Anda di halaman 1dari 2

Assalamu`alaikum wr.

Wb
Bismillahirrahmanirrahim
Alhamdulillahi robbil `alamin
Washolahu wassalamu ala asrofil ambya iwal mursalin
Sayidina wamaulana Muhammadin wa ala alihi washahbihi ajmain

 Wonten pangarsanipun pepunden sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinabekten


 Wonten pangarsanipun kadang calon besan sutrisno injih panjenganipun Bopo
………….. dalah sedaya baraya agung saking ….. ingkang tansah kinormatan
 Sumambah dumateng para Bapak para Ibu ingkang bagya mulyo
 Kaparenge kula matur injih sawetawis angempal kamardikan panjenengan sedaya
ingkang nembe sami wawan pangandikan, injih awit mundi dawah panjenenganipun
Bapa Suparto ddalah Ibu, kinen supados ngaturaken pambagiyo harjo dumateng
para Bapak para ibu sagunging para lenggah ingkang kinurmatan
 Anangging sakderengipun sumonggo kito derekanken ngaturaken pangalembono
raos sukukr dumateng Gusti Alloh ingkang Maha Kuasa, ingkang saestu sampun
ngluberaken menggah sih katersannipun, rahmat taufik soho hidayahipun dumateng
panjenengan dalah kulo injih awit pitedahipun Gusti Alloh kito dipun keparengaken
pepanggihan wonten ing pahargyan agung wontening wekdal puniko.

Sholawat sarto salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW.

Poro bapak poro ibu linangkung poro sepuh poro sesepuh ingkang suhu kinabekten calon
besan sutrisno 8ingkang tansah kinormatan.

 Ingkang sepisan saestu panjenenganipun bpk Suprapto dalah ibu hangaturaken


sugeng raw8uh ugi angaturaken agunge panuwun awit rawuh panjenengan sami
minagkani punopo ingkang dados payuwunipun.
 Ingkang saklajengipun panjenengan Bpk suprapto dalah ibu saestu wonten ing
pahargyan siang puniko, ngaturi rawuh panjenengan sami kasuwun dongo
pangestunipun, bilih panjenenganipun minongko tiyang sepuh badhe nikahaken
darmaning tiyang sepuh molo ngramekaken pitro putrinipun ingkang asesilih……..
ingkang sampun sakrembak, ingkang sampun golong golik nglajengaken
parembakan ingkang sampun kapenger badhe kadaupaken kalian putro kakungipun
bapak…. Injih ingkang asmo…….
Pramilo awit saking puniko saestu Bpk Suprapto dalah ibu tansah nyuwun
tambahing donga pangestu mugi samangkeh lampahipun ahad nikah saget
lumampah kanthi lancer tebihing sambe kolo.
 Lan saestu mugi sakmangkeh sak sampunipun akad nikah putro pinanganten saribit
angenipun mbangun balegriyo enggal mugi kedadosno kaluwarga ingkang Sakinah
mawadah warohmah Amin Ya Robbal Alamin.
 Para bpk para ibu langkung dumateng paro pinisepuh ingkang saktuhu kinabekten
panjenenganipun calon besan sitrisno ingkang kinormatan.
 Saestu saking bopo Suprapto dalah ibu ingkang sangkuyung dineng sedoyo
keluarga sanak kadang, sampun ngedahi panyuwun bileh pahargyan wonten ing
siang puniko sampun rinakit ingkang kanthi sak sae saenipun ananging nglenggono
bilih panjenenganipun bpk Suprapto minongko titah sak wantah ingkang tebih
saking kasampurnan, awit saking puniko mbok bilih anggenipun nanggapi rawuh
panjenengan sedoyo caos papan palenggahan punopo dene pasugatan pinanggih
kalepatan, pinanggih kekurangan,ndadosaken kirang renaming penggalih
panjenengan sedaya.
 Saestu naming saget nyadong nyuwun lumintiring sih samodra pangaksami.
 Awit saking puniko kasekecakaken angenipun panjenengan sami lelengahan
ngantos paripurnaning acoro wonten ing siang puniko.
 Kulo ingkang matur minongko sulih saliro panjenenganpipun Bpk DSuprapto dalah
ibu mbok bileh pinanggih kalepatan, kekirangan saestu kulo nyuwun lumunturing
sih samudro pangaksami.
 Wekdal kita aturaken kadang pangrakiting acara.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai