Anda di halaman 1dari 6

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

‫ َوأ َ ْش َهدُ أ َ َّن‬،‫ار‬ ِ َ ‫ب اآلث‬ ُ ِ‫ َوأ َ ْش َهدُ أ َ ْن الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللا َوحْ دَهُ الَش َِريْكَ لَهُ كاَت‬،‫ار‬
َ ‫ص َر‬ْ َ ‫حر َم األ‬ َّ ‫ض الت َّ ْوبَةَ َو‬َ ‫ْال َح ْمدُ هلل الَّذِى فَ َر‬
ُ‫ أ َ َّما بَ ْعد‬.‫ار‬
ِ َ‫سادَةِ األ َ ْخي‬ َ ‫سلَّ َم َعلَ ْي ِه َو َعلَى آ ِل ِه َو‬
َ ‫صحْ ِب ِه ال‬ َ ‫صلَّى هللا َو‬ َ ،‫ار‬ ِ َ‫ص ْف َوة ُ األ َ ْخي‬
َ ُ‫س ْولُه‬ ُ ‫ ُم َح َّمدًا َع ْبدُهُ َو َر‬.

Langkung rumuyin, wonten ing saat puniko monggolah kito sesarengan ngaosaken
syukur dumateng Allah, kanti ucapan Alhamdulillah ing sak katah-katahipun, sebab
kelawan pitulung, hidayahipun, lan rahmatipun Allah, kito saget makempal wonten
ing ruangan puniko kanti sehat wal afiat.

Sholawat soho salam mugi-mugi terlimpah dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW
lan ugu lumeber dumateng keluarganipun, sohabatipun, lan umat ingkang purun
nglampahi syariatipun, lan mbenjang angsal syafaatipun wonten dinten kiyamat.
Amin.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati

Setunggaling ciri tiyang ingkang beriman dumateng gusti Allah lan Rosulipun inggih
puniko tiyang ingkang remen nyambung silaturahmi, sebab silaturahmi meniko
anjuran saking pangeran, kados dawuhipun kanjeng nabi Muhammad SAW:

ِ َ‫آلخ ِر فَ ْلي‬
” ُ‫ص ْل َر ِح َمه‬ َ ‫آلخ ِر فَ ْليُ ْك ِر ْم‬
ِ ْ‫ َو َم ْن َكانَ يُؤْ ِمنُ ِباهللِ َواْليَ ْو ِم ا‬,ُ‫ض ْيفَه‬ ِ ْ‫“ َم ْن َكانَ يُؤْ ِمنُ ِباهللِ َواْليَ ْو ِم ا‬

Artosipun:

"Sopo wonge ingkang iman dumateng Allah lan dinten akhir, mongko mulyaaken
tamunipun, lan sopo wonge ingkang beriman dumateng Allah lan dinten akhir
mongko tiyang puniko nyambung tali silaturahmi"

Kejawi mekaten, silaturahmi ugi nggadahi hikmah ingkang ageng sanget, hikmah
ngalmaphi silaturahmi inggih puniko bakal didowoaken umuripun, lan dipun
gampilaken rizkinipun saking Allah SW.

ِ َ‫سأ َ لَهُ فِى أَث َ ِر ِه فَ ْلي‬


” ُ‫ص ْل َر ِح َمه‬ َ ‫ط لَهُ فِى ِر ْزقِ ِه َويُ ْن‬ َ ‫“ َم ْن أ َ َحبَّ أ َ ْن يُ ْب‬
َ ‫س‬

Artosipun :

"Sopo wonge ingkang kepingin rizkine katah lan dowo umure, mongko
nglampahonono silaturahmi"

Poro rawuh sedoyo ingkang dirahmati Allah

Intinipun njalin tali silaturahmi inggih puniko kito ngurip-ngurip agamanipun Allah,
kanti menjalain tali pasaduluran dumateng podo-podo tiyang muslim, ugi saling
nyuwun pangapunten dumateng poro sedulur menawi wonten kesalahan lan
kehilafan.

Pramilo, monggo kito sebagai tiyang muslim ingkang iman kalaih pangerane lan
nabine ngatah-ngatahaken silaturahmi supados tali pasaduluran kito mboten putus,
mboten tugel, keranten sopo wonge seng medot tali paseduluran wong iku bakal
angsal doso ingkang gede.

Mekatenlah ingkang saget kawulo aturaken, mugi manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


PIDATO BAHASA JAWA TENTANG KEAGAMAAN

Assalamualaikum Wr.Wb.

Ingkang terhormat bapak kepala sekolah SMP IT MUTIARA IRSYADI

Ingkang terhormat Bapak sareng ibu guru

Ingkang kula hormati teman-teman sedaya

Kula panjataken puji lan syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun nyukani kesehatan
dumateng kula sedaya sehingga para dinten puniki kua masi saged kumpul lan sekolah teng
SMP mutiara irsyadi sholawat serta salam semoga tercurah dumateng jungjungan nabi kula
kanjeng nabi Muhammad saw sareng pengikut-pengikut hingga yaumil qiyamah, ingkang
sampun nerangi zaman semenjak zaman kebodohan dumugi zaman ingkang terang benderang
niki

Bapak / ibu guru ingkang kula hormati uga teman teman ku ingkang kula cintai, pendidikan
agama alangkah saene kula terapaken semenjak usia dini keranten ning usia maksi alit kita lebih
cepet menyerap pelajaran ketimbang kita belajar sesampune dewasa, bukankan pepatah
mengatakan belajar dari kecil bagai mengukir diatas batu, belajar sesudah dewasa bagai
mengukir diatas air

Atosipun tujuan pendidikan agama semenjak alit sebagai dasar keimanan kelak kangge masa
dewasa nanti sngguh sangat disayanganeknapabila pendidikan agama nembe disukaikakken
pada usia sampune dewasa, keranten bilih sampun dewasa apa malih sampun tua otak kita aken
sulit kangge nerima pelajaran-pelajaran.

Bapak / ibu guru ingkang kula hormati sareng sareng ngajak teng masyarakat terutama teng
keluarga kiyambek, sing usiane sampun melebet sekolah mangga di lebetaken sekolah, ukankah
bekal pendidikan lebih berharga daripada harta.

Namun semonten pidato saking kula bili wonten tutur kata ingkang lepak iku semata-mata
saking bener lan sae semata-mata saking Allah SWT,

Bilahi toufik walhidayah

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Contoh Pidato Bahasa Jawa Prakata Panitia Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW :

Ingkng kinurmatan rama kyai . Ingkang kito ajeng2 fatwanipun, ingkang kawulo hormati
sesepuh soho pini sepuh , ingkang kito ajeng2 wejangan2nipun. Dumateng Bpk kepala desa
saperangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun. Dumateng sedoyo hadirin/hadirat
kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.

Kanthi ngucapaken raos sukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah taala. Katitik
ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun
sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saged
angrawuhi lan makempal wonten ing masjid Miftahul Huda miriki.

Satemah ing ndalu punika kita saged makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti
dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2
konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Awit labuh labatipun sahengga agami Islam tuwuh angrembaka wonten ing zaman saniki, lan
Islam ingkang sampun kita rungkepi punika, mila kita saged ambentenaken perkawis ingkang
njlomprongaken lan perkawis ingkang nguntungaken.

Hadirin hadirat kaum muslimin muslimat Rahimmakumullah.

Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap
Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo
hangaturaken sewu2 agunging apnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya ingkang sampun
kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara punika.

Kula rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti ikhlas sampun
sesarengan hanyengkuyung kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad
SAW ing ndalu punika rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara
punika mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta
dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Mugi2 gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti ganjaran
ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin.

Para Bapak/ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan, sepisan malih
sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak ibu lan sederek
sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng hanyengkuyung wontenipun tata adicara
pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika.

Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging
samodra pangaksami, awit kula sakadang hangrumaosi bilih anggenipun hanggaturaken papan
palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya.

Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika, kiranging basa
kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur, Billahi taufiq wal hidayah ..
PIDATO PERINGATAN MAULID NABI

April 10, 2008

......

Hadratul Mukarromin, Poro Ulamaul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang
kulo hormati.

Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan
panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso,
ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang
ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun
sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo
saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman,
damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.

Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng
pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang
murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju
masa Islamiyah.

Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !

Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang
sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak
sahe-sahenipun. AMin

Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !

Berbicara tentang peringatan Maulid Nabi, meniko sampun boten terpandang asing wonten
kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu,
tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang
pemimpinipun.

Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses


perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju
zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji,
wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam
gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih
katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun.
Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir
dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum
agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah
kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat
wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken
seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti
wonten Al-Quran surat Al-Anbiya : 107

Ingkang artosipun :

Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam

Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !

Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito
nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan
minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge
mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken
amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah
sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan
melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun.
Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko
syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :

Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku

Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu

()

Rukunipun cinta meniko wonten tigo

1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban
cinta sia-sia.

2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten,
siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut

3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang
dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul
perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

La kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng
Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun
Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.

Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi.
Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang
dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko
sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafaatipun, benjang ing
dinten qiamat.

Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun
pangapunten.
CONTOH PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MIRAJ (SAMBUTAN KETUA
PANITIA)

Ingkang kinurmatan Bapak Lurah

Ingkang kinurmatan bapak Ketua Rt ,,,

Ingkang kinurmatan bapak ..

Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun menehi
kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra mira nabi agung
Muhammad saw. Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken puji syukur dhumateng gusti
Allah swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito sedoyo saget makempal wonten ing mriki,
sehingga wonteng ing ndalu niki kito tanda diwenehi kesehatan jasmanu ugi rohani kagem
ngringoaken ceramah agama kagem santapan rohani wontening acara Isro lan miroj nabi agung
Muhammad saw.

Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh
lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu
lan ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bpk ..
(ingkang badhe ngisi pengajian)

Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sawajare mangertos dumateng junjungan
nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan
takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng
Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado
larangan-laranganipun Allah swt.

Kawulo atas nami Ketua Panitia peringatan Isro lan mijob, ngarep-arep mugi-mugi ilmu
pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mijor meniko bener-bener dipun gateaken
dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang
sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.

Khususipun kagem Bapak . (ingkang isi ceramah) kawulo aturaken matur nuwun ingkang sanget
kagem keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan agama kagem kito sedoyo wonten ing
ndalu puniko, mugimugi amalipun saged dipun tampi dening Allah swt lan dipun paringi
ganjaran ingkang lipet.. amin

wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai