suka lilaning
penggalih, para rawuh tansah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sarwi
paring puja puji pangastuti ngantos dumugi pari purnaning adicara samangke.

1. Purwakaning adicara

Sangyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.Sumangga
lumaksananing adicara wonten ing kalenggahan punika kita purwakani kanthi waosan bassmallah
kawula dherekaken…..(bissmillahirahmanirrahim).

Matur nuwun mugya waosan basmallah kala wau saged katampi wonten ngersanipun Alloh SWT saha
lumaksananing adicara wonten ing kalenggahan punika, saking purwa madya wusana mugya
tansah lumampah kanthi wilujeng nirbaya kalis ing sambekala. Amin.
2. Wedharing atur pambagyo harjo

Estining galih keluarga ingkang hamengku karsa, badhe hangaturaken raos suko ebahing manah
bingah, hanenggih atur pambagyoharjo, anaging kadaya saking bombong birawaning manah
ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki, pindhaning kajugrugan ing hargo inten, karoban
ing samudra madu, saenggo anggenipun badhe matur mboten saget kawiyos wijiling lesan,
maneka warna ingkang den rumpaka samudayanipun namung kandeg wonten ing samadyaning
jangga. Pramila ingkang hamengku karsa laju nyaraya dumateng panjenenganipun BOPO
SULASNO kinen hangaturaken wedharing atur pambagyoharjo.

Dhumateng BOPO SULASNO sasana dalasan pandaya swara kaaturaken sak cekapipun.

3. Wedharing Pangandikan Pasrah

Sangyaning para rawuh kakung saha putri ingkang minulya, adicara ingkang kaping tigo nun
inggih wedharing atur pangandikan saking keluarga kadang besan sutresna ingkang winastan
pangandikan pasrah pinanganten, pramila dumatheng panjenenganipun BOPO …………….
ingkang minangka sulihing salira saking keluarga kadang besan sutresna, sasana dalasan pandaya
swara kaaturaken sak cekapipun.

4. Wedharing Atur Panampi

Terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana, wedharing pangandikan saking kadang besan
ingkang sampun dipun salirani dening panjenenganipun BOPO ……………. Pramila kita
rumpaka titi laksana adicara ingkang saklajengipun nun inggih atur panampi pinanganten.
Wonten ngarsanipun BOPO SIHABUDIN sasana wara kaaturaken sumangga.

5. Pengaosan + do’a

Para rawuh kakung saha putri ingkang kinurmatan, adicara ingkang kaping sekawan nun inggih
pengaosan kasuwun kalajengaken panjurung donga, ingkang sak mangke badhe dipun asto
dening BOPO KYAI MUHAMMAD MUDRIK.

Dhumateng BOPO KYAI MUHAMMAD MUDRIK sasana swara kaaturaken.

6. Paripurnaning Adicara

Purwa madyaning pawiwahan boja krama wonten ing kalenggahan punika sampun ndungkap ing
paripurna,pinagka pratanda pari purnaning adicara,samangke temanten sekalian badhe kabodol
saking palenggahanipun lumarapaken tumuju wonten ing sakngajenging wiwara panti pahargyan
sri atmaja temanten kaampingan rama saha ibu sampun siyaga hanampi jawat asta saha wawan
sabda saking para tamu kakung putri ingkang minulya. Ing wasana nderekaken sugeng kundur,
sugeng pepisahan mugya rahayu ingkang tansah pinanggih.

Kita pungkasi kanthi asesanti Harum Luhuring Bangsa Hamung dumunung ana ing Luhuring
Budaya.

Saking kawulo mbok bilih anggen kawulo nderekaken rantamaning adicoro wonten kalenggahan
siang puniko manggihi katah kalepatan nerak subosito saha tebih ing trapsilo kulo sanged
nyuwun agunging sih samudro pangaksama.

Kulo akhiri…

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai