Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Bismillahirrohmaanirrohiim Alhamdulillahilladzii Kholaqol hayata wal


amuut, Asyhadu allaa ilaaha illalloh wahdahulaa syarikalah, wa asyhadu
anna muhammadan ‘abduhu wa rasulluh Allohumma sholli wasallim
wa baarik ‘alaa syayidina Muhammadin Wa ‘alaa alihi wasohbihi
ajma’iin Amma ba’du
Almukarrom poro alim soho poro ustadz ingkang kawulo mulya aken,
poro sesepuh pini sepuh ingkang kawulo mulya aken, poro hadirin
sedoyo jama;ah tahlil, wabil khusus shohibul bait/hajat Bp. ................
sekeluarga.
Alhamdulillah, monggo kito aturaken puji syukur dumateng
ngarsonipun Alloh SWT, kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil ‘alamin,
ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo
panjenengan sedoyo, dene kulo panjenengan sedoyo saged ngrawuhi
jama’ah rutin wonten dalemipun Bapak ...................... kanthi mboten
wonten rubedo menopo-menopo, mugi-mugi kehadiran kulo
panjenengan sedoyo estu-estu kecatet amal silaturahmi ingkang
ketampi deneng Alloh SWT lan dadoso amalan hasanah fiddini
waddunya hatal ahiroh Aamiin Ya Robbal’alamin
Saklajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng
junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW, biqauli Allohumma
sholi’alaa sayyidina Muhammad, ingkang ssampun pareng pitedah
dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi dinul Islam/ agami Islam,
mugi-mugi ndalu meniko ngantos akhir hayat kuo panjenengan sedoyo
tetep netepi agami islam lan benjang wonten yaumul qiyamah, kulo
panjenengan swedoyo dadoso umatipun ingkang angsal Syafa’atipun
Kanjeng Nabi Muhammad SAW Aamiin Ya Robbal’alamin
Bapak-bapak poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken, ndalu
meniko Bapak ................. kagungan hajat inggih puniko, kirim do’a
dumateng leluhuripun ingkang Asma :
1. Almarhum Bp. ...........
2. Almarhumah Ibu. ...........
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulya aken, ndalu meniko
Pembacaan Yasin lan Tahlil kulo pasrahaken dumateng
panjenenganipun Bapak ......................... lan mangke dipun tutup do’a
kalian panjenenganipun Bapak ...................
Monggo pekempalan dalu meniko kito mulai kanthi pembukaan umul
Qur’an Shurotul fatihah. Bismilahirrohmanirrohim ila hadrotin nabiyyil
mustofa muhammadin sollallohu’alaihi wa saallam, wa’ala alihi
wasohbihi wa azwajihi waduriyatihi ajma’iin,..Al fatihah
Saklajengipun wausan Yasin soho tahlilipun dumateng
panjenenganipun Bapak .............. kawulo aturaken
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulya alen, mekanten
kolowau wausan Yasin, Tahlil lan do’a sampun kulo panjenengan
lampahi kanthi lancar lan gangsar, mugi-mugi menopo ingkang dados
niat lan hajatipun Bapak ....................... estu-estu dipun tampi kalian
Alloh SWT... Aamiin
Atas nami shohibul bait/hajat Baapak .................... ngaturaken
agungipun panuwun atas kerawuhan lan do’a kulo panjenengan sami
lan nyuwun ngampunten mbok bilih anggenipun paring penghormatan,
ugi ubo rampinipun mboten nocoki dumateng panjenengan sedoyo
Kulo piyambak selaku pranoto acoro, nyuwun pangampunten mbok
bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan
sedoyo.. akhiru kalam, billahi taufiq walhidayah
Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai