Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr wb

 Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin, wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal


mursaliin Sayyidina wa maulana Muhammadin, wa’ala alihi wa’ashohbihi ajma’in,
 Asyhadu an laa ilaaha illallah, wa asyhaduanna Muhammadar Rasuulullah
 Allahumma shalli ‘ala sayyidina Muhammad, wa ‘ala ali sayyidina Muhammad
 Robbis shrohli shodri wa ya shirli amri wahlul uqdatammil lisaani yafkohu kauli, amma
ba’du.

Hadrotil muhtaromin, dhumateng para Alim, para Ulama, para Kyai, para Haji Hajjah, para
Ustadz Ustadzah lan sedaya jama’ah ingkang kawulo hormati, Wabil khusus dhumateng
panjenenganipun Al Mukarom Bapak K.H……………………. ingkang kawulo mulyaaken lan
kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun

Hadirin Hadiroh Rohimakumullah


Sepindah monggo kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampung maringi
pinten-pinten kenikmatan dhumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman wal islam, sahinggo
kito tansah saget kempal bermuwajahah lan silaturrakhim ing
Pengajian…………………………………. Ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo,
sumangga kito syukuri kanti maos Tahmid sesarengan……Alhamdulillahi Robbil alamin

Kaping kalihipun, sholawat soho salam mugi ka’atur dhumateng junjungan kulo lan panjenengan
sedaya, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kulo lan panjenengan sedaya tenggo-tenggo
syafa’atipun ing yaumul akhir lsn mugi-mugi kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget
dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafa’atipun, Amin2 Ya Robbal alamin

Hadirin Hadiroh Rohimakumullah


Sak derengipun acara Pengajian……………………………….kito bukak, kawulo bade
maosaken acara-acara ingkang bade kalampah meniko……..
Acara ingkang sepindah,…..
Acara ingkang kaping kalih,…….
Acara ingkang kaping tigo,……….
Acara ingkang kaping sekawan,………
Monggo kito bikak acara kanthi waosan Ummul Kitab………..
Maturnuwun…. Mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko,
amin ya robbal alamin……
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko……………………
Dhumateng panjenenganipun bapak…………………………..kawulo aturaken
Maturnuwun kawulo aturaken

Acara selajengipun, inggih meniko istirahat.


Dhumateng panitia kulo sumanggaaken
Sampun enten daharan lan unjukan, sumonggo didahar lan diunjuk, namung sakderengipun
monggo sami maos dongo sesarengan……………. Sumonggo…..

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidhoh khasanah lan doa, ingkang bade ka’asto deneng
Al Mukarom Bapak K.H……………………… Sakderengipun kulo selaku pembawa acara
pamit undur diri, katah kekhilafan lan kesalahan kulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron,
Wallahul Muwaafiq ila Aqwamith Thoriq…….. Wassalamu’alaikum wr wb
Dhumateng panjenenganipun Al Mukarom Bapak K.H…………. wekdal soho papan kawulo
sumanggaaken

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun diaturaken meniko saget
diamalaken lan bermanfaat kangge kulo lan jama’ah sedoyo…. Amiin ya robbal alamin
Sumonggo ingkang bade kondur, saking panitia ngaturaken sungeng kondur lan ngaturaken
maturnuwun ingkang katah sampun rawuh wonteng pengajian puniko……..

Anda mungkin juga menyukai