Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

- Angudubilllahiminassitonirojim Bismillahirrohmanirohim
- Wabihinastanginu . . . . . .
- Kepareng matur dumateng poro Alim Ulama ingkang kulo takdzimi, sesepuh
pinisepuh ingkang kulo khormati linangkung dumateng panjenenganipun Bpk.
Ketua Ta’mir Masjid, dalah sedaya para rawuh ingkang boten saget kulo sebat
setunggal-setunggalipun ingkang satuhu kinormatan.
- Murwakani atur sumonggo panjenengan sedoyo kulo derekaken nginggahaken
raos syukur pangalemono kunjuk dateng Alloh SWT ingkang sampun paring
mapinten-pinten taufik, hidayah, nikmat sehat dalah rohmatipun sahinggo
wonten ing kalodangan dalu puniko kito saget kempal manunggal nyawiji
bermuwajah silaturahim wonten ing Srambi Masjid Al Muttaqien kanthi boten
wonten alangan satunggal punopo, pramilo monggo pun ikroraken kanti waosan
tahmid Alhamdulilllahirobil’alamin. Sholawat dalah salam kunjuk dumateng
Nabi Muhammad SAW ingkang dipun tenggo-tenggo safaatipun benjang wonten
ing yaumil qiyamah, aamiin..
- Sagung poro rawuh . . . .
Kulo ing mriki minongko wakil rencang-rencang Jamaah Tadarus ingkang
ongko sepisan ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pepanggihan kanti kulo
ikroraken Marhaban Ahlawasalam Bikhudorikum.
Ongko kalih matur agungung panuwun dumateng poro rawuh ingkang sampun
kasdu rawuh minangkani undangan saking sederek rencang-rencang Jamah
Tadarus.
Ongko tigo nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kulo dalah rencang-
rencang anggenipun nampi dalah ngalari rawuh panjenengan sedoyo kirang
trapsilo nyuwun pangapunten. Ugi mbok bilih samangkeh atur pasugatan
kirang nuju prono, kulo sak konco nyuwun pangapunten. Wondene kulo sak
konco tadarus ngaturi rawuh panjenengan sedoyo kagungan hajat Khotmil
Qur’an, ugi ingkang baken kagem makmuraken masjid ugi tolibil ngilmi
babakan murotal Al-Qur’an. Kasuwun poro Alim Ulomo kerso paring doa pamuji
mugi-mugi tansah pikantuk barokah anggen kulo sak konco setiap dintenipun,
ba’da maghrib dumugi isya’ saget istikomah, dipun tampi sedoyo amalipun
deneng Alloh SWT, amin Allohuma amiin.
- Mekaten lan semanten atur kulo, kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Kulo akhiri Allohuwafi Allohumintoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun ...

Anda mungkin juga menyukai