Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

A’uzdhubillahiminassyaitonirrojim Bismillahirrohmanirrohim Alhamdulillahirobbil’alamin Assolatu


wassalamu ‘ala Asrofil ambiyai wal mursalin Wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’in ( Al ayah )

Waqolannabiyyu solallahu’alaihi wasalam :

Tolabul’ilmi faridhotun’ala muslimin wa muslimat ( Amma ba’du )

Dumateng Bapak ……. Ingkang kaulo hormati

Dumateng Bapak ……. Ingkang kaulo hormati

Dumateng Bapak ……. Ingkang kaulo hormati

Dumateng Ketua Pemuda ……. Ingkang kaulo hormati

Dumateng Rencang” sedoyo ……. Ingkang kaulo tresnani

Dumateng Majlis Taklim ……. Ingkang kaulo mulyaakan ugi ingkang dipun mulyaaken dining Allah SWT

Monggo ing kesempatan ndalu puniko, kito sedoyo tansah ndereaken raos syukur wonten ngarso dalem
Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten pinten karohmatan, kenikmatan, hidayah soho inayahipun dumateng
kito sedoyo. Sehinggo ing saat ndalu puniko kita sedoyo waget kempal manunggal, kanti ginanjar wilujeng mboten
manggih alangan satunggal puniko. Amin, pramilo monggo atas kasyukuran meniko kito sareng” ikrarraken kanti
waosan tahmid, Alhamdulillahirobbil’alamin

Sholawat soho salamipun Allah mugi leres katur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW,
ingkang tansah kito ajeng” syafa’atipun awit gesang kito linangkung wonten yaumul qiyamah, Amin ya robbal alamin

Ugi mboten kasupen malih kaulo nderek” silaturahim ngaturaken pambagio sugeng rawuh dumateng
panjenengan sedoyo.

Dumateng majlis taklim rohimakumullah, kaulo wonten mriki aminangkani panitia, ingkang sepindah
ngaturaken gung panuwun dumateng panjenengan sedoyo, ingkang sampun kerso rawuh wonten majlis meniko,
mugi” atas rawuhipun ndadosaken amal silaturahim, ketampi dateng Allah SWT, ugi sakmangkeh anggenipun somo
belajar khitobah, estu pikantuk ridhonipun Allah SWT, ugi pikantuk ilmu ingkang berkah manfaat, Amin.

Ingkang saklajengipun kaulo atas nama panitia, anggnipun nampi rawuhipun panjenengan sedoyo sangget
nuwun gunging pangapunten ingkang katah, mboten waget ngaturi papan palenggahan, ugi sedoyo samudayanipun
mboten waget mbingahaken dateng manah panjenengan sedoyo, anamung saking panitia wagetipun ngaturaken
“JAZA KUMULLAHU AHSANAL JAZA, JAZA KUMULLAHU KHOIRON KASIRO” mugi” atas jerih payahipun panjenengan
sedoyo estu pikantuk imbalan ingkang sae, ugi ingkang linangkung ageng.

Semanten lan mekaten ingkang waget kaulo aturaken, kirang langkungipun saking panitia, nuwun agunging
pangapunten sak katah”ipun.

Wusana kaulo akhiri

Wabillahi Taufiq wal Hidayah Waridho wal Inayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sumonggo wekdal soho panggenan kaulo aturaken dumateng pranoto adicoro

Anda mungkin juga menyukai