Anda di halaman 1dari 2

Bismillahirohmannirokhim.

Asslamualaikum Wr. Wb
Alhamdulillah. Alhamdulillahirobil alamin, Wabihi nastanginuhu wa ala umuridunya wadin,
Faqollallohu tangala fil quranil adzim, angudubillah himinas syaithonirojim,
bismillahhirohmanirrohim.
Wa min aayaatihi an khalaqa lakum min anfusikum azwaajan litaskunuu ilaihaa, waja’ala bainakum
mawaddatan warahmatan, inna fii dzaalika la-aayaatin liqawmin yatafakkaruun. Shodolloh hul
adzim.
Puji syukur pangalembono mugi konjuk Dzat ingkang Moho Kawoso, Nun Inggih Alloh SWT.
Dumateng poro pepunden, poro pinisepuh dalasan aji sepuh, ingkang satuhu pono ing pamawas,
lebdo ing pitutur, keblat ing panembah ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun poro priyagung dharahing noto, poro sarjono sujaneng budi, poro pangemban
pangembating projo, poro satriyaning nagari, minongko pandam pandoming poro kawulo dasih,
ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Poro alim ulomo, ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi, minongko
panuntun keblating panembah, ingkang satuhu luhuring budi.
Sagunging poro tamu kakung sumawono putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes
lamuntu sinudarsono.
Mradopo awit saking keparengipun ingkang hamengku gati, kulo ingkang kapitedhan sinaroyo
hambuko wiwaraning suko pinongko jejering pambiworo.
Keparengo kulo hangaturaken urut reroncening tata adicoro ingkang sampun rinakit, rinancang
wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun Bp Gimin
sekalian ibu,
hanetebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepoko mulyo, miwoho siwi mahargyo suto.
Kanthi raos panalongso ingkang hamengku karso nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang
apeparing gesang, miwah nyuwun dongo pangestunipun poro lenggah, mugi kaleksananing sedya ing
hari kalenggahan punika purwo madyo wasono tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing
sambekolo.
Caos uningo katur dhumateng poro tamu kakung sumawono putri, bilih titi laksono Dhaup Suci putro
pinanganten, nun inggih Rara Ayu Widiastuti Putra putrinipun Bp Gimin sekalian ibu ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus Heriyanto putro kakungipun Bp Wardi/Ladimin Sekalian ibu ingkang
lenggah wonten ing Tengger, Sawahan, Ponjong bilih ijabing temanten sampun kaleksanan kanthi
wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinten Senin Pahing wanci tabuh 08.00 mapan ing Palenggahan
Meniko.
Poro rawuh kakung sumawono putri, wondene menggah reroncening toto adicoro ingkang sampun
rinangcang dening poro keluargo nun inggih:
1. Pambuko
2. Atur pambagyo harjo saking Bopo Gimin
3. Sabdo Gati saking bopo besan Bopo Wardi/Lapimin
4. Atur Panampi saking Bopo Gimin
5. Panutup
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan, mekaten urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit
deneng sedoyo kulowargo.
Sumonggo sesarengan nyuwon dhumateng Gusti pengeran Engkang moho kuwaos mugi lampahing
adicoro wonten ing siang puniko pinaringan wilujeng kalis saking rubito tuwin sambikolo, sumonggo
kito dedonga kanthi kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga kawulo dereaken.dedongo cekap
Saklajengipun dhungkap adicoro engkang ongko kaleh nun injih pambagyo harjo yuwono. Dhumateng
panjenenganipun Bopo Harsono minongko sulih sariro talang boso panjenenganipun bopo Gimin
sekalian garwo . sasonoworo katuraken sakcekapipun.
………….
Paripurno atur pambagyo harjo kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis dalah wijang wijileng boso.
Sanget kaaturaken agungeng pamaturnuwon.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan!
Dhungkap adicoro engkang saklajengipun nggeh puniko Sabdo Gati saking bopo besan bopo Wardi.
Dhumateng panjenenganipun Bopo ………….. minongko sulih sariro talang boso panjenenganipun bopo
Wardi sekalian garwo. Sasosoworo kaaturaken sak cekapipun.
………………..
Paripurno atur sabdo gati saking bopo besan kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis dalah wijang
wijileng boso. Sanget kaaturaken agungeng maturnuwon.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan!
Dhungkap adicoro engkang saklajengipun nggeh puniko Atur Panampi saking bopo Gimin. Dhumateng
panjenenganipun Bopo Dukuh Suroto minongko sulih sariro talang boso panjenenganipun bopo Gimin
sekalian garwo. Sasosoworo kaaturaken sak cekapipun.
…………………..
Paripurno atur panampi saking bopo Gimin kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis dalah wijang
wijileng boso. Sanget kaaturaken agungeng maturnuwon.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan!
Sekderengipun adicoro kalejengaken kepareng adicoro kasigeg rumiyen kagem sumene sak wentawis.
Dhumateng kadang mudo among karyo wekdal kulo sumanngaaken. Dhumateng poro rawuh
kasumanggaaken hanyekecakaken anggenipun lenggah.
…………………
Poro rawuh saha poro lenggah, kados sampun dungkap paripurno lampahing tata adicoro pawiwahan
prasojo ing kalenggahan puniko. Ingkang puniko jumbuh kalihan reroncening tata adicoro ingkang
rinantam sampun kalampahan kanti wilujeng nir ing sambikolo, awit saking puniko tebih saking raos
panundhung saking panjenenganipun bopo gimin anggenipun nampi karawuhan penjenengan
kiraning tanggap, tangguh, gupuh miwah suguh mugi diagung pangksami.
Hamung semanten panjenenganipun poro rawuh soho poro lenggah pahargyan ing kalenggahan
puniko. Milo saking puniko, kulo minongko jejering pambiworo ingkang tartamtu kathah
kekiranganipun soho kekilapan, ngaturaken Dodol Kopat nang Pasar Blora, Menawi kathah lepat kulo
nyuwun pangapuro.
Billahi Taufiq wal hidayah, Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai