Anda di halaman 1dari 1

IKRAR HALAL BIHALAL

Assalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

Puji lan syukur wonten ing Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala,
ingkang sampun paring katah kanikmatan dumateng kita sedaya.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepaken dumateng junjungan kito,


Rosulullah Muhammad Shalallahu ‘ailaihi wa salam, para keluarga, para
sahabat, lan penderekipun ingkang tansah mituhu ajaranipun.

Ibu/Bapak/sederek sedaya ingkang kaula hormati, keparenga kula ing mriki


jumeneng ing ngarsa panjenengan sami, inggih awit saking keparengipun
bopo ketua takmir, kawula kapurih nderekaken panjenengan sedaya
ngaturaken ikrar halal bihalal wonten ing wekdal punika.

Monggo-monggo Kito maos ikrar halal bihalal sesarengan, kawula


dherekaken:

"Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa


asyhadu anna Muhammadarrasulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang


kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur
ing ngarsa panjenengan.
Dumateng ibu/bapak, sederek sedaya ingkang langkung enem lan
sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa
penjenengan.
Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi,
taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi
sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula
ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti
tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya
panjenengan paring pangapunten dumateng kula.
Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan kagungan kelepatan
dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosaken
pangapunten dumateng panjenengan sedaya. Mugi-mugi Gusti
Allah ngijabahi saha paring ampunan dumateng kita sedaya.
Aamiin Ya robbal ‘alamin."
Mekaten lan semanten ikrar halal bihalai ingkang kito aturaken. Katah lepat
saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksami.
Wabilahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa
barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai