Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum warrohmatullohi wabarrokaatuh...

Wabihii nasta’inuu ‘ala ummuriddunya waddin, assholatu wassalamu ‘alaa asyrofil


anbiyaa’i wal mursaliin, wa’ala alihii washohbihi wabarroka wassalam ajma’iin.

Dumateng poro sepuh pinisepuh ingkang satuhu kinormatan, dumateng Romo


Kyai ................. saking tlatah ................ ingkang tansah kito antu-antu rawuhipun, soho pitutur-
pituturipun mboten supe ugi sami-sami kito antu-antu sedoyo doa-doa nipun. Dumateng Bp.
Kyai Ahmad Mustholih Al-Hafidz dalah ibu Nyai ingkang tansah kio dereki tindak langkahipun.
Ugi dumateng sedoyo ‘Alim ulama’ poro Kyai lintunipun dalah ibu nyai ingkang mboten saged
kawulo sebut asmo karimipun setunggal mboko setunggal. Dumateng bp. Kepala Desa
SOMOREJO nun injih Bp. Supangat dalah sedoyo perangkatipun ingkang kito hormati lan sami-
sami kito dereki menggahing pemerintahan Desa puniko.

Pujo-puji soho raos syukur kito sumonggo tansah kito konjukkaken wonten ngarso dalem
Alloh SWT awit saking paringipun Kanikmatan, Kaberkahan, Karohmatan, sahinnggo kito saged
ngrawuhi Pengaosan ing dalu puniko kanthi sehat, lan mboen wonten aral sak tunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi tansah kito konjukkaken dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang sami-sami kito antu-antu syafaatiun mbenjang wonten yaumil
qiyamah.

Punten dalem sewu, kawulo cumanthoko sumantono nerak subo sito mewah gempil
kamardikan handiko sami, hanamung netepi darmaning wajib saking kadang Panita Pengetan
Isro’ wa Mi’roj Nabi Muhammad SAW Muholla At-Taqwa Dusun Mejing.

Konjuk poro rawuh sedoyo, ingkang sepisan kawulo aturaken sugeng rawuh dalah
sugeng lenggah. Ingkang kaping kalih, kawulo ngaturaken sedoyo kalepatan mbok bilih
anggenipun kadang panitia caos papan palenggahan soho samukawisipun kirang sak traju
kaliyan kalenggahan wonten ing dalem panjenengan sedoyo, estu sedoyo kadang panitia
lumantar kawulo, nyuwun agunging samudro pangaksomo. Ingkang kaping tigo kulo ngaturaken
agunging panuwun dumateng sedoyo warga Rw 06 khususipun lan dumateng sedoyo Masyarakat
Desa Somorejo umumipun, ingkang sampun paring pambiantu awujud punopo kemawon,
sahinggo adicoro dalu puniko saged kalaksanan kanthi sae lan mugi-mugi mboten wonten aral
satunggal punopo. Mugi-mugi amal sae kulo panjenengan saged katampi Alloh SWT lan
dadosaken amal sae mbenjing wonten akhirat sak mangke.

Poro rawuh sedoyo kemawon, mbok bilih cekap semanten lan mekaten atur kadang
panitia lumantar kawulo, saking kawulo pribadi mbok bilih wonten klenta-klentuning atur malah
dumawah lepat ing totokrami, estu kawulo nyuwun agunging sih samudro pangaksomo.

Wassalamu’alaikum warrohmatullohi wabarrokatuuh....

Anda mungkin juga menyukai