Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum

Ingkang kawulo hormati abiya dalah keluarga, ingkang kawulo hormati lurah
ponpesma unsiq lan sedoyo pengurus,lan mboten kesupen rencang rencang ingkang kawula
tresnani.

Monggo kito panjatkan raos pujo dalah puji sukur wonten ngarsanipun Allah swt
ingkang sampun maringi pinten pinten rahmat, taufiq hidayah sooi inayahipun dumateng kito
sedoyo sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing adicoro muhadoroh kanthi
mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat dalah salam mugi mugi konjuk dumateng nabi Muhammad saw ingkang
mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kito raosaken sak
meniko,soho ingkang kito antu antu syafaatipun wonten yaumil qiyamah. Amin

Wonten mriki kito minengkani pranoto adicoro badhe maosaken sususnan adicoro
wonten dalu puniko

Adicoro ingkang sepindah inggih puniko,

1. Pembukaan
2. Waosan ayat suci alquran
3. Sambutan sambutan
4. Sholawat
5. Maungidotul Khasanah
6. Sholawat
7. Intissari
8. Doa
9. Penutup

Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pembukaan monggo adicoro wonten dalu
puniko kito buka kanthi waosan basmallah........

Kito lajengaken adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci
alquran, dumateng............. kulo sumanggaaken.

Meniko kolo wau waosan ayat suci alquran. Dumateng......................kawulo aturaken


maturnuwun.

Adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan sambutan

Sambutan ingkang kaping sepindah inggih puniko saking perwakilan majmuah,


dumateng................... kulo sumanggaaken.

Mekaten kolo wau sambutan saking.................. dumateng......... kawula aturaken


maturnuwun.
Sambutan ingkang kaping kalih inggih puniko saking lurah ponpesma unsiq.
Dumateng Mbk Kelip Prihatini kulo sumanggaaken.

Mekaten kolo wau sambutan saking mbak kelip prihatini. Dumateng mba kelip
kawulo aturaken maturnuwun.

Dilajengken adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko sholawat

Salajengipun adicoro inti inggih puniko maungidotul khasanah ingkang badhe dipun asto
dening ustadzah............saha ustadzah............. kulo sumanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken mugi mugi punupo ingkang sampun dipun aturaken
meniko saget bermanfaat.

Selajengipun adicoro ingkang kaping enem inggih puniko sholawat

Salajengipun intisari saking rencang rencang tingkat setunggul,kalih lan tigo.

Sumonggo mbak....... saking tingkat.....saget ngaturaken intisari.

Adicoro ingksng terskhir inggih puniko penutup, monggo adicoro ing dalu puniko
kito tutup kanthi waosan hamdalah. Mekaten saking kito minengkani pranoto adicoro menawi
wonten alur ingkang kirang mranani dumateng penggalih rencang rencang sedoyo kito
nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai