Anda di halaman 1dari 4

TEMA

Dirgahayu Kemerdekaan RI Ke-74

Bismillahirrahmanirrahim.

Assalamu’allaikum Wr. Wb.


Innalhamdalillahi nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfiruhu
wana’udzubillahi min syururi
‘anfusina waminsayyi’ati ‘amaalinnaa man yahdihillah falah mudhillalah wa
man yudhlil falaa Haadiyalah wa asyhadu allaa ilaaha illallah wahdahu laa
syariikalah wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhu wa rasuuluh.
Amma ba’d

Lumintuning sih wilaso ing ngarso dhalem Allah S.W.T mugi tansah
tumandhuk dhumateng sedhoyo
Kawulanipun.
Nuwun…

 Katur dumateng Poro Pepundhen, poro sesepuh, Pinisepuh ingkang


satuhu pono ing pamawas lepdho ing pitutur khiblat ing panembah
ingkang pantes pinundhi soho kinabekten.
 Poro alim, poro ulama, Bapak kyai, ibu Nyai, ingkang tansah kulo
taqdhimi.
 Katur dhumateng Bapak Kepala Desa Karangsono sumrambah sedoyo
perangkatipun ingkang satuhu kinurmatan.
 Katur dhumateng Bapak-bapak BABINSA/BABINKAMTIBMAS Desa
Karangsono ingkang satuhu kinurmatan.
 Dhumateng Satrianing negari ingkang pantes tampi pakurmatan.
 Kadhang mudha warda sumrambah segenap panitia penyelenggara
“DIRGAHAYU REPUBLIK INDONESIA Kaping 74 warso 2019 ingkang
pantes sinudarsono.
 Bapak soho Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan.

1
Langkung Rumiyen
Nun inggih karono cundhuk kaliyan kuncaraning bongso ingkang
linambaran agunging “PANCASILA” sumonggo panjenengan sedoyo kulo
ndherekaken, manungku pujo miwah puji syukur wonten ngarso dhalem
Gusti ingkang Murbeng Dumadhi. Inggih awit saking lumintuning barokah
soho rohmad, satemah hambabar doyopangaribowo ingkang tumandhuk
dhumateng kawulo dasih. Kacihno salebeting kalenggahan kanthi pinaringan
sehat wal afiat mboten wonten robedo.
Rahayuning widodo soho tambahing rubo keselametan mugiyo tansah
katur kunjuk wonten ngarso junjungan kito, Nabi Agung Muhammad S.A.W
panjenenganipun salah setunggaling prio agung, mustikaning bawono
ingkang dados cundakaning Gusti Ingkang akaryo luko kangge amilujengaken
poro jalmo, awit saking marco podo atumuju syurgo luko, soho salah
setunggaling nabi ingkang mbeto agami ingkang hak, ingkang leres, soho
ingkang paring syafa’at dumateng umatipun mbenjang ing dinten kiamat, ing
pangestu soho pandungo, mugi-mugi kito sedoyo tansah katetapan dados
umatipun soho pikantuk syafa’at saking beliau. Amiiin….

Sak dherengipun kulo matur kawulo nyuwun agunge sih samudro


pangak sami, awit kulo sampun tumawantun jumeneng wonten ngarso
panjenengan mboten ateges kadhuk wani kirang dhedugo, inggih awit saking
tinangisan konco panitia ingkang supados hanjejeri minongko panoto coro
mengeti DIRGAHAYU REPUBLIK INDONESIA Kaping 74 Warso 2019
Ingkang wonten tlatah Dusun Munggalan RT 01 / RW 06 Desa Karangsono
Kecamatan Kanigoro

Sak dherengipun adicoro kawiwitan ing mriki bade kulo kaaturaken


reroncening adicoro ingkang sampun karakit dhining poro kadhang panitia
ingkang atawisipun.
1. Pembuko
2. Sambutan-sambutan
3. Do’a
4. Pagelaran Seni Budhoyo Wayang Kulit sedhalu natas kanthi dhalang Ki
Muh. Hamdani saking tlatah Wonorejo Lodoyo. Kanthi lampahan
“Petruk Dadi Ratu”.

2
Makaten rantaman reroncening adicoro ingkang sampun karakit dening

poro kadhang mudho wardo panitia.


Pramilo puniko purwo madyo pusananing gegayuhan wonten sukolilaning
penggalih. Poro tamu undangan dalasan poro wargo Dusun Munggalan
nderekaken laksitaning adicoro ngantos paripurno.

Sumonggo adicoro ing dhalu puniko kabikak kanthi waosan Ummul


Qur’an mugiyo saget lumampah kanthi rancak soho wilujeng, ugi pikantuk
ridhonipun Allah S.W.T
Allahadinniyyah Bisyafaati Rosulillah …. Alfatihah….
Matur Nuwun……….. mugi-mugi kanthi waosan surah alfatihah kolo wau
ndadosaken lancaripun adicoro ing dhalu meniko.

Dungkap Adicoro ingkang ongko kaping kalihipun Sambutan-sambutan.


 Sambutan ingkang ongko setunggal sambutan saking ketua panitia.
Dhumateng panjenenganipun………………….. Bopo Tumijan selaku ketua RT
01/RW 06 Sasono kasumanggaaken…… Matur Nuwun.

 Sambutan ingkang ongko kalih saking Bapak Kepala Dusun


Munggalan,
dhumateng panjenenganipun Bopo Ferri…………………… sasono
kasumangaaken.
Matur Nuwun………….. makaten sambutan saking Bapak Kepala Dusun
Munggalan punopo ingkang sampun kaaturaken,mugiyo wonten gino
faedahipun kangge masyarakat Munggalan.

 Wondene sambutan ingkang ongko tigo


Sambutan saking Bapak Kepala Desa Karangsono, dhumateng
panjenenganipun Bopo Drs. Moh. Nurhadi sasono kasumanggaaken.
Matur Nuwun………

Makaten kolowau sambutan saking Bapak Kepala Desa Karangsono


mugiyo sageto nambah semangat konco-konco panitia dalasan masyarakat
warga Dusun Munggalan sageto warso ngajeng ngawontenaken Pagelaran
kabudhayan Ringgit Purwo ….
Amiiin….

3
Dungkap adicoro ingkang ongko kaping tigo.

3. Do’a
Nyuwun dhumateng Bapak Kyai Drs. Agus Wahid mugiyo paringo barokah
pandungo sasono kasumanggaaken. Matur Nuwun.

4. Dungkap adicoro ingkang ongko sekawan Pagelaran Seni Budhoyo


Wayang Kulit sedalu natas kanthi Dalang Ki Muh.Hamdani ingkang saking
tlatah Wonorejo Lodoyo kanti lampahan “Petruk Dadi Ratu”.

Sumonggo mundhut lenggah ingkang sekecho anggenipun amirsani


Pagelaran Wayang Kulit sedalu natas kanthi mardu mardikaning penggalih.

Kulo minongko pranoto coro hambok bilih anggen kawulo sowan matur
wonten ngarso panjenengan sami wiwit awal hinggo akhir wonten sasar
susuring atur, tuno dungkaping atur, tutur kalantur lantur soho kiranging
subo sito ingkang singlar ing reh totokromo kulo namung saget tumadah asto
kekalih nyuwun agunging sih samudro pangak sami.
KUPAT JANURE KLOPO………… MENAWI LEPAT NYUWUN PANGAPURO.
Kanthi …..A….. sesanti joyo joyo wijayanti tulus lestari widodo nir ing
sambikolo rahayu ingkang tansah pinanggih.
Nuwun………… Ing akhiripun……… Wabillahi taufiq walhidayah
Wassalamu Allaikum Wr. Wb.

From By Mr. Heri Susanto

Munggalan, 24 Agustus 2019

Anda mungkin juga menyukai