Anda di halaman 1dari 1

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين وعلى آله وصحبه أجمعين‬
‫أما بعد‬
Hadlrotal mukarromin poro alim Ulama ingkang kawulo ta’dzimi, wabil khusus panjenenganipun al mukarrom
bapak kyai Suhud ingkang kawulo dereaken. Panjenenganipun bapak kyai Zaenudin, bapak kyai thowil
Mahmud, bapak kyai Romidi lan kyai-kyai sanesipun lan ugi dumateng ibu-ibu nyai ingkang kawulo mulyaakan.
Soho dumateng sedoyo ibu muslimat, mba-mba lan adek-adek ingkang rawuh wonten ing meniko majelis
rohimakumulloh.

Pertama-tama monggo kito sesarengan muji syukur ngalembono dateng Allah SWT, ingkang sampun maringi
rohmat lan nikmatipun dateng kito sedoyo, sehinggo wonten ing sonten meniko kito saged makempal wonten
ing mushola miiftahul huda kangge nindaaken rutinan pengajian punopo dene yasinan ibu-ibu muslimat kanti
sehat wal afiat. Mugi-mugio perkempalan meniko ndadosaken ibadah silaturrohim Allohuma Amin.

Kaping kalihipun, sholawat lan salam mugo dipun aturaken dateng baginda nabi Muhammad SAW, mugi-mugio
kito sedoya saged angsal syafaat mbenjang wonten akhirat Allohuma Amin.

ibu-ibu muslimat, mba-mba, adek-adek ingkang kawulo mulyaaken

Kawulo teng mriki minongko pembagi wekdal bade maosaken adicoro ingkang bade lumampah wonten ing
sonten meniko.

Acara sepindah pembukaan, ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci al-Quran soho sholawat Nabi, kaping
tigo waosan asmaul husna, kaping sekawan waosan yasin lan tahllil, lan inkang terakhir mau’idzotuul hasanah
soho doa penutup.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken

Adicoro sepindah nuwun ninggih pembuko, monggo sareng-sareng kito buko acara meniko kanti waosan
ummul Kitab biridlo illah wabi syafa’ati rosulillah al fatihah…….

Ngancik adicoro ingkang kaping kalih nuwun ninggih waosan ayat-ayat suci al-Qur’an soho sholawat Nabi
ingkang bade dipun beto dening .............................., dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono kawulo
aturaken sumonggo……

Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matur nembah nuwun.

Ibu-ibu sedoyo ingkang dipun rohmati dening Allah

Ngancik adicoro ingkang kaping tigo nuwun ninggih waosan asmaul husna ingkang bade dipun imami dening
ibu.................., dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono kawulo aturaken sumonggo……

Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matur nembah nuwun.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken

Ngancik adicoro ingkang kaping sekawan nuwun ninggih waosan yasin lan tahlil ingkang bade dipun imami
dening ibu.................., dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono kawulo aturaken sumonggo……

Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matur nembah nuwun.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken

Kangge adicoro ingkang terakhir inggih meniko mau’idzotuul hasanah lan doa penutup ingkang bade dipun
aturaken dening ....................., nanging sa’derengipun kawulo minongko pembagi wekdal ngaturaken sedoyo
lepat kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami, cekap semanten saking kawulo

‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


Dumateng ........................... wekdal soho sasono kawulo aturaken sa’cekapipun sumonggo

Anda mungkin juga menyukai