Anda di halaman 1dari 18

Assalamu’alaikum wr. wb.

Sinurung raos kepingin angluhuraken para


pepundhen saha angleluri budaya Jawa mirungganipun
ing Desa Paremono, kula kepingin ndherek urun. Urun
sumbangsih angaturaken sejarah dumadinipun Desa
Paremono miwah sara silah Eyang Kyai Ageng
Karotangan, Eyang Kyai Jomblang menopo dene Eyang
Patih Sindurejo ingkang sedaya para ngaluhur wae
sumare wonten ing Hastana Ageng Paremono.
Pangajaping manah mugi-mugi buku punika
sekedhik migunani tuumraping para maos saha mugi
sageta dados obor dhumateng para putra wayah ingkang
kepingin mangertosi para luhur priyagung ingkang
sumare wonten ing Paremono.
Tentu kemawon kathah kekirangan wonten ing
panganggiting buku punika, ingkang menika kula
nyuwun agunging pangaksama saha nyuwun panyaruwe
murh saenipun buku punika salajangipun
Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Paremono, 7 Oktober 2016


Penyusun

Ki Trisulo Pranoto Sudarmo

Purwaka
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Riwayat
Hastana Ageng Pager Gunung
Paremono

Raden Bagus Bancer asma nalika maksih timur


Eyang Kyai Ageng Karotangan, menika salah
satunggalipun putranipun Kyai Ageng Nis saking
Laweyan Solo ingkang kalebet wewengkoning
Kasultanan Pajang wonten ing abad 15 (Tahun
Jawa).
Pindhanipun taneman ingkang sampun medal
wohipun, sak derengipun ngrembak perkawis sae
saha ecane raos woh kala wau prayoganipun ugi
kedah mangertosi mula bukanipun wiji ingkang saget
ngasilaken woh/buah ingkang sakelangkung endah
lan eca raosipun. Menawi sesekaran kejawi edi endah
warnanipun ugi angganda amrik angambar arum
ingkang tuhu angresepaken ing pandulu amilangoni.
Raden Bagus Bancer ingkang ugi misuwur
kanthi asesilih asma Kyai Ageng Karotangan lan ugi
kondhang asma Kyai Ageng Pagergunung maksih
trah saking Sang Prabu Browijoyo ingkang
pungkasan nalendra ing Mojopahit/Majapahit. Murih
para maos sutresna saget gamblang dhateng sejarah
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
silsilah ingkang kapurwakan saking Prabu
Browijoyo/Brawijaya ingkang pungkasan.

Prabu Brawijaya ingkang pungkasan kagungan


garwa ingkang asma Dewi Kemaya peputra Raden
Bondan Gejawan. Dewi Kemaya seda konduran
nalika nglahiraken Raden Bondan Gejawan,
salajengipun Raden Bondan Gejawan dening Sang
Prabu Brawijaya ingkang nalika semanten Raden
Bondan Gejawan maksih bayi dipun titipaken
dhateng Ki Juru Sabin (menawi sakmenika Menteri
Pertanian) saha kadhawuhan ngaken putra. Sak
sampunipun Raden Bondan Gejawan yuswa
ndungkap akhir dewasa dipun titipaken/dipun
gurokaken dhumateng Ki Ageng Tarub II ugi
ingkang asma Raden Kidang Telangkas murih dipun
gegulang ing babagan olah kanuragan, jaya
kawijayan, guna kasantikan miwah pangolahing
batas. Rehning dangu Raden Bondan Gejawan
anggenipun ndherek dhumateng Ki Ageng Tarub II,
ing wusananipun malah lajeng kapundhut dados
putra mantu dhaup kalihan Dewi Nawangsih lajeng
kasebat Ki Ageng Tarub III lan ugi kaparingan asma
Raden Lembu Peteng.
Raden Bondan Gejawan kalihan Dewi
Nawangsih peputra Raden Gelar Pandawa utawi
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Raden Getas Pandawa. Sak sampunipun yuswa akhir
dewasa Raden Gelar Pandawa mundhut garwa putri
saking Ponorogo putranipun Kanjeng Adipati Batora
Katong ingkang ugi maksih putranipun Sang Prabu
Browijoyo IV.

Raden Gelar Pandawa kalihan putri Ponorogo


peputra Ki Ageng Selo/Kyai Ageng Sela, mila
sinebat Ki Ageng Selo jalaran lenggahipun wonten
Desa Selo wewengkon Kabupaten Grobogan
Purwodadi. Ki Ageng Selo mundhut garwa putri
saking Sumedang ingkang maksih wayahipun Ratu
Dworowati (putri Cempa). Kyai Ageng Selo lan
Adipati Notoprojo (Raden Patah) sami-sami dados
putra siswanipun Kanjeng Sunan Kalijogo, mila
antawisipun Kyai Ageng Selo kalihan Adipati
Notoprojo sakelangkung rumaket anggenipun
kekadangan ngantos Kyai Ageng Selo dipun angkat
dados penasehat/param para pribadi dening Kanjeng
Adipati Notoprojo/Raden Patah, adipati ing Bintoro
Demak.
Kyai Ageng Selo kalihan putri Sumedang
peputra Ki Ageng Nis utawi Kyai Ageng Nis ingkang
sumare ing Hastana Laweyan Solo. Nalika ing jaman
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Kasultanan Pajang wonten ing abad 15 lan ingkang
jumeneng Sultan Hadi Wijoyo (Mas Karebet, Joko
Tingkir), Kyai Ageng Nis ingkang mrangkani
minangka Patih lan mbok bilih ingkang agelar Patih
Pramonco Nagoro. Saking sumber sejarah ingkang
penulis tampi bilih putranipun Kyai Ageng Nis
wonten 3 (tiga).

Putra ingkang pambayun asesilih nami Bagus


Kacung ingkang lajeng katelah Ki Pemanahan,
ingkang panggulu kanthi asma Penjawi (putra
angkat) lan ingkang wuragil asma Bagus Bancer.
Bagus Kacung saha saha panjawi sak sampunipun
akhir dewasa lajeng magang prajurit wonten ing
Kasultanan Pajang. Nalikanipun tuwuh pasulayan
antawisipun Sultan Hadi Wijoyo ing Pajang kalihan
Adipati ing Jipang Panolan, Haryo Penangsang,
Kanjeng Sultan Hadi Wijoyo ngawontenaken
sayembara ingkang isinipun giri patembaya : “ Sak
sintena kemawon ingkang saget merjaya/nyedani
dhateng Adipati Harya Penangsang badhe keparingan
Alas Mentaok saha bumi Pati”. Pemanahan saha
Penjawi ndherek mupu sayembara dalem Kanjeng
Sultan Hadi Wijoyo, dene Danang Sutowijoyo ugi
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
dipun keparengaken majeng wonten ing rananggana
kanthi pusaka Kyai Plered. Kanthi iguh
pamrayoginipun Ki Juru Martani akhiripuun Adipati
Harya Penangsang saget dipun sedani kenging
tombak Kanjeng Kyai Plered ngantos mobrol
jaringanipun dening Ngabehi Loring Pasar/Danang
Sutowijoyo, meniko dumadi wonten ing tahun 1527
(Tahun Jawa). Salajengipun Pemanahan kaparingan
wana Mentaok dene Penjawi kaparingan bumi Pati.

Sak sampunipun Ki Ageng Pemanahan nampi


lilah dalem Kanjeng Sultan Hadi Wijoyo wusana Ki
Ageng Pemanahan bidhal dhateng Mentaok.
Kulawarga ingkang ndherek dhateng wana Mentaok
inggih menika Raden Ngabehi Loring Pasar, Raden
Dadap Tulis, Tumenggung Mayang, Nyi Ageng Nis
saha Ki Ageng Juru Martani, menika dumados ing
dinten Kamis Pon suryo kaping 3 Robi’ulakhir warsa
Jimawal 1531 (Tahun Jawa). Kyai Ageng
Pemanahan lajeng sinebat Kyai Ageng Mataram.
Mboten dangu Kyai Ageng Pemanahan/Kyai Ageng
Mataram nandhang gerah lajeng seda ing dinten
Senin Pon suryo kaping 27 Ruwah ing warsa 1535
(Tahun Jawa) kasareaken wonten ing Hastana Kota
Gede.
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
“ Hastana Kota Gede Mataram “
~Ingkang pokok ~
1. Nyai Ageng Nis
2. Panembahan Djojo Prono
3. Sinuhun Hadi Widjojo
4. Kyai Ageng Pemanahan
5. Nyai Ageng Mataram
6. Nyai Ageng Pati
7. Kyai Ageng Djuru Martani
8. Kandjeng Panembahan Senopati
9. Panembahan Gagak Boning
10. Kandjeng Ratu Kalinjamat
11. Kandjeng Ratu Retno Dumilah
12. Kjai Wonobojo Mangir

Sak surutipun Kyai Ageng Mataram lajeng Ngabehi


Loring Pasar winisuda nggumantos ramanipun kanthi
ajejuluk Pangeran Haryo Mataram Senopati Pupuh,
menika dumadosipun ing warsa 1540 (Tahun Jawa).
Ingkang sak lajengipun wonten tahun 1551
Pangeran Haryo Mataram Senopati Pupuh jumeneng
nalendra ing Mataram ajejuluk Kanjeng Panembahan
Senopati ing Ngalogo ingkang ngwaosi tanah Jawa.
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Kanjeng Panembahan Senopati ing Ngalogo seda ing
dinten Jum’at Kliwon Asyuro warsa 1553 (Tahun
Jawa) lan dipun sarekaken wonten ing Hastana
Ageng Kotagede.
Wangsul dhumateng sarining sejarah ingkang
sinanggit wonten ing buku puniko nun inggih sara
silah Raden Bagus Bancer ingkang lajeng kasub
kanthi asma Kyai Ageng Karotangan ugi katelah
Kyai Ageng Pagergunung. Naliko Kyai Ageng
Mataram murwakani babat alas Mentaok, Raden
Bagus Bancer ugi caos bebantu ndherek babat wana
saking Mentaok arah
mengaler tumuju ing alas Kedu ing sukuning redi
Tidar ingkang sinebat Pakuning Tanah Jawa.
Raden Bagus Bancer ugi ingkang sinebat Kyai
Ageng Karotangan lan ugi kagungan asma Kyai
Ageng Pagergunung satuhu satriya ingkang luhur
bebudayanipun, asih dhumateng sesamining dumadi
saha kasinungan kadigdayan ingkang linangkung,
paribasanipun satriya ingkang sekti mahambara ora
tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda, tatag
tangguh tanggon datan mingkuh salwiring kewuh,
pramila anggenipun babat wana Kedu mboten
ngginakaken landheping dedamel ananging ngagem
aji pamungkas ingkang andayani asta kalih kalihipun
pindha didamel ingkang sakalangkung landhep, mila
lajeng kasebat Kyai Ageng Karotangan jalaran
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
anggenipun mbabati wangina/wit namung ngagem
asta wantah mboten ngagem kampak utawi wadung,
dene pusakanipun awujud Kudi, ingkang ampuhipun
magila-gila bebasanipun dipun acungaken gunung
jugrug dipun acungaken segara asat. Raden Bagus
Bancer utawi Kyai Ageng Karotangan ing babagan
agami Islam ugi sanget mumpuni amrgi
panjenenganipun putra siswanipun Kanjeng Sunan
Kalijogo.
Raden Bagus Bancer nalikanipun babat wana
Kedu sampun dumugi wonten ing wana Kedu iring
wetan ing sakilening lepen Pabelan lan sakwetaning
lepen Elo kepareng kendel ngasokaken salira wonten
ing sak nginggiling gumuk utawi punthuk ingkang
sinebat/nami Pager Gunung. Raden Bagus Bancer
rumaos kesengsem
penggalihipun mriksani sesawangan saking sak
nginggiling Pager Gunung.
Ing keblat utara/ler ketingal redi Merapi saha
Merbabu ing ketingal edi endah milangoni
sumundhuling ngawiyat anedahaken agunging
ingkang hanyipta nun inggih Alloh SWT. Saking
keblat purwa/wetan saha keblat pracimo/kilen
kapireng suwanten kumriciking warih lepen Kuning
saha lepen Kunjang ingkang damel tentreming
penggalih. Ing keblat duksina/kidul samar-samar
Candhi Borobudur tilaranipun kakek moyang
ingkang kalebet dados kaelokaning jagad. Raden
Bagus Bancer salajengipun kepareng dhedhukuh
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
wonten ing Pager Gunung mila lajeng sinebat Kyai
Ageng Pager Gunung.
Raden Bagus Bancer anggenipun babat wana
Kedu ngantos dumugi ing sak lering redi Tidar.
Asma Karo Tangan karana anggenipun babat wana
mboten ngginaaken dedamel kados dene kampak,
pethel, lading, wadung, graji, lsp, nangng namung
ngagem tangan kalih (karo tangan) lan ugi datan
rowang utawi tanpa kanca. Sak sampunipun Raden
Bagus Bancer ugi ingkang sinebat Kyai Ageng Pager
Gunung lan ugi ingkang misuwur kanthi asma Kyai
Ageng Karo Tangan kondur dhateng Pager Gunung
ing sak lebeting penggalih rumaos cingak priksa ing
Pager Gunung lan sak kiwo tengenipun sampun
dados pasabinan ingkang sampun dipun tanemi wit
pari ingkang nedhengipun remuning, mila menami
sinawang saking mandrawa utawi dipun tingali
saking katebihan bumi Pager Gunung kadya
ginelaran ing babut jenar ingkang tinaretes ing
sesotya
nawa retna, ketingal pating pencurat katempuhing
Sang Bagaskoro utawi srengenge
Naliko semanten wonten ing sabin sak
wetaning lepen Kuning sak celaking udal Combrang,
Kyai Ageng Karotangan ingkang kotemben nliti
kawontenan ing pasabinan pinanggih kaliyan
satunggaling pawongan ingkang nengga pari nami
Kyai Jomblang. Inggih Kyai Jomblang menika
ingkang murwakani utawi ngawiti nanem pari ing
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Pager Gunung lan sakiwo tengenipun. Karana
nalikanipun Kyai Ageng Karotangan nilaraken Pager
Gunung nglajengaken babat wana Kedu ngilen
mangaler ngantos dumugi ing desa Wates ing Pager
Gunung dereng wonten pari, lajeng sak sampunipun
kondur kawontenan ing Pager Gunung sampun
wonten pari, pramila Kyai Ageng Karotangan
kepareng paring nami Pager Gunung dados desa Ono
Pari, rebah dados desa Pari Ono, lajeng rebah malih
dados desa Parimono, lajeng ing 70’an nami
Parimono rebah malih dados Paremono. Estunipun
nami Paremono meniko sampun mlenceng saking
sejarah asal usul nami desa Ono Pari ngantos nami
desa Parimono ingkang dhasaripun mendhet nami
“Pari” saner “Pare”.
Sumbering sejarah punika saking
panjenenganipun Eyang Sastro Demejo, salah
satunggaling sesepuh ingkang
sampun lenggah jejering param para ing desa
Paremono lumantar putra putrinipun ingkang asesilih
asma Nyi Muslichah Iman Diharjo lan ugi sumber
saking panjenenganipun Ki Kabul Darmo Wasito,
salah satunggaling sastrawan, budayawan lan ugi
sejarawan Paremono, lan ugi satunggaling dwija
ingkang murwakani mbikak pawiyatan andhap
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
inggih punika Sekolah Rakyat (SR) Parimono I
kirang langkung tahun 50’an, ingkang nalika
semanten nadyan Indonesia sampun mardika
ananging kawontenanipun dereng aman.
Raden Bagus Bancer ugi ingkang asma Kyai
Ageng Karotangan kepareng mundhut garwa
putranipun Kyai Jomblang lan kagungan putra 3
(tiga) cacahipun. Ingkang pambayun (mbajeng)
asesilih asma Raden Bagus Windu, ingkang
panggulu (nomer kalih) asma Raden Bagus Sindu,
dene ingkang wuragil musna utawi ical nalika
maksih wonten gurwa garbanipun Nyi Ageng
Karotangan.
Kadadosan-kadadosan ingang mirunggan ing
desa Paremono sakiwo tengenipun ngantos dumugi
ing tahun kalih ewunan, saben-saben Paremono badhe
ngawontenaken Upacara Sadranan/Nyadran wonten
ing Hastana Ageng Paremono temtu wonten angin
ribut, udan angin utawi jawah ingkang satuhu damel
kekesing manah jalaran kathah kekayon ingkang sami
rungkat utawi ambruk jalaran wontenipun jawah
ageng (udan barat). Midherek ngendikanipun para sepuh bilih udan barat
menika pratandha menawi putranipun Kyai Ageng
Karotangan ingkang wuragil rawuh wonten ing
Paremono (Eyang Bau Rekso), dene leres soho
botenipun nyumanggakaken jalaran ingkang priksa
namung Alloh SWT.
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Raden Bagus Windu murut dhumatengn
kasedan jati kalebet maksih yuswa timur saha
kasarekaken wonten ing Hastan Ageng Paremono.
Nyai Ageng soho Kyai Ageng Karotangan ageng
tresnanipun dhateng Raden Bagus Sindu, malah
eyangipun ingkang sesilih asma Kyai Ageng Nis,
ingkang lenggah pidalem wonten ing Laweyan ugi
sanget tresnanipun dhumateng Raden Bagus Sindu.
Dening ingkang rama saha eyangipun Raden Bagus
Singu tansah dipun gegulang ing olah kanuragan
saha dipun weleg ing olah kebatosan jaya kawijayan
guna kasantikan, sahengga Raden Bagus Sindu dados
satriya ingkang digdaya sekti mandraguna ora tedhas
tapak paluning pandhe sisaning gurinda bebasanipun
saget njaring lakuning angin lan bisa ngemperi jagad
kawimbuhan dedeg pideksa bagus pasunyanipun.
Nalika semanten ing negari Kartosuro nun
inggih Kanjeng Susuhunan Amangkurat Agung
ngawontenaken giri patembaya ingkang isinipun
sayembara : “ bilih sak sintena ingkang saget
ngaturaken Sekar Cangkok Wijoyo Kusumo badhe
dipun paringi kalenggahan inggil minangka nara
praja ing Kartosuro”.

Raden Bagus Sindu dening ramanipun


nuninggih Kyai Ageng Karotangan saha dipun
sengkuyung dening eyangipun inggih menika Kyai
Ageng Nis kadhawuhan ndherek mupu sayembara
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
saha kadhawuhan nyuwun lilah saha pangestu
dhateng Kanjeng Sunan Kali Djogo, kinarya lampah
anggenipun tapa brata ngupadi wonten pundi papan
dunungipun Sekar Cangkok Wijoyo Kusumo. Dening
Kyai Ageng Karotangan, Raden Bagus Sindu
kadhawuhan ngetutaken lampahing kambangan
jambul warna seta 11 cacahipun. Lampahing
kambangan terus mangidul mangilen ngantos dumugi
ing gisiking Pulau Brambang lan samangke nami
Nusa Kambangan nembe kendel. Mbok bilih sampun
dados keparengipun Gusti Ingkang Murbeng
Dumadi/Gusti Alloh, nalikanipun Raden Bagus
Sindu ngasokaken salira kanthi sendhe-sendhe ing
sela gilang sak bakdanipun nindakaken Shalat Asar.
Wonten ing salah satunggaling gumuk, Raden Bagus
Sindu priksa salah satunggaling sekar ingkang
sakelangkung endah saha mawa cahya. Wonten ing
sak lebeting batos Raden Bagus Sindu mesthekaken
bilih menika ingkang winastan Sekar Wijoyo
Kusumo ingkang dipun kersakaken dening Kanjeng
Susuhunan Amangkurat Agung ing Kartosuro.
Rehning sagetipun nyaketi Sekar Wijoyo
Kusumo kedah nyabrang segaten, pramila Raden
Bagus Sindu pados cara kados pundi sagetipun
nyabrang jalaran mboten wonten baita utawi prahu.
Wusana Raden Bagus Sindu lajeng mohong dhateng
Gusti Ingkang Murbeng Dumadi kanthi Bismillah
hirrohmannirrohim sinartan
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
mlendhungaken undhengipun kagem nglangi bebasanipun ora tedhas tapak paluning pandhe
nyabrang seganten. Sak sampunipun saget nyaketi sisaning gurinda, ing wusana Raden Tumenggung
Sekar Wijoyo Kusumo ingkang mengku Sindurejo dening Kanjeng Sunan Amangkurat Agung
prabowo ageng, kanthi nyebut asma dalem kasekakaken ngaluhur minangka pepatih dalem
Alloh SWT, Sekar Wijoyo Kusumo tumunten ing Kartosuro
dipun pethik. Sak sampunipun Sekar Wijoyo
Kusumo sampun wonten astanipun Raden Bagus
Sindu, samangke radi keweran anggenipun ngasta
jalaran kedah nyabrang seganten malih, kuwatos
menawi sekaripun ngantos risak. Akhiripun
cangkokipun Sekar Wijoyo Kusumo dipun dhahar,
dene sekaripun kanthi dipun slempetaken wonten
talingan lajeng nyebrang ngginakaken udhengipun
malih wilujeng dumugi gisiking Samudra Cilacap.
Sak lajengipun Sekar Wijoyo Kusumo tumunten
dipun sowanaken wonten ing Kasunanan Kartosuro
wonten ngarsanipun Kanjeng Sunang Amangkurat
Agung.
Jumbuh kalihan wecaning Sang Bumi Noto
Kanjeng Sunan Amangkurat Agung, Raden Bagus
Sindu tumunten kawisuda saha kaparingan
kalenggahan kanthi pangkat Tumenggung saha asma
Sindurejo. Karana Raden Tumenggung Sindurejo
salah satunggaling priyagung ingkang satuhu limpat
ing babagan olah kaprajan ugi jejering senopati
ingkang cukat trampil trengginas dhateng olah
kridhaning aprang pangolahing dedamel sinartan
kasinungan kadigdayan ingkang linangkung,
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
Sak sedanipun Kanjeng Sunan Amangkurat
Agung ingkang jumeneng Nata ing Kraton Kartosuro
inggih menika putranipun ingkang ajejuluk
Susuhunan Amangkurat Amral ingkang nalika
timuripun asma Pangeran Tejaningrat, dene ingkang
jumeneng patih maksih Raden Adipati Sindurejo I.
kanthi gelar Patih Sindurejo apangkat Raden Adipati Wangsul dhateng Kyai Ageng Pager Gunung
Sindurejo, lan ugi kaparingan triman putri utawi Kyai Ageng Karotangan inggih pun
dalem Kanjeng Sunan Amamngkurat Agung kanthi Raden
gelar asma Gusti Raden Ayu Sindurejo lan peputra
Raden Mas Gerit ugi asma Raden Tumenggung
Sindurejo II ingkang lenggah minangka nara praja
kanthi pangkat Bupati Nayaka keparak ing Kraton
Surakarta, samangke sumare wonten ing Hastana
Ageng Paremono wonten sak ngandhapipun ingkang
rama inggih menika Patih Sindurejo I.
Wonten ing ngriki perlu kuloaturaken murih
para putra wayah saget gamblang, biluh Sinuhun
Amangkurat Agung jumeneng Nata nggantos
ramanipun inggih menika Kanjeng Sultan Agung
Hanyokro Kusumo ing dinten Rabu legi wulan Sapar
tahun 1578 (tahun jawi). Dereng dangu anggenipun
jumeneng Nata lajeng tuwuh kraman Trunojoyo
ngantos Sinuhun Amangkurat Agung nglerek dumugi
ing Tegal ngantos dumugi sedanipun amrengi dinten
Ahad kliwon suryo kaping 21 Jumadilakir tahun
1601 (tahun jawi) lan sumare wonten ing Hastana
Tegal Arum Kabupaten Tegal.
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
jejeging adil sinartan hangayomi dhumateng saguung
kawula dasih. Kejawi saking punika wit Gandhek
utawi wit Nagasari kenging kinarya pratandha, bilih
Hastana utawi Pasareyan ingkang wonten witipun
Gandhek saget dipun pesthekaken bilih ing ngriku
wonten pasareanipun trahing ngaluhur pengembating
praja ing jaman Kerajaan Islam utaminipun,
kawiwitan Kasultanan Demak Bintoro.
Raden Adipati Sindurejo/Patih Sindurejo sak
sampunipun lereh saking kalenggahan Patih lajeng
Bagus Bancer, wonten abad 15 ndungkap abad 16 kondur dhateng Pager Gunung/Paremono kalihan
(tahun jawi) panjenenganipun kepareng ngadani yasa
pasareyan/Hastana wonten ing iring kidulipun dalem
ageng lan sak ngandhapipun Mushola kanthi
pangajab murih ing tembenipun putra wayah saget
ndherek wonten ing ngriku, katelah nami Pasareyan
Ageng Pager Gunung la samangke dipun paringi
tenger Hastana Agung Paremono. Kyai Ageng
Karotangan seda ing tahun 1595 saha dipun
sarekaken ing Hastana Ageng Paremono dusun
Trojayan.
Wonten ing salebeting Hastan Ageng
Paremono wonten taneman ingkang sanget
mirunggan ingkang nami wit Gandhek utawai
Nagasari ingkang umuripun kirang langkung sampun
400 tahun. Gandhek mengku werdi utusaning
Nalendra utawi Ratu ingkang hangemban jejibahan
luhur “Hamemayu Hayuning Bawana” hambabar
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono
9. Raden Tumenggung Mondoroko II (seda ing
tahun 1625)
10. Kleting-kleting 4 cacahipun
11. Raden Sukro
Karana maksih kathah makam ingkang dereng saget
dipun mangertosi, pramila penulis tansah tumadhah
kritik/saran ingkang sifatipun membangun, datan
kekilapan sagung kekirangan saha kalepatan muugi
diagung ing pangaksama.
Penget ! Bilih Desa Paremono saha Hastana
Ageng Paremono kabangun ing abad 15
ndungkap abad 16 dening Kyai Ageng
garwa miwah putra wayah lan saperangan para Karotangan.
pendherek ingkang sedaya jumlahipun
kirang langkung 70 (pitung dasa) minangka cikal
bakal warga Paremono lan sakiwa tengenipun.
Ingkang sumare wonten ing Hastan Ageng
Paremono ingkang pokok :
1. Kyai Ageng Karotangan
2. Kyai Jomblang
3. Bagus Windu
4. Nyai Bagus Windu
5. Raden Adipati Sindurejo/Patih Sindurejo I
6. Gusti Raden Ayu Sindurejo
7. Raden Tumenggung Sindurejo II/Raden Mas
Gerit
8. Raden Ayu Sindurejo
Hastana Ageng Pager Gunung Paremono

Anda mungkin juga menyukai