Anda di halaman 1dari 3

PEMBUKA

Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh


Audzubillahi Minasyaithonirojiim, Bismillahirrohmanirrohiim
Assolatu Wassalamu Ala Sayyidina Rosulillah, Wa Ala Alihi
Wasohbihi Waman Walah Amma Badu.
Dumateng

panjenengan

ibu

atau

bapak

................

tiyang

sakeluargo ingkang kulo hormati, dumateng poro rawuh sedoyo


ingkang kulo hormati ugi.
Sepindah monggo kito sesarengan muji syukur wonten ngarso
dalem Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten
kenikmatan soho kerohmatan dumateng kulo lan panjenengan
sami sahinggo kulo lan panjenengan sami, saged makempal maos
solawat berjanji kanti ginanjar wilujeng mboten manggihi alangan
setunggal punopo kemawon, Aamiin Aamiin Ya Robbal Alamaniin.
Sholawat sarto salam kito kunjukaken wonten ngarso dalem
junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antuantu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin
Aamiin Ya Robbal Alamaniin
Kaping kalihipun kulo ing mriki minangkani dados talang aturipun
ibu-ibu sedoyo

ingkang sepindah ngaturaken matur nuwun

dumateng bapak ........ sak keluargo ingkang sampun nyediani


panggenan soho maringi pasugatan arupi punopo kmeawon
ingkang sampun dipun rahapi sesarengan.
Ingkang

angka

tigo

kulo

bade

nyuwunaken

pangapunten,

dumateng bapak ....... sak keluargo, mbok bilih kulo soho ibu-ibu
sedoyo

kirang

pangandikan,

sopan
kulo

anggenipun

ingkang

dados

lelenggahan
talang

soho

aturipun

wawan
nyuwun

pangapunten ingkang katah, sak rehning wekdal sampun sak


wentawis ndalu, kulo soho ibu-ibu sedoyo bade nyuwun pamit.
Cekap semanten atur kulo, mbok bilih anggen kulo matur, awit
awal dumugi akhir katah klinta klintunipun, kulo pribadi nyuwun
pangapunten ingkang katah, kulo akhiri
Wassalamu Alaikum Worohmatullahi Wa Barokatuh

PENUTUP
Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Audzubillahi Minasyaithonirojiim, Bismillahirrohmanirrohiim
Assolatu Wassalamu Ala Sayyidina Rosulillah, Wa Ala Alihi
Wasohbihi Waman Walah Amma Badu.
Dumateng panjenengan bapak ................ sak keluargo ingkang
kulo hormati, dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati
ugi.
Sepindah monggo kito sesarengan muji syukur wonten ngarso
dalem Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten
kenikmatan soho kerohmatan dumateng kulo lan panjenengan
sami sahinggo kulo lan panjenengan sami, saged makempal maos
solawat Diba kanti ginanjar wilujeng mboten manggihi halangan
setunggal punopo kemawon, Aamiin Aamiin Ya Robbal Alamaniin.
Sholawat sarto salam kito kunjukaken wonten ngarso dalem
junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang kito antuantu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin
Aamiin Ya Robbal Alamaniin
Kaping kalihipun kulo ing mriki minangkani dados talang aturipun
bapak ....... Sak keluargo ingkang sepindah ngaturaken matur
nuwun dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun kerso rawuh
wonten griyo kulo puniko maos Diba kanti ginanjar wilujeng
mboten manggihi halangan setunggal punopo kemawon. Aamiin
Aamiin Ya Robbal Alamaniin
Ingkang kaping

tigo, kulo nyuwunaken pangapunten bapak ......

sak keluargo, mbok bilih bapak ...... sak keluargo, anggenipun


nyediani panggenan

soho maringi pasugatan kirang mranani

wonten penggalih poro rawuh sedoyo kulo ingkang nyuwunaken


pangapunten ingkang katah. kapundut saking atur ibu-ibu kolo
wau sampun nyuwun pamit, bapak ...... sak keluargo tansah
derekaken sugeng kondur lan mbok bilih poro rawuh sedoyo bade

nerasaken anggenipun lelenggahan soho wawan pangendikan,


bapak ...... sak keluargo inngih tansah nyumanggaaken.
Mekaten atur kulo, mbok bilih anggen kulo matur, awit awal
dumugi akhir katah klinta klintunipun, kulo pribadi nyuwun
pangapunten ingkang katah, kulo akhiri
Wassalamu Alaikum Worohmatullahi Wa Barokatuh

Anda mungkin juga menyukai