Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr wb

‫الحمد هلل والشكر علي نعم هللا والصالة والسالم على رسول هللا صاحب الشفاعة والفضيلة وعلى اله واصحابه ومن وااله اما بعده‬

Hadrotal muhtoromin wal mukarromin sagunging poro alim ulama ingkang kito mulyaaken , sesepuh pinisepuh
dalah kasepuhan ingkang minulyo khususipun dumateng panjenenganipun simbah abdul wahid soho keluargi
ingkang kito mulyaaken , panjenenganipun bp kyai sholihuddin , panjenenganipun bp kyai yusuf ingkang kito
hormati ,sumerambah dumateng poro rawuh kakung miwah putri ingkang dipun mulyaaken
ALLAH SWT ALLAHUMMA AMIN ,
Sepindah monggo kito sareng sareng ngelahiraken syukur dumateng ALLAH SWT ingkang sampun maringi nikmat
, taufik soho hidayah dumateng kito sedoyo sehinggo kito waged makempal malenggah wonten meniko
panggenan kanthi wilujeng sehat soho ‘afiah mboten meningi alangan setunggal punopo ,
pramilo meniko monggo kito sareng sareng ngaunjuaken raos bingah syukur kito kanthi waosan hamdalah sareng
sareng (alhamdulilahi robbil alamin)
Sholawat soho salam kito aturaken dumateng nabi agung muhammad SAW, setunggaling nabi ingkang sampun
mbeto umatipun saking zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah soho kanjeng nabi ingkang kito tenggo tenggo
safatipun mbenjang wonten dinten kiyamah , mugi mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafa’at
agungipun ALLAHUMMA AMIN .
Poro rawuh sedoyo ingkang kito mulyaaken ,wonten ing mriki kawulo minongko pranoto acoro bade maosaken
runtuting adicoro ingkang bade kalampah wonten ndalu puniko .
- Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pembikaan
- Adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat ayat suci al quran
- Adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan saking sohibul bait
- Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko pengaosan kitab
- Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko mujahadah dipun terasaken doa

Poro rawuh sedoyo ingkang kito mulyaaken gegandengan wekdal sampun sakwentawis ndalu monggo kito
milahi adicoro ingkang sepindah inggih puniko pembikaan kanthi waosan surat alfatihah ingkang kito suwunaken
barokah dumateng panjenenganipun (bp ..............)dumateng panjenengapiun (bp ..............)wekdal kito
aturaken.
Dumateng panjenenganipun (bp ..............)kito aturaken agunging panuwun , mugi mugi kanthi waosan surat
alfatihah nembe ndadosaken lancaring adicoro wonten ndalu puniko ALLAHUMMA AMIN.
Dipun terasaken adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat ayat suci alquran ingkang bade
dipun waos dumateng panjenenganipun (bp ..............)dumateng panjenengapiun (bp ..............)wekdal kito
aturaken.
Dumateng panjenenganipun (bp ..............)kito aturaken agunging panuwun.
Dipun terasaken adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan saking sohibul bait ingkang bade
dipun aturaken dumateng panjenenganipun (bp ..............)dumateng panjenengapiun (bp ..............)wekdal kito
aturaken.
Dumateng panjenenganipun (bp ..............)kito aturaken agunging panuwun.
Dipun terasaken adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko pengaosan kitab ingkang bade dipun
aturaken dumateng panjenenganipun (bp ..............)dumateng panjenengapiun (bp ..............)wekdal kito
aturaken.
Dumateng panjenenganipun (bp ..............)kito aturaken agunging panuwun.
Dipun terasaken adicoro ingkang pungkasan inggih puniko mujahadah soho doa panutup ingkang kito
aturaken dumateng panjenengan sedoyo , wondene imam mujahadah kito suwunaken barokah dumateng
panjenenganipun (bp kyai ….....)wondene doa kito suwunaken barokah dumateng panjenenganipun
(bp kyai.........)
Ananging sakderengipun saking kulo minongko pranoto acoro katah lepat angenipun kulo matur soho kirang
langkungipun kulo nyuwun agunging sih samudro pangraksami .

‫وهللا الموفق الى اقوام الطريق‬


Assalamualaikum wr wb

dumateng panjenenganipun (bp kyai.........) soho (bp kyai.........) wekdal kito aturaken.

Anda mungkin juga menyukai