Anda di halaman 1dari 3

Pambuka

Assalamu Alaikum wr.wb Mugi pangayoman, miwah berkah Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah Maha Asih, tansah
rumentaha tumrap panjenenganipun para tamu samenika sarta ing salajengipun.

Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga
langkung rumiyin kula ngunjuaken puji syukur ing Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lumbering berkah
Dalem, kula saha panjenengan sedaya sami kepareng lenggah ing papan menika kanthi widada, nir ing sambekala. Inggih
saged hangestreni tumapaking gati adicara siraman calon pinanganten putri Athiyya Fathma Salsabila kaliyan pinanganten
putra Abdul Ikhsan Ramadhani, putra putrinipun bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara.

Pengaosan Doa

Kangge ustad Ari Kula aturaken

Adicara Ngabekten

Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing
sakiwa tengening penganten. Sakderengipun jinamas ing warih, Ni mas Calon temanten putrid ing ngarsanipun Bapa dalah
biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit
calon temanten putrid badhe lumebet ing bebrayan enggal. Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra sumungkem
ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda. Tatkala
sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan,
satemah rama dalah biyung kuwawa ngamaph tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta
mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi
palilaah, miwah pangestu dhumateng kang putra henggenira arsa dhaup palakrama. Paripurna ngabekti ing pepdanira
ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung, lumampah
tumuju sasana jamas pasiraman.

Ngracik Toya

Kawuryan rising rahayu sampun lenggah ing sasana jamas pasiraman. Tumuli Bapak Ibu Pradipta kaliyan bapak ibu Bhaskara
ngracik toya suci perwita kang minangka sarana jamas pasiraman calon pinanganten. Ingkang rinacik ingkang sepisan,
Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara mundhut toya saking sumber Senduro salajengipun ugi toya saking sumber Tukum,
Toya saking sumber Sentul, Toya saking sumber Selokambang, Toya saking sumber Purwosono, Toya saking sumber
Klanting, ugi Toya saking sumber Randuagung.

Ingkang kaping kalih, Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara nglebetaken klapa sepuh sagandheng. Mugi menika dadya
pralampita gegandhenganipun tiyang sepuh, nun inggih besan kekalih, awit saking manunggaling putra calon pinanganten
sarimbit. Wohing klapa, sangsaya tuwa sangsaya wicaksana. Mugi kekalih besan, samya agegadhengan asta, nyawiji paring
pangestu miwah pitutur sejati mrih ingkang putra calon pinanganten saged manggih kamulyaning gesang.

Ingkang kaping tiga, Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara kabyantu Ibu Rahmawati kaliyan ibu Khofifah manunggalaken
sekar sritaman nyawiji kalian toya lan klapa, Sri ateges ratu, taman nenggih gumelaring puspa. Sritaman ateges retuning
sekar, wujude mawar, mlathi, kanthil, miwah kenanga. Pralampita apa kang binawar saking kedaling lathi para wredha
sageda tansah kumanthil-kanthil ing wardaya, kumenang kenang ing tung-tunging nala. Amrih arum gandanipun sekar sri
taman, den sedya mrih gesangipun rising calon penanganten saged angambar arum gandane kadya gandane sekar sri
taman.

Adicara Ngintun Toya

Sampun rinacik toya suci perwita adi dening Bapak Ibu Pradipta. Salajengipun mring karsaning kang hamengku gati, nun
inggih Bapak-Ibu Bhaskara kinen ngaturaken toya suci adi perwira adi dhumateng Bapak Ibu Pradipta nenggih calon besan.
Toya suci perwita minangka sarana jamas pasiraman rising calon peninganten kakung. Sampun mangarsa Bapak Ibu
Bhaskara. Makatenta pangandikanya ingkang handuta. Sampun bidhal ingkang dinuta, daya-daya nggenira lumaksana,
parasing sedya hamung kumudu-mudu hangentasi karya, prapta ing dalemipun Bapak Ibu Pradipta

Adicara Siraman

Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman
samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calaon
pinanganten putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti. Para pepundhen dalah pinisepuh
ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1. Eyang kakung Ari kaliyan Eyang kakung Briyan

2. Eyang putri ziva kaliyan Eyang putri Aura

3. Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara

4. Ibu Rahmawati kaliyan ibu Khofifah

5. Bapak Farel kaliyan bapak Dhani

6. Ibu Anyn kaliyan Ibu Della

7. Ibu Dwi kaliyan Ibu Dihar

Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang
calon pinananganten putra kaliyan putri.

1. Ingkang sepisan. Eyang kakung, nun inggih Eyang Ari kaliyan Eyang Bryan paring pangestu dhumateng wayah, kanthi
pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah,
sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten
hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang ahayu mring ingkang eyang dupi piaringan pamuji donga miwah
siniram ing warih suci.

2. Ingkang kaping kalihipun eyang Putri, nun inggih eyang ziva kaliyan Eyang Aura paring Pangestu dhumateng wayah,
kanthi Pangestu suci dhiri Karana paring jamas pasiraman Toya suci perwita Adi.

3. Ingkang katiga paring jamas pasiraman nun inggih Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara kanthi kebak ing pangati-ati,
sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang ahayu. Ancles kadya siniram tirta
sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning kala.

4. Salajengipun kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra lan putri. Kebak ing
sutresna, jinamas ing warih risang calaon pianganten putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning
ahayu.

5. Katuran dhumateng bapak Farel kaliyan bapak Dhani. Mugi risang ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah
kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan

6. Katuran dhumateng Ibu Anyn kaliyan Ibu Della. Paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putri sageta nderekaken
sun tuladanipun ibu.

7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu Dwi kaliyan Ibu Dihar paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman,
mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang ahayu satemah
madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih
punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Pradipta kaliyan bapak ibu Bhaskara ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe mbales luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

Sesuci mecah kendi

Saklajengipun Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala.
Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon,
sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, bogam, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi
risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal
tinemu.

Pangkas Rikma

Titi laksana salajengipun nun inggih Bapak Pradipta kaliyan bapak Bhaskara arsa mangkas rikmane ingkang putra kaliyan
putri. Pangkasan rikma winadhah ing mok, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang ahayu nyembadani kekudanganipun
ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang ahayu samekta bawa priangga
kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa.

Pondhongan

Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten menika rama kakung saged
mbopong putra putrinipun ingkang pungkasan.

Tanem Rikma

Kawuryan Bapak Ibu Pradipta kaliyan bapak Ibu Bhaskara sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten ing pundi
dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka hananem rikma, nunggih wonten
ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa. Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika. Goteking
kandha, ujaring bakul sinambe wara, bilih papan ingkang minangka sasana paneming rikma bisa kanggo tamba kangen.
Benjing kalamun ingkang sampun palakrama temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga
mandhireng pribadi, mpan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang garwa. Pepisahan mekaten sawanci-
wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wardaya. Nalika raos kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu
cekap mriksani papan ingkang kangge nanem rikmane calon penganten, satemah raos kapang saged ical musna, anane
mung rasa suka lan bombong mring uripe putrane.

Pecok Tumpeng

Paripurna Bapak Ibu Pradipta kaliyan bapak Ibu Bhaskara metak rikma ingkang putra, daya daya tumuju wonten pundi
dumuning papan amangkas tumpeng. Para kadang kula saking paket pengantin sampun sawega hanyawisaken. Nalika
samana Bapak Ibu Pradipta sampun sumandhing ing tumpeng. Sarwa sarwi kebak ing pangati-ati Bapak Pradipta mangkas
tumpeng, tumuli kaparingaken dhumateng garwa nenggih ibu Rahmawati. Sampun katampi pucuking tumpeng, gandheng
renteng renteng Bapak Ibu Bhaskara tumuju wonten panti busana, nenggih panti risang calon pinanganten putri kang
nembe sinumbaga mring juru sumbaga. Pangkasaning tumpeng minangka sarana dulang pungkasan. Mratandhani kalamun
Bapak ibu Bhaskara kaliyan bapak ibu Pradipta paring wasiat dhumateng ingkang putri supados tansah bekti mring
Pangeran, datan supen mring jatining panembah, tansah mudhi dhawuhipun Gusti, sarta nyingkiri ing pepacuhipun.

Sade Dhawet

Kawuryan Bpk/Ibu Pradipta kaliyan bapak ibu Bhaskara sampun miyos saking panti. Ibu Rahmawati kaliyan Ibu Khofifah
ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak Pradipta kaliyan bapak
Bhaskara ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono
kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang.
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet, dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri
dalidir kadya kang samya mundhut dhawet. Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu Rahmawati kaliyan Ibu Khofifah sade
dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten
wonten ingkang kuciwa ing rasa, snmya suka ing nala. Kajawi punika, sanadyan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu
Pradipta kaliyan bapak Ibu Bhaskara suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan
murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.

Panutup

Mekanten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka
sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang
rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Suharso.

Para rawuh para lenggah,

Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi
kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku
gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai