Anda di halaman 1dari 2

Dumateng almuharom para alim ulama ingkang kulo hormati fatwah – fatwahipun,

Dumateng Shohibul Hajah sekeluarga ingkang kulo hormati, mboten kesupen ibu – ibu
jama’ah tahlil ingkang sami rawuh ingkang tansah kulo hormati.

Ingriki sak sampunipun kulo ngaturaken salam dumateng panjenengan sedoyo langkung
rumiyen kulo tansah panjataken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun ALLAH SWT,
ingkang pundi wekdal meniko kulo panjenengan tansah pinaringan Rohmat, nikmat, taufiq
soho hidayah sehingga kulo panjenengan saget rawuh ing meniko majelis kanthi keadaan
wilujeng sedoyo, lan mugi – mugi atas rawuh kulo soho panjenengan sedoyo tansah
pinaringan Ridhanipun Allah SWT, Amiin. lan mugi – mugi sageto ndadosaken setunggalipun
amal ingkang saget nyafaati kulo panjenengan sedoyo ing ndunyo ngantos akhirat mbenjang
Amin 3x.

Lan Kaping kalehipun, mboten kesupen muji syukur dumateng junjungan kita Nabi Agung
inggih meniko Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbekto kulo panjenengan saking
jalan kegelapan menuju jalan ingkang lurus arupi agami islam, lan mugi – mugi Sholawat
soho salam tetep katuraken dumateng Nabi Muhammad SAW, lumeberipun dumateng kulo
soho panjenengan sedoyo AMIN 3x

Kaping tiganipun kulo matur nuwun sanget dumateng ibu Shohibul Hajah .........................
Sekeluarga , ingkang sampun menyediakan tempay soho mengorbanaken harta, tenaga, lan
pikiranipun, demi lancaripun jamaa’ah kita inggih meniko jamaah tahll, lan mugi – mugi atas
amal ibadahipun dipun terami dumateng Allah SWT. AMIIN.

Kulo mboten kesupen matur nuwun dumateng ibu2 ingkang sami rawuh ing meniko majlis,
mugi2 atas rawuh kulo soho panjenengan sedoyo tansah dipun terami dumateng
Ngarsanipun Allah SWT. Aamiin. lan mugi2 dipun cateto sebagai amal ingkang saget nyafaati
kulo panjenengan sedoyo wonten ndunyo ngantos mbenjang wonten Yaumil Qiyamah .
AAMIN.

Lan dumateng para ibu2 ingkang kulo hormati, ing ngriki sebagai muqodimah kulo cekapi
semanten, nanging sakderengipun tahlil kito mulai, monggo kita buka kanti waosan suratul
Fatihah soho Syahadat, mugi2 waosan tahlil mangke sageto lancer ngantos sak akhiripun.
AAMIIN.

Alhamdulillah atas waosan syahadat kolo wau mugi dipun terami dumateng ngarsanipun
Allah SWT. AAMIIN.

Kanggo acara sak lajengipun monggo kito sareng2 maos kalamun khodimulloh ingkang dipun
pimpin ibu (.............................) sak meniko wekdal kulo aturaken.

Matur nuwun atas waosan Kalamun Khodimulloh, mugi2 tansah dipun terami dumateng
Allah SWT. AAMIIN

Lan ing ngriki sampon dados kebiasaanipun bade dipun wontenaken waosan ayat suci
Alqur’an ingkang dipun waos meniko kalian ibu (.....................) sak meniko wekdal kulo
aturaken.

Matur nuwun sanget atas waosan Ayat Suci Alqur’an, mugi2 dipun terami dumateng Allah
SWT. lan mugi2 sageto bermanfaat bagi ingkang maos, ugi bermanfaat bagi kulo panjenengan
sedoyo ingkang sami2 mirengaken. AAMIIN.

Lan dumateng para ibu ingkang kulo hormati, mangke waosan tahlil barokahipun dipun
suwun saking keluarga Ibu (...................) dipun tujuaken dumateng sedoyo ahli kuburipun
ingkang nomor setunggal ( ...............) terakhir dumateng ahli kubur kulo soho panjenengan
sedoyo. bilih sedoyo arwah kolo wau manggihi kesengsaraan mugi2 Allah ngicali
kesengsaraanipun, bilih manggihi rohmat, mugi2 Allah nambahi Rohmatipun, sebab
kintunan do’a kulo soho panjenengan sedoyo.

Lan meniko waosan tawasul, ingkang bade dipun waos kalian ibu (.................) Amiin 3x

Pimpinan waosan Tahlil ibu (................)

Do’a kulo aturaken dumateng Ibu (....................)

Alhamdulillah atas waosan tahlil lan do’a sedoyo kolowau, mugi2 dipun terami dumateng
ngaarsanipun Allah SWT, lan mugi2 sageto nyurambah dumateng sedoyo Ahli kuburipun
sohibul hajah sekeluarga, ugi dumateng sedoyo ahli kuburipun kulo soho panjenengan
sedoyo. AAMIIN.

Lan ing ngriki sakderenge kulo tutup, Ibu (...........) Kulo atas name wakil saking ibu2 jama’ah
tahlil, bilih anggenipun rawuh ing meniko majlis, tingkah lau kirang sopan/waosan tahlil
wonten kirangipun kulo nyuwon agunge pangapunten dumateng Ibu (....................)
sekeluarga.

Semanten ugi dumateng ibu2, kulo atas name wakil saking ibu (..................) sekeluarga bilih
nerami kerawuhan panjenengan sedoyo wonten kirangipun nyukani penghormatan , kulo
mewakili sekeluarga nyuwun agunge pangapunten dumateng ibu2 sedoyo, lan pengumuman
mbenjang kamis wonten dalemipun ibu (..............................)

Lan kulo sebagai pembawa acara mulai awal dumugi ngantos Akhir wonten lepatipun
nyuwun ngapunten dumateng ibu2 sedoyo, kulo akhiri kalian ucapan ..............................

Anda mungkin juga menyukai