Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

,
Audhubillahi minassyaitonirrojim, Bismillahirrohmanirrohim, Alhamdulillahirobbil’alamin, Asholatu
wassalamu’ala asrofil ambiya’I wal mursalin, sayidina wamaulana muhammadin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in
amma ba’du
Dumateng Mas Aris Faizin selaku ketua Pemuda ingkang kaulo horma�
Dumateng Bapak Aziz selaku pembina ingkang kaulo horma�
Dumateng Bapak Ustad Murtadho ingkang kaulo horma�
Dumateng Sohibul Bait Bapak ……….. ingkang kaulo horma�
Mboten kasupen dumateng sedoyo pemuda ingkang kaulo horma� ugi
Ingkang sepindah monggo ing kesempatan ndalu puniko kita tansah nderekaken raos puja lan puji syukur
wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmat, kenikmat, hidayah soho
inayahipun dateng kito sedoyo sehinggo kito sedoyo waget makempal manunggal wonten majlis meniko
nderek” ninda’aken mujahadah yasin lan tahlil kan� ginanjar wilujeng mboten manggihi alangan satunggal
punopo” Amin. Pramilo monggo atas sedoyo kasyukuran meniko kito ikraraken kanti waosan Tahmid.
Alhamdulillahirobbil’alamin
Sholawat soho salam mugi leres katur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kito
ajeng” syafa’atipun wiwit gesang kito linangkung mbenjang wonten yaumul qiyamah. Amin
Mboten kasupen maleh kaulo nderek” silaturohim ngaturaken pambagiyo sugeng rawuh dumateng
panjenengan sedoyo, mugi” atas rawuhipun panjenengan sedoyo dados amal silaturahim ketampi dateng
Allah SWT, ugi sakmangkeh anggenipun kito nindakaken kempalan estu pikantuk ridhonipun Allah SWT
Poro rawuh ingkang kaulo horma�, wonten mriki kaulo minangkani pembagi wekdal badhe
ngaturaken sususan adicoro ingkang badhe kalampah sakmangkeh
Dene acoro ingkang sepindah
1. Pembikaan
2. Waosan Tahlil ingkang bade dipun pinpin dumateng bpk Ust murtadlo
3. Sambutan"
4. In� Pertemuan ugi laporan-laporan
3. Penutup
Mekaten menggah sususan adicoro ingkang badhe kalampah sakmangkeh
Ngenge� wekdal ingkang sampun sautawis ndalu pramilo moggo adicoro kito bikak kan� waosan ummul kitab.
Li ridho illah wali syafa'a� rosulillah Shallallahu'alaihi wa sallam, al-Fa�hah
Matursuwun, mugi” waosan ummul kitab kolo wau ndadosaken wasilah anggenipun kito sedoyo somo
nindak’aken kempalan sak mangkeh
Adicoro ingkang saklajengipun inggih puniko waosan Tahlil, wondenten imam kito suwunaken
penjenenganipun Bapak Murtadho Sumonggo wekdal soho panggenan kaulo sumangga’aken
(Tahlilan)
Alhamdulilah waosan tahlil sampun kalampah kan� lancar, mugi” waosan tahlil kasebat dados
amal ibadah kito sedoto ketampi dateng Allah SWT

Adicoro kaping kalih inggih puniko sambutan sambutan.

Sambutan sepindah saking Ketua Pemuda, dumateng Mas Aris Faizin selaku ketua pemuda, wekdal soho
panggenan kulo sumangga aken.

Matursuwun dumateng Mas Aris Faizin selaku ketua pemuda ingkang sampun paring sambutan.

Sambutan kaping kaleh saking Pembina Pemuda, dumateng Bapak Aziz selaku pembina pemuda. wekdal soho
panggenan kulo sumangga aken.

Matursuwun dumateng Bpk Aziz selaku pembina pemuda ingkang sampun paring sambutan, mugi" dados manfaat
dumateng kito sedoyo.

Sambutan kaping �go inggih puniko sambutan saking Bapak Ustad Murtadho, dumateng Bapak Ustad Murtadho.
wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Matursuwun dumateng Bpk Ustad Murtadho ingkang sampun paring sambutan, mugi" dados manfaat dumateng
kito sedoyo.

Adicoro kaping �go inggih puniko in� pertemuan ugi laporan-laporan.

Laporan-laporanipun bade dipun waosaken dumateng Mas Dani selaku bendahara, sumonggo wekdal kaulo
aturaken.
Matursuwun dumateng Mas Dani selaku bendahara ingkang sampun paring Laporan" puniko.

Adicoro sak lajengipun inggih puniko in� Pertemuan. Sumonggo kagem rencang pemuda ingkah gadah usul wekdal
kulo aturaken
Adicoro ingkang sak lajengipun inggih puniko penutup. Anamung sakderengipun adicoro kito tutup, kaulo
minangkani wakil saking pemuda ngaturaken gung panuwun dumateng Bapak ………… ingkang sampun paring
papan pilenggahan ugi sedoyo samudayanipun, mugi” dados amal sodaqoh Bapak …………. Sekeluargi.
Lan monggo kito tutup kan� waosan tahmid (Alhamdulillahirobbil’alamin)
Mekaten saking kaulo kirang langkungipun anggenipun kaulo nderek’aken acoro ndalu puniko kalah klita klentu
nipun kaulo nuwun agunging sih samudro pangarsami
Kaulo Akhiri
Wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai