Anda di halaman 1dari 2

Assalamua'laikum Wr Wb.

➤ Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki,
para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang
pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan
Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating
praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang
satuhu kinormatan.
Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes
sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan
manton(kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri misal
Hendro)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring
prasedya.

➤ Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka


syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng
hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah
wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan  kula taksih saget makempal
wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga
sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke
saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

➤ Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning
suka ing kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian
angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos
panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati
dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

➤ Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun


pamangku gati Bapa.. (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh
maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri)
..dahup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan/orang
tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene
wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu
akad nikah jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.
➤ Winantu pangajabaing sedya  saking Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)
sarimbit,mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa
hastunipun, satemah penganten sarimbit satat tresna tiresnanan, atut runtu anggennya
mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal
pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma
pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

➤ Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen(lali)Bapa..(nama
pamangku gati) sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang
miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh
pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..(nama pamangku gati) sekalian
garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten
ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjeengan kalawau
dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju(setimpal).

➤ Pepuntaning atur saking bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi
kaagungna pangaksama panjenengan.
Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita
kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para
winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

TUGAS SESORAH ATUR PANGAYU BAGYO


Nama : 1. Eko prastyo
2. Novi Aulia
3. Saloka Saiful
4. Sifani Dira

Anda mungkin juga menyukai