Anda di halaman 1dari 2

Assalamu ‘alikum Wr. Wb.

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu
sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho
kinabekten.

Dumateng poro sarjono sujaning budi, poro pangemban pangembating projo, poro satriyaning
nagari ingkang minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.

Poro alim ulomo ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko
panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi. Poro baroyo wiro wiyoto ingkang
marsudi ing reh kridaning budoyo menyang karyo.

Poro purnokaryo labet projo ingkang mahambek luhuring darmo, miwah poro kadang sutresno
mudo werdo ingkang pantes sinudarsono, punopo dene poro tamu kakung miwah putri ingkang
dahat kalinggo murdoning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksomo mugi
pinarengo kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro, dwaraning kondo, nun inggih
mradopo wit saking keparengipun Bapak: ___ Kawulo piniji hanjejeri minongko pangendali woro,
saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksono adicoro pawiwahan prasojo ing ratri kalenggahan
puniko.

Sakderengipun kawulo ngaturaken menggah reroncening toto adicoro, kinaryo hamurwani lekas
wekasing karti gatining karyo, murih purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising
rubedo nir ing sambikolo, sumonggo langkung rumiyin kawulo derekaken sami manungku pujo,
ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang
sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning
bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan
sedoyo dalasan kawulo, sahinggo kito saget hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci
soho keperluan rawuh kempal manunggal wonten sasono pawiwahan mriki, saperlu hanjenengi
saha paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bapak: _ anggenipun netepi darmaning
sepuh, hangrakit sekar cepoko mulyo hamiwoho putro mahargyo siwi tetepo winengku ing suko
basuki.

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang sampun
rinancang, rinacik, rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih: __

Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi,
manjing ing madyaning sasono rinenggo.

Tanggap risang duto pametuk dupi hamirsani atmojo temanten putri lenggah anggono raras,
tumunten bidal dumateng paleremanipun puro temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju
dumateng sasono pawiwahan.

Saksampunipun putro temanten kakung rawuh wonten ing sasono rinenggo, tumunten
kalajengaken adicoro pasrah panampi.
Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken daup panggihipun putro temanten anut
satataning adat widi widono ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upocoro
krobongan.

Madyaning suko ing kalenggahan meniko mboten kekilapan kadang besan sutresno, lekasing
sedoyo ugi nderek mangyu bagyo keparengipun ingkang hamengku gati, milo lajeng manjing
wonten pawiwahan, ginarubyuh sagunging poro kadang santono, tumunten kalajengaken upocoro
sungkeman.

Ing saklajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantoro sakperlu
ngaturaken pambagyo harjo katur panjenenganipun sagunging poro tamu.

Paripurno atur pambagyo harjo temanten sarimbit bade kalengseraken saking madyaning sasono
wiwoho manjing sasono busono saperlu rucat busono kanarendran, santun busono kasatriyan.

Saksampunipun temanten sarimbit paripurno angagem busono kasatriyan, tumunten


kasowanaken malih wangsul ngabyantoro poro tamu saperlu nyenyandang pudyastowo
mrihwidadaning bebrayan. Wondene minongko pratondo paripurnaning pahargyan, menawi
temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo tumuju wiworo pawiwahan, tondo yekti
pawiwahan sampun paripurno.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang
saklajengipun keparengo poro tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih
miwah kulo derekaken hangrantos tumapaking adicoro, sinambi nglaras rarasing gendhing-
gendhing saking paguyuban: ingkang dipun pangarsani Bapak: _

Mekaten, nuwun, nuwun, matur nuwun . . . . . . . .

Anda mungkin juga menyukai