Anda di halaman 1dari 2

TEKS MC ISRA’ MI’RAJ

Assalamu’alaikum Wr. Wb

‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين‬
‫اما بعد‬

( Bismillahirrahmanirrahim, Alhamdulillahirabbil’alamin, washolatu wassalamu ‘ala asyrofil amyai


walmursalin, sayyidina muhammadin wa’ala alihi wasahbihi ajma’in amma ba’du)

~Khadrotil muhtaromin, poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah
Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom ustadzah maratus
sholiha saking Pagedongan banjarnegara ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang
dados fatwa soho nasihatipun.

~Dumateng penjenenganipun Bapak Subadrin selaku kepala Desa Depok lan sak perangkatipun ingkang
kawulo hormati.

~Dumateng panjenenganipun Bapak Saryo selaku Ketua PHBI Desa Depok lan sak jajaranipun ingkang
kawulo hormati.

Langkung rumiyin,

Monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten pinten
kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget
bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim ing Acara Isra’ Mi'raj ingkang mboten wonten alangan
setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

sholawat soho salam mugio tansah katur dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, mugi mugi kanthi
kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin amin
ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah……

Sak derengipun adicara dipunlajengaken kawulo minangka muqosimul auqot bade maosaken
reroncening adicara ingkang bade kalampahan wonten ing wekdal ndalu sakpunika.

-Adicara ingkang angka setunggal, inggih punika pambuka

-dene, Adicara ingkang angka kalih,inggih punika waosan ayat-ayat suci al qur’an

-dene Adicara ingkang angka tigo, inggih punika sambutan-sambutan

-dene Adicara ingkang angka sekawan, acara inti, inggih punika NGAOS SARENG USTADZAH MARATUS
SHOLILAH sekaligus doa penutup
Acara ingkang angka setunggal inggih puniko pambuka,monggo adicara wonten ing dalu puniko kito
bikak sesarengan kanthi waosan Ummul Kitab. Ingkang kawula dherekaken

‫لرضا هللا تعالى ولشفاعة رسول هللا صلى هللا عليه وسلم‬

(liridoillahitangala wali syafa'ati rasulullillahi sholallohungalaihi wasallam) bisyiril fatihah

Matur nuwun, mugi mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun adicara meniko, amin ya
robbal alaim.

Adicara ingkang angka kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di pun asta
dening Ananda ……….kaliyan ………… dumateng ananda kekalih kawulo summanggaaken.

Para rawuh rahimakumullah, mekaten wau waosan ayat-ayat suci Al Quran sampun kalampahan. Mugi
mugi saged ndadosaken tambahing iman lan taqwa dumateng Allah Swt

Ndungkap adicara ingkang angka tigo, inggih meniko sambutan-sambutan

Sambutan ingkang angka setunggal, minangka laporan saking ketua PHBI desa depok, dhumateng
panjenenganipun bapak saryo wekdal lan panggenan kawula sumanggaaken.

Sambutan ingkang angka kalih, inggih punika sambutan saking Kepala Desa Depok, dhumateng
panjenenganipun bapak subadrin, wekdal saha panggenan kawula sumanggaaken

(kondisional)

Hadirin hadiroh Rahimakumullah, sakderengipun kito lajengaken, kasuwun dhumateng sedaya jamaah
kapareng midhangetaken sholawat ingkang badhe dipun asta dening grup sholawat mashoffa

Dhumateng grup sholawat mashoffa wekdal kasumonggoaken

Para rawuh ingkang kawula mulyaaken

Ndungkap adicara salajengipun, inggih menika adicara inti ngaos sareng USTADZAH MARATUS
SHOLIHAH Ananging, sakderengipun kito pidhangetaken pangaosan menika, kawula minangka
muqosimul auqot, sedaya kekhilafan kawula nyuwun agunging pangapunten .

Akhiron, wallahul muwaafiq laa aqwamith thoriq. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dhumateng panjenenganipun Bapak sareng USTADZAH MARATUS SHOLIHAH, wekdal kasumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai