Anda di halaman 1dari 1

Ambengan manten

Wujute sego gureh pitek ingkong gedang setangkep ketan towo sego bawahan sego golong
sego brok tumpeng jenang abang jenang sengkolo jajan komplet

Ujupan
Nuwon sewu poro rawoh ingkang pinarak wonten ngriki sedoyo dipon suwun idi pangestu
panjenengan sedoyo ingkang wilujeng
Meniko ingkang gadah kajat bu kemi sekaliyan dene ngawontenaken meniko sedoyo kangge
sedekah karonalah kapeng kaleh njeng rasulolah
mugi gusti alah ngabulno ingkang dados panuwunanipon bu kemi tiyang sekaliyan anggenipon
ngomah ngomahaken yoganipon
pinaringo kabuleng ingkang dados panyuwunanipon pinaringono atot runtot sih sinisihan
selamining gesang dumugi kaki kaki nini nini pinaringono berkah murah rejeki saking gusti alah
lan sampun wonten alangan satunggaling nopo nopo
lumantar pangestunipon poro rawuh ingkang kulo aturi pinarak ing ngriki sedoyo

kajawi meniko kangge ngormati maleh dateng kanjeng nabi mokamat ngalaihi salam sak garwo
putro wayah sokabat sedoyo abu bakar ngumar ngusman sayidina ngali pramilo dipon cawisi
sikarat anjuro … wilujeng dateng daop ipon kemanten sekaliyan
sinito rinten dalu sak subo sobanipon sampon mboten wonten alangan satunggaling menopo
nopo

kajawi meniko kangge ngormati maleh dateng mbok dewi pertimah sejati keng roko bagindong
ngali pramilo dipon cawisi sekarat ngayomono dateng si kemanten sekaliyan rumekso
kawilujengan rinten rumekso dalu salami laminipon dumugi kaki kaki nini bagas waras kuwat
lan slamet sampon wonten rubedo nopo nopo

kajawi meniko kangge ngormati maleh dateng bopo adam ibu howo bopo angkoso ibu pertiwi
ingkang dipon ambah rinten klawan dalu pramilo dipon caosi gampilo si kemanten sekaliyan
anggenipon pados pangupo jiwo rinten dalunipon pinaringono berkah murah pandum rejeki
sakeng gusti alah

Anda mungkin juga menyukai