Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr Wb

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo
pangombyong temanten nun inggih bagus Heriyanto saking tlatah Tengger,
Sawahan, Ponjong, ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring
lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami,
sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid sesarengan. Alhamdulillahirabbil
“alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW. ingkang saestu kito nyadong lumunturing syafa’at
benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng
wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo
lampahing adicoro Ijab Qobul ipun Rara Ayu Widiastuti putro putrinipun Bopo
Gimin ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Heriyanto putro kakungipun Bopo
Wardi saking tlatah Tengger Sawahan Ponjong.
Poro rawuh ingkang satuhu berbudi, runtuting adicoro ingkang sampun karonce
dening keluargo nun inggih:
1. Pambuko
2. Ijab Qobul ingkang dipun pimpin langsung saking KUA Kapanewon Ponjong
3. Panutup
Monggo kito bikak adicoro Ijab Qobul Meniko kanthi waosan basmallah
sesarengan. Bismillah ………..
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah
wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Sagung Poro Tamu kakung sumawono Putri ingkang berbudi, sak lajengipun
adicoro inti nun inggih ijab Qobul ingkang badhe pimpin langsung saking Kantor
Urusan Agama Kapanewon Ponjong. Dumateng Bapak saking KUA Kapanewon
Ponjong wekdal sakcekapipun kulo sumanggaken. Nuwun
Sagung poro tamu kakung sumawono putri ingkang kawulo hormati. Ijab qobul
sampun kalampahan kanthi lancar mugio sri prianganten kekalih sageto dados
keluarga ingkang sakinah mawadah warohmah.
Monggo kito tutup adicoro ijab qobul meniko kanthi waosan hamdallah
sesarengan. Allahmdulillah ………..
Billahi taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai