Anda di halaman 1dari 2

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫ أشهد أن‬.‫ االية‬.‫ الحمد هلل الذى قال في كتابه الكريم وجعل منها زوجها لتسكنوا إليها‬.‫أعوذ باهلل من الشيطان الرجيم بسم هللا الرحمن الرحيم‬
‫الإله إالهللا الواحد المعبود وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله اللهم صل وسلم على سيدنا وموالنا محمد وعلى اله وصحبه الطييبين ومن‬
‫ اما بعد‬.‫تبعهم‬.

Dumateng poro alim ulama’ ingkang tansah kulo hormai

Dumateng sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten

Dumateng shohibul hajjah ingkang kinurmatan.

Dumateng rerombongan pangambyong saking temanten putro ingkang minulyo. Khususipun Bapak
Khosimun ingkang dados talanging atur ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng
ingkang sinubo ing pakhurmatan

Poro rawuh, poro lenggah sedoyo ingkang kinurmatan

Nun inggih sakderengpun kulo nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid poro kadang
panekaring putro temanten kakung, mboten kekhilafan kulo ugi muji syukur wonten dalem Gusti
Purbaningrat, awit panjenengan sedoyo dalasan saperlu neepi darmaning gesang wonen madyoning
bebrayan ageng, ugi Gusti Ingkang Moho Kuoso ansah paring suko basuki rahayu ing sarwi ginayuh.

Sholawat saho salamipun Alloh SWT. Mugiyo tansah katur kunjuk dating Rosululloh SAW. Ingkang
sampun nyelametaken umat menungso saking margi ingkang sesat duugi ingkang leres.

Kulo minangkani wakil saking Bapak Karni. Sepindah ngaturaken pambagyo sugeng rawuh atas rawuh
penjenengan sedoyo kanthi ucapan ‫مرحبا أهال وسهال بحضوركم‬

Kaping kalihipun, nyuwun agunging pangapunten mbok bilih Bapak karni anggene paring papan
pinarakan soho papan pasugatan kirang nyekecakaken dating manah penjenengan sedoyo, nyuwun
agunging pangaksomo ingkang sak kathah-kathahipun.

Kaping tigonipun, kulo ingkang kajibah talanging atur Bapak karni, amargi saking Bapak Khosimun
sampun ngaturaken salam dating Bapak Karni, pramilo kulo jawab kanthi ucapan
‫عليه وعليكم السالم ورحمةهللا وبركاته‬

Sak lajengipun, keranten saking Bapak Khosimun sampun masrahaken putronipun dateng Bapak karni
kanthi pasrah bongkoan. Pramilo saking meniko, kulo tampi kanthi raos syukur bungahe penggalih,
kanthi ucapan

‫بسم هللا الرحمن الرحيم‬

Temanten kulo tampi kanthi asto kaleh, langsung dipun akoni dados putro. Pramilo saking meniko kulo
suwun pangestunipun mugi-mugi kulo saget ngramut soho ndidik ingkang sak sae-saenipun, sesuai
ajaran Islam amin.

Ugi mboten kesupen atas sedoyo ugo rampe ingkang sampun dipun beto lan dipun aturaken dateng
keluarga Bapak Karni, saking keluargo mboten saget paring piwales punopo-punopo, anamung
nyenyadong dumateng Alloh SWT. Mugiyo dipun wales kanthi tikel matikel

kalian dungo

‫جزا كم هللا احسن الجزاء‬

Menawi sedayaning sampun sumekto ing damel, sripenganten kekasih badhe kadaupaken, kulo tansah
tumadhah lumbering pangaksomo, karono kiranging subo sito, kalintuning boso sastro anggen kulo
matur, kalebet anggen kulo nampi panjenengan serombongan. Mewantu-wantu panyuwunipun Bapak
Ridho sarimbit mugi panjenengan dalah poro panagmbiyong penganten sedoyo kasuwun kanthisaget
keparing ngelajengaken suko pori soko anggenipun lelenggahan kanthimironggo ngantos dumugi
paripunaning pahargiyan meniko.

Minangkaning puputig rembag. Mbok bilih anggen kulo atur panampi meniko tasih kathah cicir cewet
kuciwaning atur soho kirang mraneni penggalih, kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo, wusono
kulo pungkasi

‫والسالم عليكم ورحمةهللا وبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai