Anda di halaman 1dari 4

Teks Pidato Pasrah Penganten Kakung

adminContoh PidatoJune 20 20150 Comments


Berikut ini adalah contoh teks pidato pasrah penganten kakung dalam sebuah acara
pernikahan.

Assalamualaikum Wr.Wb

Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing
pitutur

Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning


kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan

Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandampandoming kawulo dasih.

Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet
projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo
mulyo.

Kunjuk panjenenganipun poro alim para para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro
santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning
ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.

Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo
mulyo.

Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran
pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi.
sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung
ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo
sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten
mbok bilih ingkang hamengku gati(besan saking temanten kakung) boten sagen
masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam
taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih
anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku
ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun
Bg..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu.ingkang pidalem
ing.sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr.(nama temanten putri), atmojo
panjenenganipun Bp/ibu(orang tua dari temanten putri), kala wau dintenSurya
kaping.( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh .mapan ing
dalem.mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula
pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat
widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan.(nama desa prosesi acara
tersebut)kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo
mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga,
tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya
ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan
pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugimugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo
dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan
dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami,
kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Sekali lagi ingat ini hanyalah sebuah contoh teks pidato pasrah penganten kakung. Sedikit
yang bisa saya sampaikan semoga bisa bermanfaaat dan semoga anda bisa berlatih dan bisa
anda kembangkan sesuai dengan adat istiadat yang berlaku di daerah dimana anda tinggal
masing-masing. Sukses selalu buat andaAmien
teks pidato pasrah penganten kakung

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN


Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp. ............................................ (ingkang pasrah) ingkang piniji
hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun
Bp. ............................. sekalihan garwa (badhe/calon besan) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.

Pasrah Lamaran
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit
mradapa keparengipun Bp. ................................. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula
piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang
luhur saking panjenenganipun Bp. ..................................... sekalihan, lumantar
panjenenganipun Bp. ...................... (ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan karya, kanthi
wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun
badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha samisami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka
bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun
Bp. ................................. sekalihan (inkang mengku gati). Boten kekilapan panjenenganipun
Bp. .................................... sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun menggah
sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan
dhumateng Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana
raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra
pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku
gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi mangsa kala tumapaking
ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp. ............................................ sekalihan
garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning panggalih hajenengi paring
pudyastuti
murih
rahayuning
sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen
kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami.

Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking
wicara, cawuh kisruhig paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata
krama,
kupat
janure
klapa
menawi
lepat
nyuwun
pangaksama.
Akhirukalam,
billahit
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

taufik

wal

hidayah

Anda mungkin juga menyukai